SOLOPOS.COM - Ilustrasi siswa belajar (JIBI/Harian Jogja/Desi Suryanto)

Siswa SMA Stella Duce 2 Jogja maca geguritan ing taman sekolah kuwi sing mapan ing Jl dr Sutomo, Jogja, Rebo, 7 Maret 2012. Basa lan sastra Jawa ing sekolahan kuwi dadi wulangan muatan lokal lan akeh siswa sing dhemen, mligine para siswa saka njaban tlatah suku Jawa.

Wahyu Hidayat, dwija Basa Jawa ing MTs Nurul Burhan,  Batuwarno, Wonogiri, nggunakake wayang kanggo mbabar piwulang moral, sipat-sipat  pinuji lan tumindak becik. Apa kang diwulangake kasebut kang kakandhut ing lakon-lakon wayang kasebut.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Dheweke ngrumangsani lamun para siswa nalika sinau Basa Jawa rada kangelan. Para siswa rada kacipuhan nalika sinau Basa Jawa, ora kayadene nalina sinau wulangan liyane.

Miturut Wahyu, kurikulum wulangan Basa Jawa ngandhut standar kompetensi kang akeh banget. Salah sijine yakuwi kompetensi nulis lan maca basa Jawa aksara Latin.

Kompetensi iki kapetung angel tumrap para siswa jaman saiki amarga para siswa kuwi meh saben dina nganggo basa Indonesia. Para siswa uga kudu bisa nulis aksara Jawa.

“Para siswa pancen angel sinau Basa Jawa. Kepara luwih kepenak lan luwih gampang sinau Basa Inggris utawa Matematika. Mula, para dwija kudu ngerti piye carane supaya para siswa mudheng lan bisa nampa wulangan Basa Jawa,” pratelane Wahyu nalika wawancara kalawan Espos, Senen (31/12).

Wayang bisa dadi salah sijine sarana ndadekake wulangan Basa Jawa gampang ditampa dening para siswa. Ana gegambaran kang bisa dideleng dening para siswa saengga bisa dadi sarana nggayuh ngelmu.

Kajaba kuwi, Wahyu uga nggunakake sarana liya kanggo ngoyak kompetensi ngrungokake lan nulis Basa Jawa nganggo aksara Latin. Dheweke nggunakake tape utawa mp3 player.

”Para siswa kudu bisa nulis lan maca Basa Jawa. Piranti kaya proyektor, komputer, tape, bisa nggawe gampang sinau basa Jawa. Sanajan kahanan lan piranti wus pepak, wektu sing disedhiyakake mung sethithik, dadi ya ora bisa njlentrehake wulangan Basa Jawa kanthi temen-temen. Mula dwija Basa Jawa kudu kreatif,” ujare Wahyu kang uga dwija ing SMKN 1 Giritontro, Wonogiri.

Ing SMK kasebut, para siswa diwenehi wektu siji nganti rong jam wulangan. Sakjam wulangan udakara 45 menit. Mula, wektu kang migunani mung udakara 30 menit amarga butuh wektu kanggo liya-liyane.

”Sakjam wulangan mung 30 menit, apa ya bisa nyukupi kompetensi sing cacahe akeh banget kuwi? Mula, ing SMK kene ana kupiya integrasi wulangan siji marang wulangan liyane,” pratelane Wakyu.

Kompetensi nulis lan maca aksara Jawa direkadaya  nganggo wulangan prakarya, yakuwi ngeblat aksara Jawa ing mika banjur digraji. ”Sing ditulis bisa asmane guru. Aksara kuwi dipasang ing mejane guru. Uga bisa unen-unen luhur kayata adigang adigung adiguna sing bisa dipasang ing tembok-tembok kelas,” piterange Wahyu.

Dwija Basa Jawa ing SMAN 2 Solo, KP Winarno Kusumo, njlentrehake kurikulum wulangan Basa Jawa kang saiki ditrepake sejatine wus pas lan pepak. Nanging, miturut dheweke, ana rong perkara kang dadi alangan para siswa  kanggo ngerti temen-temen babagan basa lan kabudayan Jawa.

Alangan sepisan yakuwi wektu sing kanggo mulang Basa Jawa sing ora nyukupi. ”Wus genah ora nyukupi kanggo nyinaoni kurikulum Basa Jawa. Wektu 45 menit bisa menehi apa?” pratelane Winarno.

Mula para dwija kudune ora mung menehi piwulang ing njero kelas, nanging uga ing njaba kelas. Sanajan kalebu muatan lokal (mulok), wulangan Basa Jawa iki, miturut Winarno, wigati banget. Nalika basa Jawa ora kaemot ing kurikulum, sekolah kudu tetep menehi piwulang ing njaban kurikulum.

Perkara kapindho yakuwi mutu dwija Basa Jawa. Miturut Winarno, ora sethithik dwija Basa Jawa pinter ing teori, lulusan saka universitas apik, nanging isih durung bisa ngetrapake ing pasinaon lan apa kang diandharake angel ditampa dening para siswa.

Mula, kompetensi-kompetensi ing kurikulum durung bisa dijlentrehake marang para siswa amarga para dwijane padha durung ngerti temen-temen materine.

“Pengalamanku nuduhake mung 50 persen para siswa sing mudheng babagan piwulang Basa Jawa. Mula, ing njaban kelas uga kudu ana lan duwe wektu mligi kanggo nyinaoni Basa Jawa,” pratelane Winarno.

Babagan mutu dwija Basa Jawa iki, miturut Winarno, akeh dwija kang ora duwe dhasar ilmu basa Jawa sing apik, bener lan pener. Ora tau kuliah ing universitas sing mligi nyinaoni basa lan sastra Jawa. Ora sethithik dwija Basa Jawa bandha nekad jalaran pancen ora ana sing temen-temen duwe ilmu babagan basa lan sastra Jawa.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya