SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Welasan bocah saka SD Pangudi Luhur Santo Valentinus, Manahan, Solo didandani nganggo wedhak putih lan benges abang ing lambene. Bocah kuwi mau padha main teater dongeng ing Balai Soedjatmoko, Minggu (22/4) esuk. Irah-irahane yaiku Kisah Bebek Bernyanyi. Pagelaran iku ditonton puluhan bocah. Bocah saka kelas V lan VI SD kuwi uga diiringake piranti musik. Ana puluhan siswa sing melu guyub ing teater bocah iki.

Ing sawijining dina, ana bebek jenenge Paman Gober lan kulawargane sing sugih banget. Naning deweke cethil, ora gelem weweh tumrap liyane. Bandha dhuwite kanggo kapreluan dhewe. Banjur dadi umuk lan cethil. Sipat kuwi ora disenengi karo bebek liyane.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Miturut Kepala Sekolah SD Pangudi Luhur Santo Valentinus, Manahan, Blasius Paryana, dongeng bebek kuwi dhuwe tujuan sosial yaitu piwulang supaya nyingkiri sipat ala, kaya dene umuk lan cethil. “Umuk lan cethil kuwi sipat ala sing ora disenengi liyan. Dongeng iki bisa kanggo memulang supaya siswa nduweni sipat derma lan welas asih,” ujare Paryana nalika ditemoni Espos sakwise bubaran.

Teater bocah kuwi uga nepungke beksan, tembang lan lan seni peran. Paryana pengin murid-murid kuwi mau bisa nerusake bakat ing teater sak uwise mlebu ing papan pendidikan sing luwih dhuwur, SMP lan SMA. Sukur-sukur bisa dadi bintang film.

Salah sijine bocah, Boni, 12 kelas VI, njlentrehake dheweke seneng nggilut utawa aweh kawigaten marang teater lan seni peran. Boni ing crita kuwi dadi Paman Gober sing cethil lan umuk. “Seneng bisa melu teater ing kene. Crita iki mau duwe pesan aja dadi wong cethil lan umuk,” ujare Boni.

Bocah liyane, Yulius, 12, kelas VI, ing crita iki dadi Donald, uga dhuwe pangarep-arep bisa dadi wong kang dhuwe sipat becik, welas asih lan loma,” ujare.

Adicara kuwi mau, ujare Paryana, lagi sepisan digelar ing papan umum. “Sakdurunge digelar wanci Natal lan unggah-unggahan kelas. Mulane mau kaya isih katon padha isin,” kandhane Paryana. SD Pangudi Luhur dhuwe rong pepanthan teater yaiku murid kelas III lan kelas IV, pepanthan sijine murid kelas V lan kelas VI. Teater dadi salah sijine kagiyatan ekstrakulikuler ing SD kuwi. Gladhene sakben dina Setu.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya