Jagad-jawa
Minggu, 13 Februari 2022 - 21:34 WIB

HUT Solo, Bebarengan Ngajab Becik kanggo Kutha Solo

Ika Yuniati  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Salah sijining adicara pameran jenang ing Omah Sinten, Banjarsari, Solo, kanggo mapag adicara Festival Jenang, sawetara taun kepungkur. (Dok)

Solopos.com, SOLO — Taun iki Kutha Solo wus genep 277 taun. Adeging Kutha Solo iku bakal dipengeti Kemis (17/2/2022). Maneka adicara wus disiyapake sanadyan isih mangsa pageblug Covid-19. Ananging, wilujengan minangka tambahing umur iku dipengeti kanthi sakmadya tanpa ngundang wong akeh.

Salah sawijining adicara yaiku Boyong Kedhaton. Boyong Kedhaton nggambarake pindhahan Kraton Kasunanan wiwit saka Kartasura menyang Sala. Crita sujarah iku biyasane digambarake mawa kirab lan opera kolosal. Biyen sadurunge pagebluk, Boyong Kedhaton diwiwiti saka Lapangan Makam Haji, Pajang, Kartasura, Sukoharjo nganti tekan Solo.

Advertisement

Kepala Dinas Pariwisata Kota Solo, Aryo Widyandoko, Selasa (8/2/2022), ngandharake kirab mbesuk diarani kirab climen. Ya amarga saking ringkese. Kirab bakal diwiwiti saka Benteng Vastenburg banjur mlaku menyang Balai Kota Solo. Kirabe bakal sansaya ringkes yen pasiyen Covid-19 sansaya nambah.

“Ya bakune tetep kudu ana kirab. Nanging iki mengko ya mung climen. Adicarane diadani ing Balai Kota Solo. Yen Covid-19 sansaya munggah, malah diadani ing sajrone Balai Kota Solo ya ora apa-apa. Ora kudu metu-metu, sing penting tetep kudu diadani,” kandhane Aryo.

Advertisement

“Ya bakune tetep kudu ana kirab. Nanging iki mengko ya mung climen. Adicarane diadani ing Balai Kota Solo. Yen Covid-19 sansaya munggah, malah diadani ing sajrone Balai Kota Solo ya ora apa-apa. Ora kudu metu-metu, sing penting tetep kudu diadani,” kandhane Aryo.

Saking sithike, ya pasartane mung satusan wong. Kamangka lumrahe disengkuyung nganti 500 wong utawa 700-an pasarta.

“Sakanane, ya mung pinangka pratandha lan pangeling-eling,” kandhane Aryo.

Advertisement

Biyen Festival Jenang dadi salah sawijining adicara wajib sadurunge ana pageblug. Festival iku biyasane diadani ing punjering Kutha Solo. Dinas Kebudayaan ngedum ewunan takir jenang. Ing taun 2015 wingi malah nganti 32.000 takir jenang. Jinis jenange werna-werna, wiwit saka jenang grendul, jenang sumsum, jenang patang warna, uga jenang katul.

Rajamala

Saliyane iku, pamarentah uga bakal menehake pangaji-aji marang kreator Solo sing menang lomba ngripta logo Hari Ulang Tahun (HUT) kaping-277 Kutha Solo. Kreator kasebut yaiku Eighar Maulana Seno Aji.

Advertisement

Eighar mratelakake logo sing diripta iku adhedhasar saja sujarah Canthik Rajamala. Angka loro lan pitu kajupuk saka irung Rajamala. Dene, garis mangisor sing digeret saka angka loro kajupuk saka wujud prau Rajamala. Angka pitu uga kajupuk saka bathik parang asli Solo.

“Rajamala ngemu teges tulak bala. Pangajabe logo iki bisa dadi simbol tulak bala ing mangsa pageblug Covid-19,” kandhane Eighar, Senen (7/2/2022).

Logo kasebut diwenehi werna abang, biru, lan ijo. Werna abang minangka simbol krenteg, angulir pambudi, lan optimisme. Werna biru minangka simbol wong kang wasis. Dene, werna ijo maknane subur lan ngrembaka. Werna ijo uga minangka pangajab Kutha Solo tansah subur lan ngrembaka ing mangsa pageblug iki.

Advertisement

Sadurunge iki, Eighar pancen kerep ngripta logo kanthi asesirah seni lan kabudayan. Salah sijine yaiku ngripta logo sanggar seni ing Solo. “Sajane wis suwe kepingin melu lomba ngripta logo. Nanging ya nembe wani saiki. Logo iku minangka pangajab. Muga-muga pangajabe kabul,” kandhane.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif