Jagad-jawa
Senin, 30 Mei 2022 - 07:49 WIB

Ndhudhah Piwulang Cublak-Cublak Suweng

Damar Sri Prakoso  /  Moh. Khodiq Duhri  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Saperangan bocah dolanan Cublak-Cublak Suweng, sawetara wektu kapungkur. (dok)

Solopos.com, SOLO — Dolanan tradhisional Cublak-Cublak Suweng diripta dening Sunan Giri lan dadi sarananing piwulang agama Islam ing Tanah Jawa. Tembang Cublak-Cublak Suweng uga ngandhut piwulang becik sajroning golek katentreman ing donya.

Freddy Widya Ariesta jroning jurnal-e kang asesirah Nilai Moral dalam Lirik Dolanan Cublak-Cublak Suweng mratelakake masarakat Jawa isih nguri-uri dolanan tradhisional utawa dolanan bocah.

Advertisement

Ana puluhan jinis dolanan bocah kang kondhang ing Jawa Tengah. Kayata boy-boy-an, gobak sodor, pate lele, bekel, dakon, ceblek nyamuk, dan lain-lain.

Sawetara dolanan bocah uga ana kang cara dolanane kairing tembang, kaya dolanan Cublak-Cublak Suweng. Lagu dolanan kuwi dadi salah sijine wujud tradhisi lisan kang diwarisake para leluhur.

Advertisement

Sawetara dolanan bocah uga ana kang cara dolanane kairing tembang, kaya dolanan Cublak-Cublak Suweng. Lagu dolanan kuwi dadi salah sijine wujud tradhisi lisan kang diwarisake para leluhur.

“Tembang kanggo ngiring dolanan bocah Cublak-Cublak Suweng kuwi rasane kaya-kaya prasaja. Ananging, manawa digatekake kebak rasa lan makna kang jero. Bisa nguwatake piwulang budaya bangsa,” ujare Freddy Widya Ariesta ing jurnal-e kang dimot ing laman resmi Binus University Jakarta.

Freddy nyebut tembang dolanan iku uga dadi perangane karya sastra. Jroning karya sastra ngandhut maneka warna piwulang, salah sijine yaiku kautaman.

Advertisement

Nalika semana, Sunan Giri nggiyarake agama Islam ing Indonesia, utamane Pulo Jawa kanthi cara liwat seni kabudayaan.

Sunan Giri banjur ngripta tembang Cublak-Cublak Suweng kang wusanane dadi tembang dolanan kanggo ngiring dolanan tradhisional bocah.

Tembang Cublak-Cublak Suweng iku kaya mangkene: Cublak-cublak suweng/ Suwenge ting gelenter/ Mambu ketundhung gudel/ Pak empong lera-lere/ Sapa ngguyu ndhelikake/ Sir sir pong dhele kopong//

Advertisement

Cublak-Cublak Suweng iku dolanan tradhisional kang kerep dinggo dolanan saperangan bocah wadon cacah telu utawa luwih.

Carane dolanan, salah sijine bocah kudu mbungkuk banjur kanca-kancane padha mbukak dlamakan tangane lan diselehake sadhuwure gegere bocah sing mbungkuk mau.

Bebarengan banjur nembang Cublak-Cublak Suweng nganti rampung. Salah sijine dlamakan tangan iku bakale nampa krikil, banjur digegem utawa didhelikake. Dene bocah sing mbungkuk mau banjur tangi lan mbothek sapa bocah sing ndhelikake krikil mau.

Advertisement

Cublak Suweng tegese wadhah suweng utawa mas-masan. Dene Cublak-Cublak Suweng ngemu teges wadhah kanggo nyimpen raja brana.

Tembang dolanan Cublak-Cublak Suweng iku kabeh nganggo basa Jawa. Ananging jarene Freddy Widya Ariesta, supaya bisa ngematake maknane, tembang Cublak-Cublak Suweng ora bisa dimaknani ngono wae apa anane jroning basa Indonesia.

Butuh interpretasi saben ukara lan tembung jroning tembang dolanan kasebut.

Freddy Widya Ariesta nyoba ndhudhah makna lan piwulang kang kakandhut jroning tembang Cublak-Sublak Suweng.

Tembung suweng bisa dimaknani suwung, sepi, sejati utawa brana kang sejati. Dene gelenter tegese sumebar. Bandha brana kang dadi golekane manungsa sejatine sumebar ing ngendi-endi.

Gudel kuwi arane anak kebo. Kebo dadi simbole wong bodho. Ukara Mambu ketundhung gudel ngandhut makna dene wong bodho sing ora duweni pendhidhikan padha golek bandha brana kanthi nepsu, patrap kang ora becik kayata korupsi, dol tinuku jabatan tujuwane kanggo mburu senenge dhewe.

Wong bodho kuwi digambarake kaya wong tuwa ompong sing bingungan (Pak empong lera-lere). Sanajan kebak bandha nanging bandha brana kuwi ora bisa nentremake ati lan uripe.

Amarga kasrakahane dhewe, wong-wong iku padha bingung lan ora tentrem uripe. Sopo ngguyu ndhelikake tegese sapa sing ngguyu dekne sing ndhelikake. Ukara iki ngandhut piwulang sapa kang wicaksana, bakale nemokake katentremaning ati lan urip kang sejati.

Sir (swara ati) pong dhele kopong (dhele tanpa isi) ngemu teges ora duwe ati utawa swara atine blas ora ana.

Kamangka supaya tekan anggone nuju katentremaning urip kang sejati, manungsa kudu nyingkiri rasa tresnane marang bandha donya, kudu bisa nglembah manah, ora nyepelekake wong liya, sarta bisa tanggap lan trep karo swara atine.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif