Jagad-jawa
Selasa, 28 Juni 2022 - 20:00 WIB

Sujarah Ambal Warsa Pemkot Solo

Damar Sri Prakoso  /  Wahyu Prakoso  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Warga masarakat Solo nonton pentas beksan ing Bale Kota Solo, sawetara wektu kapungkur. (Solopos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Pemerintah Kota (Pemkot) Solo mangayu bagya ambal warsane kaping-76, Kemis (16/6/2022) kepungkur. Saben taun Pemkot Solo mengeti ambal warsane tanggal 16 Juni. Ana sujarahe kenapa tanggal 16 Juni didadekake ambal warsane Pemkot Solo.

Pangarsa Solo Societeit, pepanthan sutresna sujarah Solo, Dani Saptoni, mratelakake tanggal 16 Juni 1946 mbarengi karo nalika Daerah Istimewa Surakarta (DIS) ora ana pepesthene. Nalika kuwi, Solo dicekel Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat (Keraton Solo) sarta Pura Mangkunegaran.

Advertisement

“Satemene pamikiran kanggo kuwi dudu 16 Juni. Rikala semana Menteri Dalam Negeri ing Jogja, Mr. Sudarsono, tanggal 27 Mei 1946 ngangkat Gubernur Suryo dadi Wakil Pemerintah Daerah ing Surakarta,” pratelane nalika diwawancarai Solopos.com, Rebo (15/6/2022).

Miturut Dani, jaman semana pamarentah ora gage-gage mesthekake statuse DIS nanging malah ndadekake dhaerah Karesidenan Surakarta. Dhasare, wektu kuwi nggatekake abot entenge kahanan Kutha Solo sing lagi ora aman , sejene kahanan pulitike lagi semrawut.

Pamarentah banjur netepake Karesidenan Surakarta sacara resmi tanggal 15 Juli 1946. Nanging, Dani mbacutake, kahanan Solo uga ngrembaka maneh. Solo sansaya nggegirisi, akeh wong sing ujug-ujug ilang ora konangan. Kahanan kaya mangkono kuwi marai ati trataban. Kahanane sarwa ora nentremake ati lan pikir.

Advertisement

“Sabanjure [pamarentah] ngangkat Kolonel Gatot Subroto dadi Gubernur Militer 1948. Kutha Solo klebu jroning dhaerah militer,” ujare.

Sesambungane karo alesan kenapa sing dipilih minangka tanggal pengetan ambal warsane Pemkot Solo yaiku tanggal 16 Juni lan dudu 15 Juli, Dani njlentrehake bisa wae jalaran njupuk momentum nalika pamarentah pusat sacara resmi ora ndang ndadekake status DIS dadi karesidenan.

Dani nyebut Mr. Iskaq Tjokrohadisoerjo diangkat dadi kepala dhaerah kapisan kang mimpin Solo nalika wujude residen. Mr. Iskaq mimpin Solo sasuwene 15 Juli-14 November 1946. Sabanjure Solo klebu jroning dhaerah militer kanthi Gubernur Militer Kolonel Gatot Subroto 1948.

Advertisement

Dene saka sumber resmi DPRD Solo, disebutake ana rong pehak kang nduweni kuwasa saengga ndadekake Kutha Solo madeg sajroning rong administrasi, yaiku Keraton Solo lan Pura Mangkunegaran. Daya kuwasa pulitike sakloron banjur dicopot sawuse nagara Republik Indonesia diresmekake tanggal 17 Agustus 1945.

Sasuwene 10 sasi, Solo duwe status minangka dhaerah setingkat provinsi, kang diarani Daerah Istimewa Surakarta (DIS). Sabanjure ngrembaka saperangan laku antiswapraja ing Kutha Solo kang dibarengi kahanan kang sarwa nggegirisi, ngganggu katentreman, wong-wong ngerti-ngerti ilang, lan matine pejabat-pejabat DIS.

Pamarentah Indonesia banjur nyimpen status DIS wiwit tanggal 16 Juni 1946. Tanggal iki sabanjure dipengeti minangka ambal warsane Pemkot Solo. Sacara de facto tanggal 16 Juni 1946 resmi ana Pemerintah Daerah Kota Surakarta kang duwe kuwasa kanggo ngatur lan ngurusi rumah tanggane dhewe.

Kasunyatan iku uga negesi manawa kuwasane Keraton Solo lan Pura Mangkunegaran banjur ora ana. Dene sacara yuridis, Kutha Solo diresmekake kanthi adhedhasar Penetapan Pemerintah taun 1946 Nomor 16/SD, kang digiyarake tanggal 15 Juli.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif