SOLOPOS.COM - Ki Sugeng Subagya, Pamong Ibu Pawiyatan Tamansiswa

Ki Sugeng Subagya, Pamong Ibu Pawiyatan Tamansiswa

Trisulawedha kalebet peranganing jangka Jayabaya. Piwucal ingkang kamot ing Trisulawedha inggih punika watak budi luhur  ingkang baku, inggih punika  jejeg, bener lan jujur.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Makaten jangkeping seratan jangka Jayabaya pupuh 164; Putra kinasih swargi kang jumeneng ing gunung Lawu. Hiya yayi Bethara Mukti, hiya Krisna, hiya Herumukti. Mumpuni sakabehing laku. Nugel tanah Jawa kaping pindho. Ngerahake jin setan, kumara prewangan, para lelembut ke bawah perintah saeka praya, kinen ambantu manungsa Jawa padha asesanti Trisulawedha. Landhepe triniji suci. Bener, jejeg, jujur. Kadherekake Sabdapalon lan Nayagenggong.

Dados, menawi ginerba, gesang ing masarakat makaten kedah linambaran watak jejeg, bener lan jujur. Jejeg anggenipun cepengan dhateng tuntunan agami suci, bener anggenipun tumindak adhedhasar ukum negari, saha jujur sadhengah tumindak ing sesrawungan bebrayan.

Menawi watak trisulawedha dipuntindakaken dening para pangarsaning negari lan andhahanipun, katentremaning negari enggal badhe dados kasunyatan. Tumindak ingkang jejeg, bener, lan jujur, dados piranti ndhuwa tumindak culika kados dene korupsi, kolusi lan nepotisme ingkang nembe mratah kados ing wekdal punika.

Wedharing falsafah trisulawedha saged dipunmaknani dados peranganing watak wantu saha tindak tanduk bebrayan mranata bangsa lan negari. Ngudi kemajenganing bangsa lan negari kanti ngadani pembangunan ingkang linambaran wawasan budaya tumuju tumataning kawontenan inkang asipat global. Tegesipun, sanadyan ing samangke Indonesia dados bangsa ingkang majeng, pinunjul yen tinandhingaken lumawan bangsa sanes, namung kapribaden ingkang alandhesan budaya lokal mboten badhe luntur. Bangsa Indonesia ingkang majeng mboten kedah kecalan jati dhirinipun.

Pulitik praktis, mboten langkung namung saweneh sarana tumapaking demokrasi, sanes ancasing panggesangan bangsa lan negari. Pramila ingkang dipunudi mboten jejering panguwaos, ananging panguwaos kedah dipundadosaken sarana murih sedaya kawula pinanggih gesang ingkang ayem tentrem tata kerta raharja. Raos ewuhaya ing pambudi dados pamepering tumindak ingkang rinaos badhe damel cintrakaning asanes.

Menawi trisulawedha dipunmaknani sanjata, inggih sanjata pamungkas. Pramila, menawi sadaya warganing masarakat nindakaken trisulawedha badhe pinanggih kawontenan masarakat ingkang saya dangu saya tentrem jalaran ukum badhe dados pangayoman yekti, durjana lan durangkara binesta, budaya dados sandhanganing agesang.

Trisulawedha ingkang dipunrasuk dening panguwaos binathara-gung, badhe paring pangayoman tumrap kawula dasih ingkang ringkih, ananging kosokwangsulipun ugi badhe damel kapokipun tetiyang ingkang tumindak nistha jalaran saking paringipun pidana ingkang murwat kaliyan kalepataning tumindak. Sadaya pamawas saged dipunnalar. Saksintena ingkang ngaturaken panyaruwe dipuntampi, dipunlimbang, saha dipundadosaken kupiya kangge mbecikaken kawontenan.

Ing jagading pamulangan lan pawiyatan, trisulawedha saged dipunwastani dados ruh pendidikan nasional. Pancen leres, kapinteran ing babagan kawruh akademis punika saestu wigati. Nanging kapinteran kalawau mboten wonten ginanipun menawi ingkang pinter mboten gadhah watak jejeg, jujur, lan bener. Saged ugi tiyang pinter lajeng minteri tiyang sanes satemah damel kapitunan.

Sedyaning pamulangan murih ginayuh watak jejeg, bener, lan jujur kedah lumampah kanthi swasana ingkang jejeg, bener lan jujur ugi. Tangeh lamun, sapu ingkang reged badhe saged damel resik. Pramila, pendidikan watak ingkang ngamot trisulawedha dadosa punjering kawicaksanan ngrembakakaken pendidikan watak ingkang nembe pikantuk kawigatosan Kementerian Pendidikan Nasional.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya