SOLOPOS.COM - KUPATAN -- Tradhisi kupatan dilakoni bebrayan Jawa kanthi mangsak lan ngedum kupat marang sedulur lan tangga teparo. (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Bubar subuhan, Daryanti, 45, lunga menyang Pasar Gemblegan Solo, golek songsong kupat. Tekan omah, songsong kupat iku banjur dicemplungi beras lan dikukus supaya dadi kupat.

KUPATAN -- Tradhisi kupatan dilakoni bebrayan Jawa kanthi mangsak lan ngedum kupat marang sedulur lan tangga teparo.(JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Sinambi ngenteni dadine kupat, kanthi diewangi putrane, warga Makamhaji, Kartasura, iki ngisi wektu kanthi olah-olah jangan sambel goreng tholo lan dicemplungi cecek. Bubar kuwi, dibacutake mangsak opor ayam lan nggoreng krupuk urang.
Sawuse kabeh wus mateng, Daryanti banjur nyisihake saperangan kanggo dhaharan sakulawarga lan saperangan maneh kanggo ater-ater marang tangga teparone. Kupat saklawuhe iku dieterake langsung marang tangga kiwa-tengene.

Apa sing ditindakake dening Daryanti iku uga dilakoni dening sawetara warga ing kampunge. Akeh kang padha mangsak kupat lan opor ayam utawa sambel goreng, banjur didum-dumake marang tanggane lan sedulur cedhake. Semono uga ing dhaerah liya, ing Kutha Solo utawa Karanganyar, saperangan wargane uga padha nindakake tradhisi iki. Tradhisi kang anane amung saben dina kapitu utawa seminggu sabubare Bakda, yaiku kang diarani Bakda Kupat.

Sawetara sumber nyebutake masarakat Jawa mracayani manawa Sunan Kalijaga iku wong kang kapisan nepungake kupat. Tembung kupat dhewe utawa kupatan asale saka basa Jawa, jarwa dhosoke ngaku lepat kang ateges ngakoni kaluputan. Saengga kanthi simbul kupat iki, manungsa padha gelem ngakoni kaluputane lan apura-ingapura.

“Bakda Kupat padatan diwiwiti seminggu sawuse Bakda, lan ing kalodhangan iku lumrahe masarakat Jawa mligine padha repot gawe songsong kupat. Sawuse kupat dimangsak, banjur diterake marang sedulur utawa tangga teparone. Ing saperangan dhaerah ing Jawa, mligine Jawa Tengah, Bakda kupat utawa kupatan diwiwiti kanthi kondangan semingu sawuse Bakda. Kondangan ing kene bisa dimaknani minangka nglumpuke golongan masarakat, upamane warga sakdesa utawa sak-RT kanggo nggelar sukuran,” ujare Prawoto, salah sijine warga Solo, kang ajeg ngrayakake Bakda Kupat.

Miturut piyambake, ana sawetara makna kang kakandhut jroning tradhisi kupatan. Genahe akeh makna filosofis kang kakandhut jroning kupat. Wiwit saka wungkuse utawa songsonge kang digawe saka janur kuning utawa ron klapa enom kang nglambangake tulak bala. Janur ateges cahya swarga, yaiku kajupuk saka tembung jannah lan nur. Tembung nur saliyane ateges cahya, uga nglambangake kahanane manungsa kang wus bali suci maneh sawuse sesasi wutuh nindakake pasa.

Dene wujude kupat kang segi empat nggambarake prinsip kiblat papat, lima pancer, kang maknane ing ngendi wae manungsa duweni tujuwan, baline tetep marang Sing Gawe Urip. Wujud persegi empat iku uga bisa dimaknani minangka gambarane petang jinis nepsu manungsa, yaiku amarah (emosional), aluamah (nepsu kanggo maremake rasa luwe), supiah (nepsu kanggo nduweni apa-apa kang endah) lan mutmainah (nepsu kanggo meksa dhiri). Petang jinis nepsu iku kang ditelukake sasuwene pasa, saengga kanthi mangan kupat, pawongan iku dianggep wus bisa nelukake petang jinis nepsu kasebut.

Dene nalika nyawang wujud anyaman kupat kang njlimet nggambarake maneka warna kaluputane manungsa. Nalika kupat disigar, katon werna putih kang nggambarake karesikan lan kasucene ati sawuse sesasi nindakake pasa lan njaluk apura marang kabeh kaluputane. Manawa beras minangka isi kupat, nglambangake karaharjan sawuse Dina Riyaya.

Nalika ngirim kupat santen marang tanggane, tujuwane ora liya yaiku kanggo ngraketake talining paseduluran. Kupat iku dadi simbule ngaku lepat. Manawa wus ngakoni kaluputane, tamtu rasane ati bakal plong. Semono uga wong sing ngapurani wong liya, tamtune wus ora ana ganjelan ati maneh. Urip dadi kapenak, urip bebrayan uga tambah jenak.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya