SOLOPOS.COM - JAMASAN KERETA-- Abdi dalem Karaton Ngayogjakarta ngresiki kereta pusaka Kyai Jimat jroning upacara Jamasan Pusaka, sawetara wektu kapungkur. (Desi Suryanto/JIBI/HARIAN JOGJA)

JAMASAN KERETA-- Abdi dalem Karaton Ngayogjakarta ngresiki kereta pusaka Kyai Jimat jroning upacara Jamasan Pusaka, sawetara wektu kapungkur. (Desi Suryanto/JIBI/HARIAN JOGJA)

Jaman mbiyen, sarana kanggo lelungan kang digunakake dening karaton nalika ana adicara tartamtu yaiku jinis titihan kang diarani kereta. Rikala semana amung karaton kang duweni kereta lan dijenengi rena-rena. Kereta-kereta kuwi digawe saka mancanagara kayata Walanda lan Jerman.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Upamane ing Karaton Ngayogjakarta. Kereta-kereta kuwi saiki disimpen ing museum kereta kang mapan sajrone wewengkone Karaton Ngayogjakarta, penere ing Ratan Rotowijayan. Jroning museum iku disimpen udakara 23 kereta, lan Kereta Nyai Jimat dadi kereta kang paling diurmati.

Jeneng-jeneng kereta kang disimpen ing museum iku antarane Nyai Jimat, Kyai Garudayaksa, Kyai Jaladara, Kyai Ratapralaya, Kyai Jetayu, Kyai Wimanaputra, Kyai Jongwiyat, Kyai Harsunaba, Kyai Manik Retno, Kyai Kuthakaharjo, Kyai Kapolitin, Kyai Kus Gading, Kyai Puspoko Manik atau Kyai Mondrojuwolo.

“Kereta Nyai Jimat lan Kyai Garudayaksa dianggep minangka pusaka kang paling wingit saengga banyu tilas siraman utawa jamasane dipracaya bisa aweh kakuwatan tartamtu,” ujare Prawiro, salah sijine penjaga museum kereta, kaya kang kapethik saka situse Forum Komunikasi Paranormal lan Penyembuh Alternatif Indonesia (FKPPAI), Rebo (7/3/2012).

Kereta-kereta iku maneka warna wujud lan gunane. Upamane minangka titihane Sultan kanggo pelesir, kereta kanggo titihane para panggedhe karaton lan senapati karaton, uga ana kereta kang mligi kanggo ngusung jasade Sultan kang wus seda.

“Minangka pusaka karaton, kereta-kereta iku uga antuk pakurmatan arupa upacara jamasan. Jamasan pusaka karaton ajeg dilakoni saben Selasa Kliwon utawa Jemuwah Kliwon kapisan ing Sasi Sura. Jamasan dileksanakake ing Gedong Pusaka lan ing Museum Kereta Karaton Ngayogjakarta. Nalika jamasan, puluhan warga ajeg rebutan banyu sisa jamasan. Banyu iku dipracaya ngandhut daya tartamtu,” piterange.

Adate ana rong kereta kang dijamas, yaiku kendharaan utama Kanjeng Nyai Jimat minangka kereta paling tuwa digawe taun 1750. Kereta gaweyane Walanda iki nate digunakake Sultan Hamengku Buwono I nganti Sultan HB V kanggo jumenengan utawa pengetan jumenengan.

Saben jamasan, Kereta Nyai Jimat kudu ajeg dikancani kereta liyane kang dipilih kanthi cara giliran saka 18 kereta pusaka Karaton Ngayogjakarta.

“Cara jamasan uga mirunggan. Kabeh kudu nganggo busana adat Jawa lan kabeh kudu wong lanang, nganggo kain dawa, surjan lan blangkon. Upacara jamasan kereta pusaka dipimpin dening sesepuh abdi dalem karaton kang kajibah njaga museum,” tambahe.

Dene Kereta Garuda Yaksa gaweyane Walanda taun 1861 nalika mangsa pamarentahane Sri Sultan HB VI, kereta iki digunakake kanggo upacara jumenengan Sultan. Kereta iki uga dijamasi setaun sepisan saben sasi Sura.

Ing kalodhangan liya, pandhemen budaya saka Ngayogjakarta, Ki Sabda Langit, mratelakake jamasan ateges ngedusi, nyucekake, ngresiki, ngopeni lan ngrawat. Laku iki minangka wujud rasa lan atur panuwune marang tilasan karya adiluhung para leluhur bangsa.

“Kenapa dilakoni ing Sasi Sura? Amarga Sura dianggep sasi kang paling mirunggan tumrap wong Jawa. Ing sasi iki, wong Jawa kudu luwih akeh mawas dhiri, evaluasi dhiri, luwih gentur laku prihatin, sansaya eling lan waspada,” piterange.

Tumrap pusaka-pusaka kang digunakake minangka sarana sesrawungan lan sesambungane antarane manungsa lan leluhure, samesthine luwih nengenake upacara jamasan saben Sasi Sura. Upamane dikiwakake utawa ora diopeni, tegese manungsa wus lumuh kanggo nyambung tali rahsa karo para leluhure dhewe. “Yen mangkono, genahe leluhur ya genti ora preduli marang manungsa. Pusaka kang maune diopeni iku banjur dadi kosong melompong ora ana dayane maneh,” tandhese.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya