Jagad-jawa
Senin, 27 Juni 2022 - 22:21 WIB

Geguritan Anjrah Lelono Broto

Anjrah Lelono Broto  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

1/
Tanpa Satriya, Tanpa Widadari

kaya-kaya pancen dheweke, Bethari Suprabawati
jumangkah alon ing tepis wiring kasunyatan lan impen
nuli bangku taman kutha mancala mitra
ewon pitakon gadhuhane sang widadari
krana ciptaning dhurung paja katon ambegawan
raganing isih kebak panyuwunan
mangka jonggringsaloka saya bedhah amba
saka krodhane Niwatakawaca

Advertisement

umpama nuli keprungu kidung cuwa
ing selaning gegodongan dalah kembang petamanan
(s)apa kang ketiban supata? sang parta?
dhalang? gelak playuning jaman?
bisa uga para pujangga kang keli nyerat gurit-gurit kasmaran?

Mijil swiwi ing anggane pasopati
pangkon anget widadari tanpa gunem den pamiti
dheweke mabur sambang panggantha mbaka siji
asung sasmita;
yen ta isih ana ulegan kinclong-kinclong
tanpa satriya, tanpa widadari

Mojokerto, 2022

Advertisement

2/
Ngliwati Tabuh Pitu

Jeng, ngliwati tabuh pitu, pedhut bakal kasirna rantak cahya bagaskara
Bun esuk njilma dongengan, kentir adoh kasempyok gojeg prenjak kang ngelikake saben peteng bakal dipungkasi, pepadhang ora butuh kalari klawan nggrangsang ati, krana saben panandhang ngempit solusi

Ngliwati tabuh pitu, Jeng, mung lepek sadhuwuring cingkir panguripan kang nyekseni prosesi sambang wedang kopi menyang lathi dikancani sepi
Apa pancen ijenan kuwi dudu sawijining kadurakan?
Nanging, ngliwati tabuh pitu tanpa rowang uga asring dadi pocapan

Advertisement

Ngliwati tabuh pitu, wolu, sanga, sepuluh, lan sateruse, Jeng, apa pedhut bakal bali?
Aku isih kelingan ananing cakra manggilingan
Yen ta saiki kita bisa mabur miyak mega
Amba jajaning bantala setya ngranti, sawayah-sawayah kita ceblok angrungkepi

Ngliwati tabuh pitu, Jeng, sagunung pangarep-arep gurit iki mbokwaca bebarengan, ora ijenan, kaya nalika dakserat gurit iki

Mojokerto, 2022

3/
Gusti, Paringana Ingsun Sedina Wutuh

senadjan sawuwung ingsun mangerteni
yen ta sembahyangku isih bolong luwih saka siji
nanging kula nyuwun sanget, dhuh Gusti
paringana ingsun sedina wutuh
tanpa merem, tanpa sayah,
tanpa ngelih, tanpa ngelak,
tanpa swara-swara kuwi
kang banget mbrebegi kuping iki

nalika ingsun nyerat gurit (panyuwunan) iki

Mojokerto,2016-2022

4/
Suryakantha ing Sidomukti

marang salembar sidomukti
bocah kuwi uluk salam;
“Kowe nggoleki sapa, Le?”
sacuwil pitakon mletik saka lathi
sidomukti.
“Suryakantha. Kula pengin madosi ibu kula,”

atine bocah kuwi kang kebak tatu
pranyata wus pulih

Mojokerto, 2022

5/
Kelangan Landhep

sakala sakehing kahanan
ajeg lumaku kaya ngono
kembang karuk kutah
tanpa mendung udan sumrambah
tembok kamar njilma pabaratan
panjangka katuweg supata ligan

saiki sliramu
uga mangkono
nelasake dina-dina
binarung swaraning napas tuwa
sayang, tanpa kinanthi saya
landheping panggraita

Mojokerto, 2022

Anjrah Lelono Broto, lair ing Jombang lan samenika cumondok ing Trowulan, Mojokerto. Wiwit SMA ajar nyerat esai, cerpen, uga puisi kang asring kapacak ing media massa lan online (abasa Indonesia lan abasa Jawa). Sawetara seratane klebu jroning buku antologi bebarengan. Dene buku seratane yaiku; Emak, Sayak, Lan Hem Kothak-Kothak (kumpulan crita cekak, 2015), Nampan Pencakan (antologi puisi, 2017), Permintaan Hujan Jingga (antologi puisi, 2018), lan Kontra Diksi Laporan Terkini. Naskah teater anggitane kang asesirah Nyonya Cayo kapilih minangka Nominasi Pilihan jroning Sayembara Naskah Lakon Dewan Kesenian Jawa Timur 2018. Nate kacathet minangka undangan Kongres Sastra Jawa III (Surabaya, 2011), Kongres Sastra Jawa IV (Yogyakarta, 2016), Muktamar Sastra Nasional (Situbondo, 2018), panelis jroning Kongres Budaya Jawa II (Surabaya, 2018), lan peserta Musyawarah Nasional Sastrawan Indonesia III (Jakarta, 2020).

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif