Jagad-jawa
Minggu, 13 Maret 2022 - 22:08 WIB

Solo Punjering Tembang Dhaerah

Ika Yuniati  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Hari Musik Nasional (HMN) kang dipengeti dina Rebo (9/3/2022), dimaknani minangka dina kang wigati mligine babagan musik utawa tembang dhaerah.

Solo kasebut minangka kutha kang nduweni daya pangaribawa ing bababagan tembang Jawa. Salah sawijining pangripta lagu Jawa sing kawentar yaiku Didi Kempot.

Advertisement

Nganti tekan dina iki wus ora kapetung cacahe tembange Didi Kempot kang kawentar tekan ngendi-endi. Semana uga musik liyane kayata gamelan jawa kang diripta suwargi Rahayu Supanggah.

Saking tresnane marang gamelan, Rahayu Supanggah ngusulake gamelan minangka Warisan Budaya Tak Benda (WBTB). Gamelan minangka WBTB banjur ditetepake dening United Nations Educational, Scientific, and Cultural Organization (Unesco) ing Paris, Prancis, Rebo (15/12/2021).

Advertisement

Saking tresnane marang gamelan, Rahayu Supanggah ngusulake gamelan minangka Warisan Budaya Tak Benda (WBTB). Gamelan minangka WBTB banjur ditetepake dening United Nations Educational, Scientific, and Cultural Organization (Unesco) ing Paris, Prancis, Rebo (15/12/2021).

Krenteg ngrembakakake tembang Jawa iku trep karo prentahe Presiden Joko Widodo ing pengetan HMN iku. Jokowi ngajak masarakat Indonesia maknani Hari Musik Nasional minangka cara ngleluri tembang dhaerah. “Lagu daerah sebagai khazanah kekayaan budaya bangsa yang harus terus dirawat dan dijaga,” kandhane Jokowi ing Twitter.

Garwane suwargi Didi Kempot, Yan Vellia, maknani seratane Jokowi ing Twitter iku bisa njurung pangrembakane tembang dhaerah. Dheweke kandha tembang dhaerah saiki sansaya diugemi. Kaya-kaya saben dina kondang ing YouTube.

Advertisement

Yan Vellia ngandharake kawentare tembang Jawa saiki ya kasil saka kerjane suwargi Didi Kempot. Biyen sanadyan akeh kadhang kanoman durung pati nggagas, Didi tetep krenteg ngripta tembang Jawa.

“Mas Didi ora tau nggresula anggone ngripta tembang Jawa. Nganti tekan saiki, wus ngundhuh asile. Para kawula mudha padha seneng tembang abasa Jawa,” kandhane.

Pandhemen musik saka Solo, Joko S. Gombloh, ngandharake pangarep-arepe Presiden Joko Widodo bab ngrembakane tembang dhaerah gampang diwujudake.

Advertisement

Apa maneh ing jaman saiki ana Youtube minangka piranti kanggo nggiyarake lan liya-liyane. Dene jaman biyen, butuh nepungke tembang wae kudu mawa label gedhe sing ana ing Jakarta.

Gombloh ngandharake tembang dhaerah sing ngrembaka jaman saiki ora mung saka Jawa. Nanging dhaerah liya kayata Aceh, Flores, Kalimantan, lan liya-liyane. Kabeh padha bisa ditonton ing Youtube.

Pangajabe yaiku nut kalakone jaman mengko, masarakat ora mung seneng tembang dhaerah. Nanging uga gelem melu nyinaoni seni kabudayan sing kakandhut sajrone tembang iku.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif