SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (10/1/2019) menika kapacak bab Kitab Kuna.

Solopos.com, SOLO — Sanadyan diripta wiwit atusan taun kepungkur, isine saperangan gedhe naskah kuna isih cocok yen ditrepake ing jaman saiki. Buktine akeh panaliti sing sinau kitab kuna. Salah sijine serat sing kawentar lan asring dadi sumber panaliten yaiku Centhini.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Serat sing uga kasebut Suluk Tambanglaras utawa Suluk Tambangraras – Amongraga iku kalebu salah sawijining sastra agung ing mangsa Jawa Baru. Serat Chenthini ngandhut maneka warna ilmu lan kabudayan Jawa.

Saliyane iku isih akeh naskah sing asring digunakake sumber panaliten. Pengelola Perpustakaan Radyapustaka Solo, Totok Yasmiran, nalika diwawancara, Jemuah (4/1/2019), ngandharake sing asring neliti ing perpustakaan iku ana mahasiswa, akademisi, nganti praktisi.

Salah sijine praktisi sing nggunakake naskah Jawa minangka sumber inspirasi yaiku tukang nggawe jamu saka Karanganyar. Dheweke maca resep nggawe jamu ing kitab Boreh. Resep sing ana ing kana banjur digawe lan dipraktekake nganti tekan saiki.

Panaliti saka akademisi saya luwih akeh. Ana mahasiswa Sastra Jawa, mahasiswa Institut Agama Islam Negeri (IAIN) Surakarta, mahasiswa jurusan psikologi, nganti mahasiswa Pendidikan Anak Usia Dini (PAUD).

Mupangate kitab-kitab kuna marang pagaweyan uga dirasakne Founder Lasem Heritage, Baskoro. Pamandu wisata ing Lasem kasebut nggoleki naskah bab omah Jawa ing Perpustakaan Reksapustaka, Setu (5/1/2019) wingi.

Dheweke banjur nemokake Serat Kalang sing ngandhut bab kawruh kalang lan griya Jawa sing digawe ing mangsa alihan abad 19-20. Ing naskah kasebut ditulis mrejit bab omah Jawa wiwit saka pawon, guna griya, angsar/watak, lan petungan.

Bab sing kakandhut ing serat kasebut persis karo karepe Baskoro. Ing Lasem akeh omah Tionghoa sing digawe kaya omah Jawa, bahane nganggo kayu jati. Kahanan iku banjur dicocokake sesambungane pengaruh budaya Jawa marang wewangunan omah Tionghoa ing Lasem.

“Minangka pamandu wisata sejarah ing Lasem aku kudu bisa njlentrehake kanthi gamblang apa-apa sing ana ing kana. Salah sijine ya aweh katrangan babagan kayu jati lan unsur Jawa ing omah Tionghoa Lasem,” kandhane.

Ora mung babagan omah, Baskoro ngandharake nalika ing Reksapustaka Mangkunegaran nemokake akeh tulisan bab Lasem sing sakdurunge ora dimangerteni. Kayata bab geger Pacinan lan tradhisi wong wadon nglamar wong lanang sing ana ing kana.

“Aku malah nembe ngerti ana tradhisi iki ing Rembang saka maca tulisan iki. Pancen kudu luwih akeh sinau naskah lan tulisan kuna supaya luwih ngerti budaya lawas,” kandhane sambi nduduhi artikel sing isine tulisan bab tradhisi nikah ing Lasem. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya