SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO -- Sastrawan Jawa, Trinil S. Setyowati, nelakake sastra Jawa bakal terus ngrembaka, panggah krodha ing ombyaking jaman lan teknologi. Sastra Jawa bakal tetep urip ing madyaning gemetrasi milenial sing pancen akeh-akehe ora tepung lan ora dunung marang sastra Jawa.

"Sing seneng marang sastra bahasa Jawa wiwit jaman aku isih remaja ya kagolong minoritas. Pancen durung ana panaliten ilmiyah bab rasa ketarik marang sastra Jawa, nanging dak kira sing ketarik marang sastra Jawa wiwit jaman biyen pancen mung sethithik,” ujare Trinil nalika ditemoni Antara ing sela-selaning adicara Festival Sastra Jawa di Surabaya, Jawa Timur, sawetara wektu kapungkur.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Trinil sing makarya minangka dhosen ing Universitas Negeri Surabaya itu bebarengan swetara sastrawan Jawa liyane sing tau kondhang dhek 1980-1990-an, kayata Budi Palopo dan Widodo Basuki, maca geguritan ing festival sing diadani dening Dewan Kesenian Surabaya (DKS) kuwi.

Trinil kelingan biyen saperangan kanca lan kulawargane mbiji dheweke nulis geguritan kuwi mun bakal diwaca dening wong sithik lan umure wus tuwa kabeh.  Nalika kuwi Trinil dikandhani yen geguritan ora bakal narik kawigatene generasi mudha.

"Kuwi pancen bener lan jumbuh kanyatan sing duwe krenteg maca karya sastra basa Indonesia wiwit jaman biyen pancen  mung sethithik, apamaneh maca karya sastra basa Jawa,” kandhane wanita sing lair ing Surabaya dhek 27 Juli 1965 itu.

Trinil kelingan nalika isih cilik kerep nonton pakeliran wayang lan nonton ludrug. Wayang lan ludrug jaman kuwi  nguwasani jagad seni ing Tanah Jawa.

"Aku seneng karo simbol-simbol ing pakeliran wayang lan ludrug. Pitutur Jawa sing dibabar ing wayang lan ludrug kuwi keprungu endah banget. Kuwi sing ndudut krentegku nulis geguritan,” pratelane Trinil.

Nganti saiki isih ana kalawarti basa Jawa, kayata kalawarti  Jaya Baya dan Panjebar Semangat sing nampa lan mbabar geguritan lan naskah-naskah basa Jawa karyane generasi mudha jaman semana. Kalawarti-kalawarti basa Jawa kuwi kang njurung regenerasi sastrawan Jawa lan moncer ing taun 1990-an.

Regenerasi
Jaman gumanti. Kalawarti Jaya Baya dan Panjebar Semangat nganti saiki pancen isih kababar, nanging sansaya kadhesek dening majuning teknologi kang nglairake medhia digital sing digandrungi dening generasi mudha jaman saiki, generasi milenial.

Sastrawan Jawa lan redhaktur kalawarti Jaya Baya, Widodo Basuki, nelakake generasi mudha jaman saiki sing ngirim naskah basa Jawa sawetara taun pungkasan ini sansaya sithik.

Widodo Basuki nampa pangaji-aji Rancage taun 2000 amarga buku kumpulan geguritan karyane asesirah  Layang saka Paran.  Dheweke kuwatir regenrasi sastrawan Jawa mandheg utawa malah cunthel. Miturut Trinil, ngrembakane teknologi lan owah-owahan jaman kang nglairake teknologi digital kudune dudu prakara tumrap sastra Jawa.

"Kuwi [teknologi digital] kudune malah dadi sarana anyar kanggo nepungake lan ndunungake sastra Jawa marang generasi mudha jaman saiki,” ujare Trinil.

Saiki jagad sastra Jawa butuh wong-wong sing preduli lan gelem nepungake sastra Jawa kanthi sarana medhia sosial, kayata Youtube, Facebook, Twitter, Instagram, lan liya-liyane.

"Kanthi sarana medihai digital kang maneka rupa kuwi generasi mudha bisa ditepungake marang basa ibune, ya basa Jawa. Pangajabe ing tembe mburi bakal tresna temen-temen marang basa Jawa kang wusana dadi papan uripe sastra Jawa,” piterange Trinil.

Festival Sastra Jawa sing mapan ing Balai Pemuda Surabaya kuwi perangan  program luminti sastra saben wulan lan minangka perangan Majelis Sastra Urban Dewan Kesenian Surabaya ing pungkasan taun 2019.

Pangarsa Dewan Kesenian Surabaya, Chrisman Hadi, ngandharake  adicara Festival Sastra Jawa bakal didayakake minangak adicara lumintu sing dibabar saben pungkasan taun.

"Prakara sastra Jawa kuwi raket gandheng cenenge kato nation character building utawa mbangun budaya bangsa. Saora-orane Festival Sastra Jawa bisa dadai sarana ngleluri lan ndayakake budaya lokal supaya ora ilang,” ujare Chrisman.

Dheweke ngandharake adicara Festival Sastra Jawa kuwi disengkuyung dening Direktorat Jenderal Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan saengga bisa dipesthekake bakal lumintu ing taun-taun kang bakal teka.

Miturut Chrisman, kanggo nepungake lan ngleluri kabudayaan Jawa marang generasi mudha jaman milenial, orang mung Festival Sastra Jawa kang bakal diadani saben taun.

"Saiki Dewan Kesenian Surabaya nggagas festival sing gegayutan karo kabudayan Jawa liyane, upamane festival musik Jawa," pratelane Chrisman marang Antara.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya