SOLOPOS.COM - (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso) NGEMATAKE GAMBAR-Sawijining warga ngematake karya gambar kang dipamerake ing Galeri Seni Rupa TBS Solo, sawetara wektu kapungkur.

NGEMATAKE GAMBAR-Sawijining warga ngematake karya gambar kang dipamerake ing Galeri Seni Rupa TBS Solo, sawetara wektu kapungkur. (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Raden Saleh kaya kang kita mangerteni yaiku salah sijine tokoh seni rupa modheren Indonesia. Jalaran bakat lan lingkungane, Priyayi Semarang iki sabanjure antuk kalodhangan nyinau seni lukis kanthi luwih jero ing Eropa, abad XIX.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Saka maneka warna sumber disebutake manawa jalaran saka katekunane, wusanane Raden Saleh bisa madhani kalungguhane para pelukis Barat ing jamane. Kabukti angger saben ana lelang lukisan, karyane mesthi diaji dhuwur dening para kolektor.

Nyawang kiprahe Raden Saleh ing jagad seni rupa kang kaya mangkono iku, wus lumrah manawa generasi seniman jaman saiki padha ngilo marang piyambake, banjur nuladhani Raden Saleh. Apa maneh nganti ana sawijining pepanthan seniman asal Semarang kang wani masang asmane Raden Saleh minangka jeneng pepanthane.

Jeneng iku bisa dadi sanggan kang abot. Nanging tumrap pepanthan seniman kang jenenge Raden Saleh Community iki, kanthi nyandhang asma Raden Saleh pangajabe bisa kanggo nyumet semangate para seniman lan ajeg ngupaya sabisane kanggo nggayuh prestasi kaya dene Raden Saleh.

Paling ora, pepanthan iki nyoba nuduhake kiprahe kanthi nggelar pameran ing Galeri Seni Rupa Taman Budaya Surakarta (TBS) Solo, Setu-Setu (3-10/12/2011). Kurang luwih 31 seniman mamerake karya-karyane kanthi maneka warna cakrik lan aliran. Ana sing realis, surealis utawa abstrak. Sawetara bahan kang dadi objek gambarane antarane gedhung-gedhung kondhang ing Semarang kayata Tugu Muda, Greja Blenduk, utawa sato kewan tartamtu kayata iwak koi, pitik, lan jinis-jinis kembang kang endah disawang.

Kakuwatan potensi lokal utawa gambaran urip ing padesan uga ora luput saka corekan tangane seniman. Upamane Agus Widodo saka Salatiga kang ngungak kegiyatane warga ing salah sijine pasar tradhisional kanthi apa anane. Liwat karyane kang asesiarh Menyongsong Pagi, Yoyok Barokalloh saka Semarang nggambarake kegiyatane among tani sing lagi ngluku sawah. Utawa, Wahyu S Adi (Semarang) kang nggambarake kegiyatane warga sing lagi ngguyang kebo liwat karyane kang asesirah Memandikan Kerbau

(JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakosa)

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya