SOLOPOS.COM - FOTO/Istimewa

FOTO/Istimewa

Minangka wujud kapreduliane marang keris minangka salah sijine warisan budaya, Forum Bawa Rasa Tosan Aji Soedjatmoko (FBRTAS) ajeg nggelar adicara kanggo ngleluri seni padhuwungan ing Kutha Solo. Salah sijine yaiku Workshop Keris Kajian Aspek Teknologi Metalurgi kang digelar Setu (17/3) kapungkur ing Rumah DInas Wakil Walikota Solo.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Jroning adicara iku, didhudhah sawetara bab ing antarane carane gawe keris kuna, ngudhar nikel minangka bahan pamor ing jaman saiki, teknik metalografi kanggo ngonceki luwih jero ngenani jinis bahan keris sarta cara dumadine, carane para empu gawe keris, sarta upaya gawe winih pamor kanggo ngrekadaya keris kang endahe padha karo keris kuna lan carane gawe keris kanthi bahan pamor liya.

Pangarsa Forum Bawa Rasa Tosan Aji Soedjatmoko, IA Joko Suyanto, nalika ditemoni Espos sawetara wektu kapungkur, mratelakake manawa adicara kasebut minangka salah sijine upaya ndhudhah sujarah padhuwungan ing tanah Jawa sarta ngonceki piwulang luhur kang kakandhut sajrone.

“Sing luwih wigati maneh, kanthi maneka warna adicara kang digelar iki, masarakat bisa mudheng ngenani ilmu padhuwungan lan ora bakal nyawang keris saka sisih wingite thok. Satemene akeh banget ilmu lan piwulang sing bisa dionceki lan disinau bareng-bareng,” ujare.

Dene dhosen Metalurgi Teknik Mesin Industri UGM Ngayogjakarta, Ir Daryono, nyebutake taun 1927 sawijining metalurgist asal Jerman kesengsem banget marang mitos keris jaman semana lan rikala semana piyambake tuku sawetara wilah keris. Satekane Jerman, keris-keris iku banjur ditliti. “Jebul jroning pamor keris iku kakandhut jinis logam nikel saengga wiwit taun 1932 para nimpuna metalurgi wiwit ndhudhah logamnikel jroning piranti perange,” tandhese.

FOTO/Istimewa

Dene wujud pamor keris dhewe satemene kabentuk saka tatanan wesi waja lan nikel kang siji lan sijine dijenengi pamor. Lapis-lapis tipis kang mbentuk pamor iku minangka asil tempa panas saka rong pelat wesi kang ngapit pelat nikel. Bab iki amung dilakoni dening para empu keris wiwit mbiyen nganti saiki, kang kawitane diwiwiti saka dhaerah Jawa.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya