SOLOPOS.COM - Wayang Kancil tanpa kelir nalika dibabar ing acara Kreasi Anak Sekolah Solo (Kreasso), Desember 2012 kapungkur. Wayang Kancil dening Mujiyono, pangarsa Sanggar Sarotama, didayakake minangka sarana ndongeng lelandhesan dongeng bocah kanthi paraga kewan kancil lan kewan-kewan liyane. Wayang Kancil tansah mbabar dongeng kang ngandhut piwulang luhur.

Wayang Kancil tanpa kelir nalika dibabar ing acara Kreasi Anak Sekolah Solo (Kreasso), Desember 2012 kapungkur. Wayang Kancil dening Mujiyono, pangarsa Sanggar Sarotama, didayakake minangka sarana ndongeng lelandhesan dongeng bocah kanthi paraga kewan kancil lan kewan-kewan liyane. Wayang Kancil tansah mbabar dongeng kang ngandhut piwulang luhur.

Dongeng pinitaya ngandhut daya becik kanggo nggegulang bocah. Wong Jawa sugih kaskaya dongeng kang ngandhut wulangan asumber oyot kabudayan Jawa kang tansah ngregani liyan, tansah ngudi urip kang salaras kalawan alam dan piwulag becik liyane.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Dongeng-dongeng kuwi, mligine kang tumrap bocah, racake nggunakake paraga kewan. Emane, ing titi wanci pungkasan iki, dongeng-dongeng asumber budaya Jawa kuwi kadayan dening dongeng-dongeng saka mancanegara.

Pamerdi budaya ing Komunitas Kentrong Rock n Roll Solo, YE Marstyanto, nelakake dongeng-dongeng kanthi paraga kewan sing asumber budaya Jawa kuwi saiki kadheseg dening dongeng-dongeng saka mancanegara kang uga kanthi paraga-paraga kewan.

“Dongeng kancil sing udakara 20 taun kapungkur mujudake perangan baku donyane bocah, saiki kapetung sansaya cures. Bocah-bocah saiki luwih dhemen marang dongeng-dongeng saka mancangera kayadene Shaun the Sheep, Angry Bird, Alvin Chipmunk, Beruang Madu lan sajinise,” pratelane YE, mangkono jeneng celukane.

Yagene bisa mangkono? Miturut YE, kahanan mangkono mau ora uwal saka majuning jaman kang saiki sarwa kalimput ing teknologi komunikasi lan informasi. Dongeng-dongeng saka mancanegara kuwi dibabar kanthi sinartan piranti-piranti asumber teknologi komunikasi lan informasi kuwi kayadene film kartun/animasi lan game ing komputer utawa Internet. Dene dongeng-dongeng lokal racake isih awujud lisan lan saperangan tinulis ing buku.

Durung suwe iki, Lembaga Koordinasi Gerakan Taman Pendidikan Alquran (LKG TPQ) Soloraya ngadani adicara  ndongeng ing pitung kabupaten lan kutha ing tlatah Soloraya. Udakara 21.000 bocah kaimpun ing adicara sing diadani bebarengan ing pitung panggonan kuwi.

Miturut ngengrengan adicara, ndongeng bebarengan kuwi bakal diadani saben taun. Salah sijine pandongeng sing tumeka ing adicara kuwi yaiku Bony Elisaputro. Lakon ing dongeng-dongeng sing biyasa dibabar dening Bony tansah ngandhut wulangan  budi pekerti, urnat mring wong tuwa lan netepi paugeran agama.

”Lakon lan wredine crita bisa manut sing ngundang,  supaya trep lan pas kalawan swasana. Nalika mengeti Hari Kartini, dongenge babagan wong wadon kang mandhiri, kuwat lan pinter,” ujare Bony nalika ditemoni Espos ing TK Madani Internasional, Kartasura, Senen (14/1).

Miturut Bony, dongeng kuwi dudu angger crita kang disenengi bocah. Dongeng kudu ngandhut piwulang nuju kabecikan. Mula, Bony tansah ngupaya murih dongeng kang bakal dibabar ora ngawur, ora waton dadi lakon lan bisa dibabar, nanging kudu ngandhut piwulang nuju kabecikan. Sipat becik utawa ala ing dongeng bakal ditiru dening para bocah.

“Crita utawa lakon bisa digawe dhewe. Bisa uga methik crita-crita utawa dongeng-dongeng sing wus lumrah banjur diowahi supaya jumbuh kahanan lan jumbuh sapa sing bakal didongengi,” pratelane lulusan Jurusan Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD) Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS) kuwi.

Gegayutan akehe dongeng impor ing titi wanci pungkasan iki, miturut Bony, para wongtuwa prelu ngati-ati. Wong tuwa kudu bisa ndunungake endi dongeng ing wujud film kartun/animasi sing apik lan endi sing ora becik tumrap jiwa lan kapribaden bocah. Miturut Bony,  ora kabeh dongeng bocah ing wujud film animasi utawa kartun sing digiyarake ing televisi becik kanggo kapribaden bocah.

”Tuladhane dongeng bocah awujud film kanthi paraga wedhus nanging tanpa dialog. Iki kanggo bocah umur rong taunan ora becik. Bocah-bocah saumuran mangkono kuwi bakal niru-niru swara ’hah, eh, uh, oohh’ ing film kuwi sing jarane minangka gantine dialog. Kamangka bacah saumuran mangkono kuwi kudu ditepungake marang tembung-tembung sing apik,” piterange Bony.

Maneka tembung lan ukara bisa ditampa dening bocah umur rong taunan nalika ditepungake kanthi sarana sing ndadekake bocah seneng. Dongeng kanthi paraga kewan kang becik apike tetep nggunakake tata jalma, dadi kewan-kewan kuwi rembugan kadidene manungsa. Ing dongeng asumber kabudayan Jawa kabeh kewan bisa micara kadidene manungsa, mula apik banget kanggo nggegulang bocah.

Kajaba kuwi, dongeng uga bisa nguripake daya nalar lan imajinasine bocah-bocah sing umure sangisore limang tahun utawa bocah balita. Balita kang lagi seneng-senenge ngumbar imajinasu bisa nggambarake kewan-kewan sikil papat, kewan sing mlayune banter, kewan sing irunge dawa, kewan sing gulune dawa lan sapiturute.

Jumbuh kabutuhan ngrembakane jiwa bocah, Bony kang uga mangarsani TK Madani Internasional Kartasura kuwi mrayogakake para wongtuwa supaya sinau ndongeng. Wongtuwa kang wegig ndongeng bakal raket kalawan anak-anake. Lan kanthi mangkono bakal njurung ngrembakane jiwa lan kapribadene bocah nuju kabecikan.

Ora prayoga banget lamun wongtuwa ”masrahake” upaya nggegulang jiwan lan kapribadene bocah marang dongeng-dongeng saka mancanegara kang awujud film animasi, film kartun utawa game ing komputer lan Internet.

Budayawan lan dwija dhalang bocah, Mujiyono, nelakake  Wayang Kancil—wayang sing paragane kewan-kewan lan lakone asumber dongeng-dongeng kanthi paraga utama kewan kancil—bisa didayakake minangka sarana kanggo mbabar dongeng kang kuwawa narik kawigatene bocah.

”Crita kancil ora ana pakeme. Bisa dientha-entha,” pratelane Mujiyono. Tuladhane, kaprah ing dongeng bocah macan kuwi kewan sing galak, asipat satriya lan medeni, nanging bisa dientha-entha dadi kewan sing nakal, seneng colong jupuk, lan wusana bisa dikalahake dening kancil. Krenahe kancil bisa ndadekake macan mertobat saka pakulinan colong jupuk lan wusana dadi muride kancil.

Dongeng mangkono mau, miturut Mujiyono, ngandhut piwulang lamun manungsa kang duwe sipat clemer, nggragas, brangasan lan sipat-sipat ala liya. Crita  piwulang, yaiku sanajan manungsa duwe sipat ala, nggragas, cluthak, bakal tetep bisa dadi manungsa kang becik. Yaiku kanthi dalan mertobat, milih dalan kang becik lan mulya.

Psikolog saka Universitas Sebelas Maret (UNS), Tuti Hardjajani, nelakake dongeng bisa awujud dongeng lisan lan bisa uga awujud fil animasi utawa kartun. ”Loro-lorone ana kurang lan luwihe. Nalika wongtuwa ndongeng ateges ngraketake sesambungane wongtuwa lan anak. Kahanan mangkene iki ora bisa dumadi nalika bocah nonton film animasi, film kartu utawa game.

Kajaba kuwi, wongtuwa uga kudu bisa ndunungake dongeng-dongeng asumber budaya lokal, endi sing becik, endi sing kurang becik lan endi sing ala. ”Kayadene crita Kancil Nyolong Timun, ing kono kudu didunungake nyolong kuwi ora becik, aja ditiru,” pratelane Tuti.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya