top ear
Tutup Iklan
Ngungak Naskah Kuna ing Perpustakaan
  • SOLOPOS.COM
    Petugas ing Museum Radyapustaka Solo, Kurnia Heniwati, motret naskah kuna ing ruwang digitalisasi Museum Radyapustaka Solo, Selasa (8/1/2019). (Solopos-M. Ferri Setiawan)

Ngungak Naskah Kuna ing Perpustakaan

Kitab kuna iku wis akeh sing rusak karana kepangan renget utawa jilidane copot. Kitab kuna sing wujude wis rusak banget biyasane dislametake kanthi cara digitalisasi naskah.
Diterbitkan Kamis, 10/01/2019 - 06:40 WIB
oleh Solopos.com/Ika Yuniati,
3 mnt baca -

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (10/1/2019) menika kapacak bab Naskah Kuna.

Solopos.com, SOLO -- Naskah kuna utawa manuskrip sing biyasane diserat langsung nganggo tangan dadi seksi sujarah adiluhunge budaya Jawa. Naskah utawa kitab kuna iku rinakit para leluhur miturut kahanan sing ana ing jaman mbiyen.

Bab sing dibabar maneka warna, wiwit saka babagan panganan, obat-obatan, nganti asmara. Awit saka iku akeh kang nggoleki kitab kuna kanggo panaliten utawa kapreluan liya.

jeda.id

Ing Solo ana ewon kitab kuna sing kasimpen ing Perpustakaan Radyapustaka, Reksapustaka Pura Mangkunegaran, lan perpustakaan liyane. Ing Perpustakaan Radyapustaka cacahe ana 400-an kitab, dene ing Reksapustaka ana 700-an sing ditulis wiwit taun 1700-an nganti 1900-an. Kuwi ora kabeh asli saka penulise, ana sing arupa asil tedhakan utawa turunan.

Kadangkala cacahe naskah utawa kitab ing perpustakaan tambah karana entuk hibah saka masarakat. Nanging wong sing hibah naskah pancen ora akeh. Ing Radyapustaka contone, telung taun kepungkur mung ana sak naskah yaiku Serat Menak.

Pengelola Radyapustaka, Totok Yasmiran, nalika ditemoni solopos.com, Jemuah (4/1/2019), ngandharake jinise naskah ing kana maneka warna, wiwit saka babad, wewulang, lan sastra.

Nalika solopos.com menyang Perpustakaan Radyapustaka, naskah Jawa ing kana ditata rapi dharik ing lemari kaca sing steril. Ana sawetara naskah sing dilebokake kothak banjur diwenehi kapur barus, cengkeh, lan akar wangi, supaya awet.

Totok ngandharake naskah kuna iku wis akeh sing rusak karana kepangan renget utawa jilidane copot. Awit saka iku kudu ajeg diresiki. Carane yaiku disapu nganggo kuas sing alus, banjur dilebokake lemari.

Digital

Kitab kuna sing wujude wis rusak banget biyasane dislametake kanthi cara digitalisasi naskah. Carane yaiku naskah difoto siji-siji banjur dokumene disimpen. ganti tekan saiki, jarene Totok, ana kira-kira 100-an naskah sing wis difoto dening petugas ing Radyapustaka.

Masarakat sing kepengin neliti naskah bisa ndeleng saka print-out sing wis disimpen ing komputer. Ora kabeh wong entuk ndeleng naskah asli kajaba petugas.

Naskah sing ana ing Perpustakaan Reksapustaka Pura Mangkunegaran ya padha. Pengelola perpustakaan, Darweni, nalika ditemoni solopos.com, Setu (5/1/2019), ngandharake jinise isi sing kakandhut ing manuskrip kana akeh banget. Wiwit saka piwulang, sastra, wayang, menak, adat istiadat, tari, pariwisata, ukum, lan sakpiturute. Ana 700 manuskrip, pitu bahan lontar, lan ewunan buku maneka basa.

Perpustakaan sing ngadek wiwit 11 Agustus 1867 ing mangsa Pamarintah KGPAA Mangkunegoro IV kasebut nduweni koleksi sing mligi yaiku maneka serat sing diripta Mangkunegara IV kayata Serat Wedhatama, Serat Tripama, Serat Warayagya, lan Serat Laksita Raja. Ing mangsa pamarintahane Mangkunegara VII kitab-kitab ing kana ditambah wiwit saka Basa Jawa, Basa Walanda, Inggris, Prancis, lan Jerman.

Kaya Radyapustaka, naskah sing ana ing perpustakaan Pura Mangkunegaran kasebut ana separo sing rusak. Naskah sing rusak diresiki kanthi maneka cara wiwit saka laminasi tisu Jepang, fumigasi, lan mapanake naskah sing taline ucul ing kothakan mligi. Dene naskah sing wis diselametke kanthi cara digitalisasi lagi 35 jinis.

Carane digitalisasi naskah meh padha, yaiku dipoto digital lan di-scan ngaggo piranti mligi kanggo naskah kuna. “Digitalisasi jane prelu sing luwih akeh nanging ora ana danane,” kandhane Darweni.

Sanadyan mung sethithik sing digitalisasi, naskah ing akeh sing wis dialih aksara lan alih basa saka aksara Jawa menyang aksara latin. Cacahe naskah sing wis di alih aksara kira-kira 90%.

“Sing durung ana alih media lan alih basa,” kandhane Darweni negesake alih aksara lan basa iku sejatine dadi salah sijine cara ngenalake naskah marang para mudha lan masarakat.

Editor : Rohmah Ermawati ,
LIKE di sini untuk lebih banyak informasi terbaru di Solopos.com
Kata Kunci :

berita terkini