SOLOPOS.COM - Monumen Naga Baruklinting ing Telaga Ngebel Ponorogo, Jawa Timur, Setu (18/6/2022). (Ronaa Nisa’us Sholikhah)

Solopos.com, SOLO — Legenda Naga Baruklinting ana sesambungane karo Telaga Ngebel Ponorogo, Jawa Timur. Telaga kang mapan ing sangisore Gunung Wilis iku jarake kurang luwih 30 kilometer saka punjering kutha Ponorogo.

Telaga kang dadi papan plesiran lan kerep dadi jujugane wisatawan saka dhearah ngendi-endi kuwi uga ngandhut crita kang dipracayani warga. Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Ponorogo uga ngedegake monumen Naga Baruklinting ing pojokan telaga. Akeh warga kang banjur njupuk gambare ing panggonan kuwi.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Budayawan Ponorogo Gondo Puspito uga mracayani anane legenda kuwi. Sebab, ana salah sawijining kuburan kang dipracaya dening masarakat minangka mbahurekso utawa leluhur Desa Ngebel, Ponorogo, yaiku makam Nyi Latung lan petilasan Bale Batur. Manggone sajroning Pasar Bale Batur.

“Saliyane iku, uga ditemokake lesunge Nyi Latung kang wus dadi watu [fosil] ing dhaerah Kare, Madiun,” ujare Gondo nalika ditemoni ing daleme, Kelurahan Paju, Ponorogo, Setu (18/6/2022).

Gondo ngandharake mula bukane Telaga Ngebel saka sawijining legenda ngenani ula gedhe utawa naga kang malih wujud dadi bocah cilik. Nalika semana, warga desa lagi duwe gawe gedhen. Banjur masarakat golek kewan tekan njero alas nganti sore nanging siji-sijia ora entuk kewan babar blas.

“Amarga keesl, banjur padha leren ngaso. Salah sijine warga banjur nancepake parang utawa golok ing oyot wit,” piterange Gondo.

Nanging sing ndadekake gumune warga, oyot wit iku ora ngetokake tlutuh nanging malah ngetokake getih. Jebul kuwi getihe saka ula gedhe.

Para warga banjur golek cara supaya slamet banjur rame-rame mateni ula kuwi. Gondo nyebutake papan panggonan iku banjur diarani Semampir dening warga Ngebel.

Nganti saiki, pancen ana salah sijine wit sing dipracaya warga minangka papan panggonanw ula gedhe iku lan dianggep wingit. Sebab, ing wit iku ana tilas sisik ula sing isih nemplek neng wit.

“Ula gedhe sing dipateni mau ora diguwak nanging iwake digawa menyang desa banjur dimangsak,” ujare.

Nalika duwe gawe gedhen, mara bocah cilik sing njaluk mangan. Rupane elek lan ora ana siji-sijia warga sing gelem menehi pangan kajaba salah sijining simbah, yaiku Nyi Latung.

Ndhek jaman semana pancen ana aturan kang diugemi masarakat Jawa. Wong sing panguripane sarwa kurang ora nduwe hak melu nekani acarane wong duwe gawe. Semono uga Nyi Latung kang nalika kuwi uga ora melu nekani acara iku.

“Bocah cilik kuwi banjur nitip pesen marang Nyi Latung. Manawa mengko ana swara warga bengak-bengok lan ana banyu sing mili, Nyi Latung supaya mlebu lesung lan nggawa centhong sega kanggo gantine satang prau,” piterange.

Sabanjure, bocah cilik mau nekani papan panggonane wong-wong sing lagi duwe gawe mau banjur gawe sayembara kanthi nancepake biting. Sapa sing bisa njabut biting kuwi, tegese wus bisa nelukake bocah cilik mau. Manawa ora bisa, kanggo ijol dheweke bakale njaluk mangan.

Jebul wong-wong sing ana ing kono ora ana kang bisa njabut biting kuwi. Wusanane, bocah cilik mau njabut biting dhewe lan saka bolongan tilase biting temancep kuwi banjur ngethuk banyu. Saya suwe ilining banyu sansaya gedhe. Jarene, iwak ula sing dimangsak mau uga malih dadi keong.

“Ora let suwe, Nyi Latung krungu bengak-bengoke warga lan uga swara banjir bandang. Dheweke banjur kelingan pesene bocah cilik mau supaya langsung mlebu lesung lan nggawa centhong,” terangnya.

Nyi Latung banjur kagawa ilining banyu tekan adoh banjur tekan sawijining panggonan, ana watu gedhe sing saiki diarani Bale Batur.

Gondo mratelakake ana saperangan crita kang ngrembaka ing masarakat amarga lesunge Nyi Latung ditemokake ing Kali Kare Madiun. Bisa wae Nyi Latung wus tekan Kare banjur bali mulih menyang Ngebel.

“Diarani Baruklinting amarga sisike muni klinthing-klinthing,” ujare.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya