Jagad-jawa
Senin, 27 Juni 2022 - 22:32 WIB

Sinau Sujarah Tanah Jawa liwat Gambar Tembok

Damar Sri Prakoso  /  Siti Nur Azizah  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Gambar relief ing gang utama RT 007 /RW 010 Kampung Hepi Joho, Manahan, Banjarsari, Solo, kang nyritakake sujarah abad XVIII nganti jaman kamardikan, Rabu (1/6/2022). (Solopos/Siti Nur Azizah)

Solopos.com, SOLO — Relief utawa gambar kang nemplek ing tembok omahe warga ana tulisane “Tanah Jawa Abad XVIII.” Relief kuwi ana ing sadawaning gang nuju Kampung Hepi Joho lan nyritakake rikala jaman penjajahan Walanda nganti dumadine Kutha Solo.

Relief sujarah iku penere ana ing njero gang nuju Kampung Hepi Joho RT 007/ RW 010 Kelurahan Manahan, Banjarsari, Solo.

Advertisement

Ketua RT 007, Yunus Ariseno, 50, mratelakake relief kang digambarake awujud kumpulaning manungsa lan sato kewan iku nyritakake sujarah adeging Kutha Solo.

Gambaran iku, ujare Yunus, dicritakake kanthi ringkes supaya dadi sarana piwulang kanggo bocah-bocah, warga, lan sapa wae kang dolan mrono. Relief kang dawane 15 meter lan nyritakake sujarah Kutha Solo iku digambar dening salah sijining warga Kampung Hepi Joho, Maryanto.

Advertisement

Gambaran iku, ujare Yunus, dicritakake kanthi ringkes supaya dadi sarana piwulang kanggo bocah-bocah, warga, lan sapa wae kang dolan mrono. Relief kang dawane 15 meter lan nyritakake sujarah Kutha Solo iku digambar dening salah sijining warga Kampung Hepi Joho, Maryanto.

“Critane ya jaman pindhahan saka penjajahan nganti tekan adeging Kutha Solo. Dicritakake kanthi cekak aos, ya udakara dawane 15 meter,” ujare Maryanto nalika ditemoni Solopos.com, Rebo (1/6/2022).

Relief iku nggambarake perang-perang nalika Geger Pecinan, sodagar bathik, wong tani nganti dumadine Kutha Solo tekan saiki.

Advertisement

“Dadi nalika kita nyawang relief iku, pangajabe semangate awake dhewe kanggo njaga kampung iki ajeg ana, kanthi ngleluri, gotong royong, guyub rukun,” ujare.

“Sanajan awake dhewe ora urip ing abad kaping-18, surasane tetep bisa ngrasakake swasana perang rikala semana. Kabeh kuwi ditata liwat relief kang edi peni lan ngandhut piwulang rasa kang gampang ditampa dening wong-wong sing padha ngematake,” tambahe.

Salah siji warga, Lusi, 17, rumangsa melu mongkog bisa dadi warga Kampung Joho. Mongkoging ati iku amarga ana karya seni sing miturut panemune ora bisa ditemokake ing dhaerah seje.

Advertisement

“Aku rumangsa kabegjan amarga bisa melu ngematake karya-karya kang nggambarake sujarah. Karyane apik, bisa kanggo bahan crita nalika ana kanca dolan mrene. Bisa dakpameri,” ujare Lusi.

Warga liyane, Maryani, 40, ngajab supaya kawula mudha ora nganti lali sujarahe dhewe. Muga-muga liwat sarana gambar iku, bocah-bocah nom saiki gelem sinau maneh, mligine sujarah ing Kutha Solo.

“Pangajabku kaya mangkono iku. Nalika bocah-bocah nyawang relief iku, kabeh dadi mudeng, oh ndhisik kuwi jebul swasana perang nglawan penjajah kaya mangkono kuwi. Apamaneh bocah-bocah senenge sinau kanthi sarana gambar, padha bisa ngangen-angen ana sato kewan, wong tani, lan perang ing abad kaping-18,” ujare Maryani.

Advertisement

Saka panyawange Solopos.com, relief iku nggambarake saperangan warga pribumi kang nglawan penjajah. Penjajah jroning gambaran iku nyandhang kostum prejurit nganggo topi.

Dene pribumi digambarake nganggo busana adat Jawa lengen dawa, clana ukuaran seprapat lan nganggo blangkon (kanggo wong lanang) lan kebaya (kanggo wong wadon).

Warga pribumi uga dituduhake nggawa gaman arupa pring lincip, panah, lan keris. Ing gambaran iku uga ana sato kewan kayata kebo, pithik, bebek, lan uga wong tani sing lagi manen pari. Saliyane nggambarake swasana perang rikala semana, uga ana logo Kraton Kasunanan Solo lan Mangkunegaran.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif