Jagad-jawa
Sabtu, 26 Februari 2022 - 22:41 WIB

Tosan Aji Sajroning Budaya Jawa

Damar Sri Prakoso  /  Julia Indriyanti Harningtyas  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Ikatan Kulawarga Alumni (IKA) UNS Solo bareng karo Pusat Unggulan Iptek (PUI) Javanologi Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo nggelar adicara Wedhangan IKA UNS kaping 96 kanthi irah-irahan Tosan Aji Dalam Budaya Kearifan Lokal. Adicara Wedhangan IKA UNS iki dibabar kanthi online mawa Zoom, Rebo (9/2/2022) wengi. Adicara iku uga digiyarake ing Youtube lan TVRI Jawa Tengah.

Dene pamicara kang medhar andharan ing adicara iku yaiku Pangarsa PUI Javanologi UNS, Sahid Teguh Widodo, Empu Basuki Teguh Yuwono saka Padhepokan Keris Brojobuwono, lan budayawan KRT Gaura Mancacaritadipura.

Advertisement

Ing pawitan adicara iki, wakil saka IKA UNS Abdul Kharis Almasyhari ngandharake teknologi metalurgi kang wis maju lan budaya Jawa kang pinunjul melu njurung keris bisa dadi salah sijine bab kang antuk kawigaten luwih dening masarakat.

“Akeh wong kang nganggep keris iku asipat mistis, kamangka manawa didhudhah saka akademik satenane keris iku ngandhut piwulang ilmiyah saengga rasane trep manawa mbabar rembugan bab keris iki.,” ujare Abdul Kharis.

Advertisement

“Akeh wong kang nganggep keris iku asipat mistis, kamangka manawa didhudhah saka akademik satenane keris iku ngandhut piwulang ilmiyah saengga rasane trep manawa mbabar rembugan bab keris iki.,” ujare Abdul Kharis.

Pamanggih kang padha uga diandharake Wakil Rektor Perencanaan Kerja Sama Bisnis dan Informasi UNS, Sajidan.

“Keris iku piranti kang diurmati, nduweni piwulang luhur lan maneka warna jinis saengga dadi unggulaning lokal, kepara tekan internasional,” ujare Sajidan.

Advertisement

“Wiwitane Yayasan Damartaji kang disepuhi Haryono Haryoguritno diprentah dening Menteri Kabudayan lan Pariwisata lan ana 49 kriteria kang kudu disaguhi. Utamane donya wis aweh kawigaten marang budaya keris wiwit atusan taun kapungkur. Keris uga didadekake pangaji-aji saka kraton, saengga ora nggumun akeh keris kang banjur dimuseumke,” ujare.

Empu Basuki Teguh Yuwono, M.Sn. uga ngandharake kang isih dadi bab kang salah kaprah yaiku pamikirane wong akeh manawa keris iku mung awates gaman lan barang kang ngandhut mistis. Keris, jarene Empu Basuki, bisa dadi sarana pirembugan, kabeh bisa ditengeri liwat keris..

Seniman keris becike uga ora mung nggawe keris terus-terusan nanging uga wani ngowahi pamikirane. Keris iku ora mung dadi budaya kang asipat lokal, nanging kepriye carane supaya sabanjure dadi budaya donya.

Advertisement

“Awake dhewe ora prelu ana rasa kuwatir kanggo nepungake kerang marang masarakat donya. Sansaya akeh kang nggatekake bisa sansaya akeh kang mangerteni maknane,” kandhane Empu Basuki.

Supaya keris bisa luwih antuk kawigaten minangka budaya lokal ing satengahing budaya global, Empu Basuki ngusulake supaya pamarentah lan pamerti budaya bisa nyedhaki kawula mudha. Bakune para kawula mudha bisa mudeng lan ngakoni manawa keris iku dadi simboling kearifan lokal.

“Saengga mbutuhake basa kang modheren, basa-basane cah enom saiki. Buku-buku sing dadi rujukan uga gampang dimangerteni. Ben saya gampang ditampa, becike nggunakake basa lan cara-carane cah enom saiki,” ujare.

Advertisement

Sahid Teguh Widodo nambahi ngenani purwakaning kang nemoni mangsa jaya-jayane nalika jamane Sultan Agung Hanyakrakusuma kang nguwajibake saben bebrayan masarakat nduweni keris. Keris rikala semana dadi bukti kemajuwaning teknologi, salah sijine ing bidang metalurgi jaman mbiyen.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif