SOLOPOS.COM - Crita Kelana Sewandana dibabar jroning pentas reyog Grebeg Sura ing Ponorogo, Jawa Timur, sawetara wektu kapungkur. (Ronaa Nisa’us Sholikhah)

Solopos.com, PONOROGO — Pecut Samandiman ajeg ana saben pentas reyog ing ngendi wae, utamane ing dhaerah Ponorogo. Pecut iki ana sesambungane karo Prabu Kelana Sewandana. Pecut iku warnane campuran kuning lan abang. Nanging saben pecut kang dibabar ing pentas wujude beda-beda.

Saperangan sumber nyebutake manawa pecut iku ngandhut crita bab Prabu Kelana Sewandana nggunakake pecut kuwi minangka pusaka. Crita bab kuwi ajeg didadekake koreografi pentas reyog kaya sing dibabar nalika adicara Festival Reog.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

“Pecut Samandiman iku kaya pecut umume nanging ngandhut sipat kandhel kang ndadekake kakuwatan utawa duweni daya kang linuwih,” ujare sesepuh warok Ponorogo, Ahmad Tobroni utawa Mbah Tobron nalika ditemoni ing daleme, Senen (1/8/2022).

Jaman semana, Prabu Kelana Sewandana saka kraton ing Ponorogo kesengsem marang Dewi Sanggalangit saka Kediri. Prabu Kelana Sewandana banjur ngutus Bujang Ganong menyang Kediri, nanging ora bisa kasil.

Mbah Tobron mratelakake pungkasane Prabu Kelana Sewandana banjur mara dhewe lan nandhangi kabeh dhewe. Prabu Kelana Sewandana uga nggawa gaman pecut Samandiman sing sekti iku. Jalarane, Prabu Kelana Sewandana kapeksa perang tandhing karo Patih Kediri nalika merjuwangake tresnane marang Dewi Sanggalangit.

“Jalarane Patih Kediri uga nyimpen rasa tresna marang Dewi Sanggalangit. Wusanane, Patih Kediri teluk amarga Prabu Kelana Sewandana nggunakake gaman sekti pecut Samandiman iku,” piterange.

Miturut Mbah Tobron, pecut Samandiman ngandhut daya kang linuwih. Pecut kuwi dawane udakara sakmeter, diselarasake karo kepriye carane wong nggawa pusaka. Saliyane kuwi, pecut iku warnane ana campuran abang lan kuning.

Pecute Prabu Kelana Sewandana iku uga nggegirisi lan dipracaya nalika digunakake bisa mecuti wong nganti ambyar. Upamane kanggo mecut kewan, uga bisa njalari kewan kuwi mati.

“Nyabet gunung wae bisa nganti jugrug,” ujare Mbah Tobron.

Pecut Samandiman iku, ujare Mbah Tobron, kayadene pusaka keris kang ora bisa gaco dipasrahake marang wong liya. Mula kuwi, Mbah Tobron krasa kuciwa nalika pecut kuwi malah diakoni duweke Kabupaten Kediri. Kamangka pecut Samandiman kuwi asale saka Ponorogo minangka pusakane Prabu Kelana Sewandana.

“Kelana Sewandana perang tandhing karo Patih Kediri nggunakake pecut Samandiman. Padha, nalika Malaysia ngakoni reyog minangka budayane Malaysia,” ujarnya.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya