SOLOPOS.COM - Ilustrasi (nissa-r.blogspot.com)

Ilustrasi (nissa-r.blogspot.com)

Yagene pemerintah duwe program wajib belajar? Apa gunane sinau ing sekolahan nganti pawiyatan luhur? Akeh wangsulan saka pitakonan kuwi. Sing genah, saben wongtuwa keraya-raya nyekolahake anak-anake nganti pawiyatan luhur kuwi murih ing tembe mburine bisa mulya uripe, yen bisa ya luwih mulya tinimbang wongtuwane.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Pemerintah duwe gegayuhan lamun kabeh warga bangsa iki bisa sekolah nganti pawiyatan luhur tundhone bakal bisa ngangkar drajat uripe dhewe-dhewe. Lumantar pendhidhikan, pemerintah ngajab supaya kabeh warga bangsa iki bisa urip kepenak lan sejahtera.

Ing kene ada wredi kang wigati banget, lamun sekolah—wiwit dhasar nganti pawiyatan luhur—kanggo ngudi drajat manungsa lan kamanungsan kang luwih dhuwur. Ing tebane kang luwih amba, sekolah kuwi kanggo mbangun peradaban. Miturut Begawan Sastra Jawa, Suparto Brata, kaya kang diandharake ing buku karyane asesirah Ubah Takdir Lewat Baca dan Tulis Buku, weton CV Litera Media Center, Surbaya, 2011, kanggo mbangun peradaban kuwi manungsa kudu digegulang ing sakabehe murih ora mung dadi manungsa kodrati nanging menjila lan ngrembaka dadi manungsa sastrawi.

Manungsa sastrawi yaiku manungsa kang dalan uripe ora mung lelandhesan daya pancadriyane utawa kodrate nanging uga kasengkuyung dening daya maca lan nulis buku. Manungsa mangkene iki sinebut manungsa sastrawi. Manungsa sastrawi nggayuh drajat urip kang utama kanthi cara ngecakake ilmu sing kagayuh saka maca lan nulis buku.

Manungsa sastrawi bakal luwih gampang nggayuh urip makmur ing madyaning bebrayan agung kang kawengku ing budaya global. Manungsa sastrawi bakal luwih gampang manjing ajur-ajer ing zaman kang tansah maju lan owah. Kanthi mangkono, sekolah lan pawiyatan luhur duwe kuwajiban ndhidhik generasi mudha bangsa murih ngrembaka lan menjila dadi manungsa sastrawi. Manungsa sastrawi kuwi titikane gampang: tansah caket marang pakulinan (budaya) maca lan nulis. Sekolah sejatinya kanggo nyangoni generasi mudha murih ”bisa maca lan nulis”.

Sastrawan kondhang Taufiq Ismail ing taun 1996 ngadani panaliten kang dudutane nelakake lamun generasi mudha bangsa Indonesia kalah kalawan generasi mudha bangsa liya ing babagan budaya maca lan nulis. Lulusan SMA ing Jerman rata-rata maca 32 buku, ing Belanda 30 buku, ing Rusia 12 buku, ing Jepang 15 buku, ing Singapura nenem buku, ing Malaysia nenem buku, ing Brunei Darussalam nenem buku, dene ing Indonesia nol buku.

Kanthi mangkono ora nggumunake lamun saperangan akeh generasi mudha Jawa jaman saiki ora bisa nulis basa Jawa ing aksara Latin kanthi bener lan pener. Asil panalitene Taufiq Ismail kuwi nuduhake lamun generasi mudha bangsa Indonesia—kalebu generasi mudha Jawa—adoh saka budaya maca lan nulis. Kamangka sing dadi sarana kanggo njaga basa supaya tetep urip, lestari lan ngrembaka kuwi salah sijine ya budaya maca lan nulis kuwi mau.

Kahanan bebrayan agung Jawa jaman saiki kang prasasat sansaya nyingkur tata ukara panulisan basa Jawa ing aksara Latin dadi bukti menawa budaya maca lan nulis pancen durung urip lan durung ngrembaka ing madyaning bebrayan agung Jawa. Wacan abasa Jawa dadi barang langka. Yen ta ana regane malah luwih larang timbang wacan liyane.

Kahanan iki uga kasengkuyung dening budaya “kodrati” sing luwih ngrembaka ing madyaning kulawarga Jawa—lan bangsa Indonesia—yakuwi budaya nonton. Miturut Gunawan Moehamad ing bukune kang asesirah Teks dan Iman, wton PT Grafiti Pers, 2011, ing titi wanci iki rata-rata 50% wektu ing kulawarga dikuwasani dening giyaran televisi. Mula ora nggumunake lamun warga bangsa iki, ing titi wanci iki, mlayu banter banget saka kahanan budaya praliterer (durung ngerti maca lan nulis) tumuju budaya pascaliterer (ora duwe karep maca lan nulis).

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya