SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (31/1/2019) menika kapacak bab wayang purwa.

Solopos.com, SOLO — Lakon wayang purwa lumrahe adhedhasar saka Serat Ramayana lan Mahabarata. Wayang uga duwe pakem-pakem tartamtu kang diugemi dening para dhalang. Nanging ing jaman sing saya maju iki, ora mung pakem sing perlu diugemi, dhalang kudu kreatif lan duwe visi sing cetha nalika mbabar pakeliran supaya bisa narik kawigatene masarakat.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Dalang kondang Ki Manteb Soedharsono nalika diskusi ing Pendapa Wisma Seni sawetara wektu kepungkur ngandharake bab sing wigati. Dhalang jaman saiki kudu nut jaman kelakone. Wiwit saka masalah sing dibabar, nganti wujud pentase kudu manut apa sing ana ing jaman saiki. Iku minangka kupiya nguri-uri kabudayan wayang.

Ki Manteb uga negesake menawa dhalang ora prelu mbabar lakon sing dawa banget uga plek kaya jaman mbiyen. Sing penting ora owah saka asale, banjur cetha piwulang apa sing pengin diomongake marang penonton.

Ing Solo akeh dhalang nom sing mbabar wayang kanthi cara modheren. Ana dhalang Keroncong Wayang Gendut (Congwayndut), Dwi Suryanto. Pentas Congwayndut digawe luwih modheren wiwit wujude wayang, basane, uga musik sing ngiringi. Kabeh digawe sarwa luwes kaya gayane nom-noman saiki.

Ora kaya pentas liyane, Dwi, Rabu (30/1/2019), ngandharake pentas Congwayndut pancen ora ngandhut piwulang tartamtu. Isine mung pagelaran wayang gayeng-gayengan supaya nom-noman gelem nonton. Pangajabe sakbubare iku padha gelem sinau bab wayang.

“Yen Congwayndut ancase pancen kanggo regenerasi penonton. Wayang kanggo nom-noman. Yen wis seneng, ya muga-muga trus gelem sinau lan nonton wayang sing asline ki kaya ngapa,” kandhane.

Dhalang saka Ponorogo sing wis mapan ing Jakarta, Nanang Hape, uga duwe cara sing unik nepungake wayang marang nom-noman. Biyen dheweke kerep “ditanggap” ing media sosial Twitter. Sing nanggap akeh banget wiwit nom-noman nganti wong tuwa. Malahan ana wong saka nagara manca sing uga seneng nanggap wayang Twitter Nanang Hape.

Dhalang sing tau ngangsu kawruh ing Solo iki uga kerep pentas wayang urban ing Jakarta. Lakon wayang sing digarap khusus kanggo masarakat urban iki sarana ngelingke wong-wong Jawa sing ana ing kutha marang tanah laire. Wayange digabungke karo musik modheren, teater, lan kadhangkala dhalang monolog. Lakone nganggo basa Indonesia supaya kabeh wong ngerti maksude. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya