Jagad-jawa
Minggu, 22 Mei 2022 - 20:12 WIB

Saka Gema Malam Srimulat Nganti Tekan Aneka Ria Srimulat

Damar Sri Prakoso  /  Moh. Khodiq Duhri  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Pintu gerbang Taman Hiburan Srimulat di Taman Balekambang, Kota Solo, Jawa Tengah, beberapa dekade lalu. (Dokumen Srimulat Solo)

Solopos.com, SOLO — Film Hil Yang Mustahal saiki lagi diputer ing bioskop. Warga masarakat, mligine para sutresna Srimulat padha rame-rame nonton film iki ing bioskop.

Srimulat yaiku salah sijining pepanthan lawak utawa dhagelan legendaris. Saperangan sumber nyebutake Srimulat minangka pepanthan lawak kang digawe dening Teguh Slamet Rahardjo ing Solo taun 1950. Jeneng Srimulat dijupuk saka asmane garwane Teguh yaiku R.A. Srimulat kang jare isih ana sesambungane karo Keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat.

Advertisement

R.A Srimulat anake Wedana Bekonang. Saking tresnane marang seni, dheweke luwih milih ninggalake status ningrate. Dheweke miwiti panggaweyane ing jagad seni kanthi dadi panembang lan paraga sandiwara panggung.

Jalaran saka kuwi, dheweke ketemu jodhone yaiku Teguh Slamet Rahardjo. Sawise omah-omah, banjur gawe pepanthan seni swara lan beksan, Gema Malam Srimulat.

Advertisement

Jalaran saka kuwi, dheweke ketemu jodhone yaiku Teguh Slamet Rahardjo. Sawise omah-omah, banjur gawe pepanthan seni swara lan beksan, Gema Malam Srimulat.

Pepanthan Gema Malam Srimulat iki kerep mbabar pentas seni swara lan beksan ing Taman Sriwedari. Saka Taman Sriwedari iku, jeneng Srimulat dadi sansaya kondhang lan digandrungi wong akeh. Ora maido yen Srimulat banjur kerep oleh tanggapan ing saindenge Jawa Tengah lan Jawa Timur.

Kanggo narik kawigaten pamirsane, Srimulat banjur gawe pacelathon lucu utawa dhagelan Jawa jroning pentase.

Advertisement

Wadino (Bandempo), Ranudikromo, Sarpin, Djuki, lan Suparni dadi generasi pawitane Srimulat. Kabeh iku kang miwiti laire Srimulat nganti tekan panggung hiburan taun 1950-an.

Wikipedia nyathet, taun 1960-an, Gema Malam Srimulat duweni panemu kepingin manggung ing sawijining papan kang ajeg. Jeneng Gema Malam Srimulat banjur digenti dadi Srimulat Review, banjur genti maneh dadi Aneka Ria Srimulat. Tanggal 19 Mei 1961, pepanthan iki sansaya kondhang kanthi ajeg munggah panggung ing THR Surabaya. Saka panggung iki, lair penyanyi cilik Yana kang wusanane nggenteni R.A. Srimulat dadi bintang panggung.

Taun 1972, pepanthan lawak legendaris asli Solo iki bisa munggah panggung nganti tekan Jakarta. Patang sasi sepisan ajeg pentas ing Taman Ismail Marzuki (TIM) Jakarta.

Advertisement

Adate saben pentas nggunakake basa Jawa, saiki kudu bisa ngempan papan nggunakake basa Indonesia. Dene taun 1982 dadi mangsa jayane Srimulat nalika dadi pepanthan lawak kapisan kang bisa mlebu TV nasional, TVRI. Pentas Srimulat digiyarake sesasi pisan. Nganti saiki Srimulat wus tau pentas ing maneka acara TV antarane Srimulat (TVRI, 1986-1987), Aneka Ria Srimulat (Indosiar, 1995-2003), Srimulat Plus (SCTV, 1992 & Indosiar, 2006), Srimulat Cari Bakat (ANTV, 2008-2011), Srimulat Night Live (NET., 2014), Saatnya Srimulat (Trans TV, 2015), Temu Lawak (Indosiar, 2020).

Srimulat banjur tuwuh lan ngrembaka dadi gedhe, duwe anggota nganti 300 wong kang sumebar ing tlatah Surabaya, Semarang, Solo lan Jakarta. Saking akehe anggota, Srimulat kerep bongkar pasang formasi nalika pentas.

Sanajan Srimulat kondhang ing kaloka, nanging uga nampa pacoban. Salah sijine nalika saperangan anggota Srimulat padha pamit metu bareng taun 1975 kayata Johny Gudel, Kardjo AC/DC, Suroto, Subur, Rujilah, Rus Pentil, Sumiati. Taun 1986 uga kedadeyan maneh.

Advertisement

Saperangan anggotane padha metu bareng, kayata Gepeng, Basuki, Timbul, Tarzan, Kadir, Nurbuat, lan Rohana. Kamangka kabeh wong iku pelawak sing lagi kondhang-kondhange.

Taun 1989, Teguh banjur mbubarake Srimulat. Kliwat nem taun utawa taun 1995, panjurunge warga masarakat bisa njalari Srimulat dadi urip maneh. Kabeh iku jalaran saka acara reuni anggota Srimulat kang dileksanakake Agustus 1995.

Emane, nalika para dedengkote Srimulat sansaya kondhang lan urip mulya, banjur ana sing keblinger menggok dalane. Contone Tessy, Gogon, Polo, Doyok nganti Nunung tau kudu urusan karo pulisi amarga kena kasus narkoba.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif