Jagad-jawa
Kamis, 10 Februari 2022 - 11:48 WIB

Nalika Imlek Dadi Tenger Guyub Rukune Kutha Solo

Ika Yuniati  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Lampion khas China dipasang sadhuwure kreteg Pasar Gede, Solo, Minggu (30/1/2022) wengi. (Solopos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Imlek yaiku salah sawijining pengetan kang wigati tumrap masarakat Tionghoa lan agama Konghucu. Imlek lumrahe dipengeti saben taun anyar. Mligine ing Sasi Januari utawa Februari.

Tumrap masarakat Solo, biyasane kerep ana pengetan Imlek gedhen-gedhenan. Adicara iku diadani ing Kelurahan Sudiroprajan lan saindenge Pasar Gede Solo.

Advertisement

Adicara iku asesirah Grebeg Sudiroprajan. Wujud adicarane werna-werna wiwit saka pameran, pentas seni, masang lampion ing saindenge Pasar Gede, lan festival grebeg kanthi mikul gunungan. Isi gunungane ya maneka werna, ana kue keranjang, lan uga janganan saka warga.

Akeh sing ngarani Grebeg Sudiroprajan minangka tetenger akulturasi budaya ing Solo utawa nyawijine budaya Jawa lan Tionghoa.

Advertisement

Akeh sing ngarani Grebeg Sudiroprajan minangka tetenger akulturasi budaya ing Solo utawa nyawijine budaya Jawa lan Tionghoa.

Saliyane gunungan, uga ana lampu lampion sing dipasang ing saindenge Pasar Gede. Nambah endahing wengi ing pasar tradhisional kang mapan ing punjering Kutha Solo iku.

Crita grebeg, adicara pentas, lan gunungan Imlek iku ya mung crita lawas. Kabeh iku ana wiwit taun 2007 nganti 2020-an. Setaun wingi adicara Imlek mandeg amarga pagebluk Covid-19. Taun 2022 adicara Imlek ya ora diadani. Ananging, lampu lampion ing saindenge Pasar Gede Solo padha dipasangi maneh.

Advertisement

Yen dietung-etung, ana sewunan lampu lampion sing dipasang ing saindenge Pasar Gede. Luwih sithik tinimbang biyasane sing nganti limang ewunan utawa sepuluh ewunan lampu.

Ketua Panitia Imlek Bersama 2022, Sumartono Hadinoto, Minggu (30/1/2022), ngandharake saliyane lampu lampion iku isih ana lampion Shio Macan Air. Lampion Shio Macan lan Dewa Uang dipasang ing ngarep Kantor Balai Kota Solo lan Kreteg Ketandan.

Mengko uga bakal ana adicara Cap Go Meh ing Kantor Balai Kota Solo. Adicara Cap Go Meh diadani tanggal 15 Februari. Panitya bakal ngundang siji pepanthan barongsai Tripusaka Solo.

Advertisement

“Sajane pingin ngundang 10 pepanthan barongsai. Ananging dibatalke. Cukup siji wae. Adicarane mengko uga kapetung sakmadya. Undangane mung 100 nganti 200 wong. Barongsai iku wujud tolak bala,” kandhane Sumartono.

Sumartono ngandharake pengetan Imlek ing Solo duwe pangajab lan tujuwan sing mligi, yaiku njaga kaselarasaning uripe masarakat. Saliyane iku, kanggo mbuktekake sanadyan pagebluk Covid-19, guyub rukune masarakat Solo tetep padha lan ajeg kajaga.

“Muga-muga masarakat tetep guyub sanadyan pageblug. Shio Macan Air iki ngandhut dedonga amrih Solo lan Indonesia tansah lancar rejekine, masarakat tansah mulya uripe. Macan maksude nduweni daya pangaribawa, lan kerja mempeng,” kandhane.

Advertisement

Nerak

Wali Kota Solo Gibran Rakabuming Raka ngidini lampu lampion dipasang ing saindenge Pasar Gede. Masarakat ora diolehi kumpul-kumpul amarga isih pagebluk Covid-19. Nanging, wingi akeh banget masarakat sing nerak.

Lampu lampion dipasang lan diuripake dina Minggu (30/1/2022) wengi. Nalika iku akeh banget masarakat sing nonton. Yen dietung-etung cacahe nganti ewunan. Kabeh padha nyawiji tanpa dileti siji lan sijine. Kagiyatane ya werna-werna. Ana sing njupuk potone dhewe, uga ana sing mung kepingin thenguk-thenguk. Emane, akeh sing tanpa nganggo masker.

Salah sawijining warga, Ara Cercah, 17, nekat melu nyawiji ing saindenge Pasar Gede, Minggu wengi. Warga Sukoharjo iku kepengin malem minggonan sinambi nonton lampion, njupuk gambar lan jajan. Amarga pancen akeh banget wong sing dodolan ing saindenge Pasar Gede iku.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif