top ear
  • SOLOPOS.COM

Ngambah Dalan Padhang

Wingi sadurunge gropyokan, Mbah Sastra kandha karo aku yen dheweke krasa ora penak. Kaya-kaya ana bab elek sing bakal kedadeyan.
Diterbitkan Jumat, 22/05/2020 - 21:16 WIB
oleh Solopos.com/Newswire
5 menit baca

Udan sing mung riwis-riwis saka esuk mau durung terang. Biruning langit isih katutup mega peteng. Hawa adhem, gedhang goreng, udud tingwe, lan kopi ireng panas sing banyune lagi wae mudhun saka kompor pancen dadi paitan sing nikmat.

Sak serotan rong serotan, bull…., sinambi dak sruput maneh kopine. Jan, urip kok nikmat tenan kaya ngene. Ngono batinku. Dumadakan keprungu swara saka njero omah

”Pak, Pakne…, wis jam semene apa ora sida mangkat kulakan?” Swarane Marni, sisihanku jan ngeget-geti anggonku nglaras tentreming kahanan sore iku. Banjur daksawang jam ing sandhuwure kursi tamu.

”Weladalah! Wis jam setengah telu ta. Ya, Bune, dak salin banjur gage mangkat!”

Udud sing isih rada dawa dakcecek ing asbak. Daksruput sithik kopine. Eman-eman yen ora dientekke. Sore iku aku wis kangsenan yen bakal sowan menyang daleme Koh Samui. Dheweke kanca bisnisku saka Semarang sing duwe toko ing tengah kutha lan wis suwe dadi jujuganku kulakan barang.

Wis tau dak tandhingake karo juragan liyane, ya pancen Koh Samui iku sing murah dhewe. Reregan sing kacek antarane sewu tekan limang ewu yen kanggo bakul ya mesthi dadi bab sing wigati.

”Budhal sik ya, Bune!” pamitku cekak marang sisihanku sinambi mlaku tumuju grobag prasajaku sing dakparkir ing garasi kulon omah. Banjur dak panasi sedhela lan enggal-enggal mangkat. Kepeneran dina iku Koh Samui lagi ana ing toko. Biyasane dheweke ing Semarang.

”Pras aku duwe barang anyar, yen wektumu sela, sesuk ketemu aku neng toko,” mangkono WA sing daktampa patang dina kepungkur. Kepeneran, stok ing omah lagi wae entek lan malah ditawani sing anyar maneh. Udakara mlaku setengah jam, mobilku wus tekan, banjur dakparkir ing sangarepe toko.

Aku banjur munggah teras. Dhekorasi budaya Tionghoa kanthi werna abang lan kuning menjila ing kono. Pitakonan kabar bisnisku, reregan sing saya mundhak, idi palilah sing saya angel, nganti babagan barang anyar mau komplit dak rembug karo Koh Samui.

Tujuwanku saka omah mau ya kulakan merga barang sing ing omah ya wis meh entek. Watara 16 dhus sing dak gawa bali sore iku. Dina-dina iki pancen anggonku kulakan dak luwihi saka biyasane. Jinise uga dak sedhiyakake sing werna-werna merga ngepasi arep taun anyar, wis mesthi panjaluke wong-wong sansaya akeh.

Dina genti dina, sasi genti sasi, anggonku dodolan saya kondhang. Usaha kang tanpa jeneng, tanpa plakat, lan mung gethok tular saka para langganan iki bisa ngasilake dhuwit lumayan. Apa maneh yen malem prei lan ari raya kayata bada lan taun anyar, sewengi malah nganti ora bisa turu.

”Kula kaya biyasane nggih, Pak. Sing abang setunggal, putihane kalih,” kandhane nom-noman tangga desa sing dadi langgananku.

”Ngati-ati, Mas, le nggawa. Dilebokke tas wae, apa jok pit montor!”

Durung dak pikir kapan arep mandheg saka usaha kaya ngene. Wong nyatane asil dodolan jamu iki lumayan akeh kanggo tambah-tambah nguripi kulawarga. Asile bisa kanggo ngentasake anakku mbarep lan nguliyahake anakku sing nomer loro ing sawijining kampus negeri.

Biyen, sing dak pikir mung dodolan ngono wae. Wong barange iki saka pabrik dhasare kanggo jamu, diombe sacukupe lan ana porsine dhewe. Yen ana warta ing TV utawa koran sing ngabarake korban minuman keras kae, kuwi rak ya salahe wong-wong sing ngombe waton tanpa aturan.

”Pak, apa njenengan ora wedi ta yen mbesuk embuh kapan ana gropyokan kaya sing digiyarake ing TV lan diwertakake koran kae?” pitakone bojoku sawijining wengi.

”Hus…, mbok aja ngayawara ngono kuwi ta, Bune. Meden-medeni wae. Mbok ya tansah donga marang Gusti supaya awake dhewe tansah dikanthi,” wngsulanku ngeyem-yemi Marni, ya bojoku kuwi.

Saya suwe bab kuwi tansah nggubet pikiranku. Apa maneh yen bar maca warta ing koran kae menawa peraturan dhaerah babagan omben-omben bakal dicakake maneh. Ana maneh warta yen wus akeh toko sing ditutup lan sing duwe dijeblosake ing pakunjaran.

Bener bab cakra manggilinganing urip. Awan-awan, pas ora mlebu kantor, jagongan ing teras omah sinambi wedangan karo Mbah Sastra, tangga kulon omah sing yuswane udakara wis 60 taun meh 70 taun. Mbah Sastra wis dak anggep kulawargaku dhewe.

Saben dina Mbah Sastra iki daktitipi pirang-pirang dus omben-omben. Dak nggo jaga-jaga yen mbok menawa ana razia dadakan saka aparat. Mbah Sastra uga wis tanggap yen dak jaluki tulung titip dagangan Pirang-pirang dina iki Koh Samui bola-bali ngelingake aku supaya ngati-ati merga lagi ana razia ing ngendi-ngendi. Dumadakan saka kadohan ana mobil aparat sing mara tumuju omah.

”Cilaka iki!” batinku. Aku mung pasrah. Awakku diseret tumuju njero omah kanggo nuduhake omben-omben daganganku. Sepatune para petugas kuwi nrajang apa wae sing diliwati. Lemari kabeh dibukaki, kasur diwolak-walik, kabeh kamar ora luput saka pamriksane petugas.

Bingung, isin, lan wedi ngebaki pikiranku. Kepriye mengko yen tekan pengadilan? Marni sing lagi mangsak uga mung dheleg-dheleg. Saka kadohan, Mbah Sastra uga diseret-seret tumuju ing omahe kanggo nuduhake barang.

Ora let suwe aku banjur digawa munggah ing mobil lan digawa menyang kantor polisi. Ing kana aku ditakoni werna-werna lan dak jawab sabisaku. Dhasare wong lagi kumyur pikirane, anggonku njawab mung sakecekele, ananging ana bab sing ora bisa dakpercaya nalika kuwi.

Aku mung bisa ngucap sukur marang Gusti amarga miturut katrangane petugas, ora ana barang siji-sijia sing ditemokake ing ngomah, mangkono uga ing omahe Mbah Sastra. Sawise iku aku entuk bali nanging isih ana tanggung jawab wajib lapor.

”Mas, age aturna panuwunmu marang Mbah Sastra,” kandhane Marni.

”Panuwun apa ta, Bu?” pitakonku kebak rasa bingung.

”Wingi sadurunge gropyokan, Mbah Sastra kandha karo aku yen dheweke krasa ora penak. Kaya-kaya ana bab elek sing bakal kedadeyan. Dheweke mindhahi omben-omben sing isih ana ing kerdhus menyang kandhang kayu mburi omahe,” kandhane Marni.

Aku banjur metu saka omah lan tumuju omahe Mbah Sastra. Dak aturke panuwunku lan njaluk pangapura sagedhe-gedhene amarga kedadeyan kuwi. Aku ora bisa ngomong apa-apa maneh kejaba mung matur nuwun lan jaluk ngapura.

”Wis, ora sah mbok pikir Pras. Sing uwis ya uwis. Kae dagangan sing isih ana entekna nanging ora sah dodol kaya mangkono maneh,” mangkono ngendikane Mbah Sastra.

Wiwit dina kuwi, aku wis ora tau kulakan ing tokone Koh Samui maneh. Dheweke sok takon liwat WA. Mung dakjawab yen aku wis ora duwe wektu kanggo dodol merga gaweyan kantor sing saya akeh. Dodolan kaya ngene pancen dadi rejeki tumrap aku, nanging durung mesthi yen kanggo liyane.

Dina genti dina, akeh wong sing padha teka ing omah nanging kecelik merga aku kandha yen wis ora dodolan maneh. Kepriye critane, kuwi wingi. Sing uwis ya uwis. Isih akeh dalan rejeki kang diparingake Gusti lan kudu diupaya. Isih akeh dalan padhang kang bisa dak ambah.

 

Dening: Immanuel Ardiatama

Cumondhok ing Jl. Wates, Pedes, Argomulyo, Sedayu, Bantul,

Daerah Istimewa Yogyakarta

Editor : Profile Damar Sri Prakoso
LIKE di sini untuk lebih banyak informasi terbaru di Solopos.com

Properti Solo & Jogja


berita terkait