Jagad-jawa
Minggu, 17 April 2022 - 19:46 WIB

Geguritan Sri Harnoko

Sri Harnoko  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Talut Kali Jenes di wilayah Kelurahan Pajang, Laweyan, Solo, longsor dan membahayakan beberapa rumah di dekatnya, Jumat (4/2/2022). (Istimewa/Tagana Solo)

Panen Lendhut

Wengi-wengi wingi
Nalikane wong padha turu kepati
Udan angin pindha tinumplek
Gegodhongan jejogedan klawan angin
Dumadakan….
Swara jumlegur lemah longsor
Nrabas apa bae kang dadi pepalang
Nora maelu omah
Nora maelu kreteg
Nora maelu wong liwat
Nora maelu sato iwen
Iku pangamuk nyata
Kridane kisma kang kasia-sia
Kang sasuwene iki pinulasara
Angkuhing manungsa
Saiki, iki pikolehe
Panen lendhut
Mbleber ilining luh lumuber
Udan tangis korban jiwa

Advertisement

Mojogedang, 2022

 

Advertisement

 

Kidung Sadawane Wengi

Anakku
Nalika ing madyaning kutha
Wanci lingsir wengi
Delengen…. Kae….
Kang nedheng turu kepati
Gumlethak ing emperan toko
Kinemulan mega
Nggelar kerdus minangka lambaran raga
Anakku,
Samangsane wengi sansaya mencit
Dheweke katisen lambe biru kecu komat-kamit Kekes
Saranduning balung gumerit
Banjur kepriye puputane, anakku
Adan subuh…
Gumregah, tangi cenkelak
wengi gumanti esuk
Bagaskara anguk-anguk dhuwur gumuk
Asung esem saliring titah
Kang turu kepati jangka
Laku nlusur lurung- lurung lungit
Pangan…
Rinasa medhit
Tan bisa sesambat
Jroning nala jelih-jelih
Ngalintrih mapak jogede sorot bagaskara
Anakku, cuwillna atimu
Tetesana segere embun
Kinarya nata ambegan anyar
Kae uga titah
Ulungna tanganmu
Ranggehen endahe kluwung
Kinarya lelipur pangenthenging sanggan urip
Sapepadhamu
Ngger , anakku

Advertisement

Usada Piniji

Suket grinting
Suket Kaladana
Ron landing
Alang-alang
Adas pola waras
Godhong jarak kepyar
Oyot aren
Dakudi dunung kendanganmu
Kinarya ngrucat lelara
Ngluari panandhang raga
Kang katrem klawan kahanan
Raga sansaya tuwa
Tan kanyana…..
Usada yekti cumepak
Kroncalan, Kari nggelak karep
Jumangkah ngoyak wektu
Nglari…..
Piwulang jejampi simbah kawuri
Eman, kentir obah mosik jaman
Padha nglalekake
Usada saking bumi mring wakmami

Krenteg Ati

Advertisement

Kumelip lintang ilang
Kadusta kukusing keluk muluk
Kang ngebaki dirgantara
Tan kinira njarem teka njero nala
Wengi iki kartikane surem
Kadhung nora gelem
Nyebar endahe esem
Gawe tangis teleng ati
Ampag-ampag panggah pongah
Dina-dina ngatonake kasudiran
Ndadekake saya adoh
Anggonku ngranggeh kluwung
Dakrasa pindha cupet ing nalar
Nganti kentekan tembung
Kanggo ngranggeh las-lasaning ukara
Dina iki, ragaku kesel
Klekaran jroning gelaran
Rina wengi mbabar ros-rosan pring
Srana….
Panglimpe lumakune dina
Murih jenjem gatra-gatra urip iki
Puguh jejeg napaki garising Hyang Wilasa
Ngger, anakku
Nggonku napaki wektu wim meh mencit
Tangi……
Oyaken sumorote bagaskara
Kang ngglewang mangulon kae
Murih besus uripmu
Beksan klawan jogede sang kala
Ngger, anakku
Bapak wis kesel
Dakantu kridamu
Ngger cah bagus
Kanggo ngluwari kabeh krenteg ati
Kang sasuwene ini surem
Ngrantu kumlawene pikiranmu
Napaki uripmu sejati

Mojogedang, 01-2022

Nggumun

Advertisement

Satemene, atiku gumun
Wong-wong kae dha ngapa
gegrombolan ngedhep angka
Tulisan wujud angka-angka bae dijingglengi
Apa ora dha makarya?
Apa dheweke wis kudu mangkono?
Wiwit tabuh sanga esuk nganti sewelas bengi
Ngedhep angka
Klesik-klesik banjur nguyu bareng
Nora suwe….. ana kabar metune angka
Ana sing lunjak–lunjak
Ana sing ngguyu ngakak
Nembus …. Nembus ….. Mbledhos
Nanging ora sethithik kang lelumban ngumbar pisuhan
Ngidhung kalahe ngabotohan
Banjur….. Dheweke,
Lunga nuju papan wingit
Komat- kamit ngecuk mring demit
Wis pokoke aku gumun
Nyipati trekah wong- wong kedanan angka
Banjur…..
Papacintraka

Sri Harnoko
Guru SMPN 1 Mojogedang, Karanganyar

 

Advertisement
Kata Kunci : Geguritan Sri Harnoko
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif