SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (24/1/2019) menika kapacak bab kiprahe para mudha nguri-uri kethoprak.

Solopos.com, SOLO — Unit Kegiatan Mahasiswa (UKM) Kelompok Kerja Teater Tradisi (KKTT) Wiswakarman saka Fakultas Ilmu Budaya (FIB) Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo kalebu salah sawijining pepanthan seni tradhisional sing isih eksis nguri-uri kethoprak nganti saiki.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Pepanthan iku anggotane para mahasiswa saka sakehing jurusan ing FIB UNS. Nanging, akeh-akehe ya mahasiswa Sastra Daerah.

Ketua Wiswakarman, Muhammad Ilham Fajar, nalika diwawancara , Rebo (23/1/2019), ngandharake menawa saiki anggotane ana 90 wong. Ora kabeh anggota melu pentas kethoprak. Ana sing wasis ing babagan karawitan, penyutradaraan, nganti tukang ngurusi panggung. “Sing kerep pentas ya biyasane mung wong-wong tartamtu wae,” kandhane.

FIB UNS duwe UKM sing akeh banget. Nanging, Wiswakarman isih dadi salah sawijining pepanthan sing narik kawigatene mahasiswa anyar. Dheweke duwe cara mligi kanggo narik kawigatene para mudha seneng marang seni tradhisi. Salah sijine yaiku kerep gawe lakon sing kekinian.

Nalika pentas produksi ing taun 2018 wingi contone. Ilham mentaske tembang-tembang koplo nalika wayahe dagelan. Pas kuwi penonton sing akeh-akehe mahasiswa langsung ngguyu ger-geran. Swasana langsung gayeng. Paragane seneng, semana uga penontone ora bosen nonton nganti tekan pungkasan.

“Basane digawe sing gampang, sing kabeh mudheng. Banjur nglebokake tema kekinian,” kandhane.

Ilham banjur ngajak para mudha nguri-uri kethoprak. Bisa dadi penonton, utawa sinau paraga. Dheweke ngandharake dene sinau dadi paraga kethoprak iku gampang banget. Tuladhane ya Ilham dhewe. Dheweke mlebu Wiswakarman rong taun kepungkur. Nalika kuwi babar blas ora ngerti piye carane pentas.

Nanging amarga duwe krenteg sinau, saiki wis wasis anggone pentas. “Ing Wiswakarman kui ya kabeh sinau dhewe saka senior. Ora ana modul utawa liyane. Modhale duwe karep sinau, mesti ya bisa,” kandhane Ilham.

Salah sawijining pandhemen kethoprak, Madi, 25, sarujuk marang panemune Ilham. Dheweke uga sinau seni tradhisi nalika wis diwasa. Nanging saiki wis wasis dadi paraga tari, kethoprak, lan sakpiturute. Malahan saiki dadi kranjingan seneng ndeleng pentas seni tradhisional.

“Seneng wae ndeleng pentas seni tradhisi. Gawe ati lan pikiran ayem. Apa meneh yen kesel sabubare kerja banjur nonton pentas, ning ati rasane makcles. Aku ya kerep ngrungokake siaran wayang nalika arep turu wengi,” kandhane Madi, sawetara wektu kepungkur.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya