SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Dina kang diarep-arep Erwin lan Sasha wus cedhak. Ananging Erwin kudu gelem nunggu luwih sabar maneh, kurang luwih 8 sasi sawise dheweke mulih saka tugas. Erwin lan Sasha kepingin rabi sawise Erwin mulih saka Papua, nalika jatah tugas jaga Papua saka KKB (Kelompok Kriminal Bersenjata) wus rampung.

Pancen wus dadi syarate duwe bojo tentara, gelem ora gelem kudu ikhlas nalika ditinggal tugas. Sanadyan Sasha durung dadi bojo, ananging dheweke kudu kulina marang kahanan kaya mangkono. Dheweke wus wareg mangan ukara pamit saka Erwin nalika arep ditinggal tugas. Sasha siji-sijine wong kang gemati marang Erwin.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Limang taun kepungkur nalika Erwin nglakoni pendhidhikan militer, bapak, ibu, lan adhine Erwin wus seda amarga melu kobong ing kobongan kang ngratakake omahe. Erwin amung duwe simbah lan pakdhe kang urip ana luar Jawa. Begjane Erwin nemu wong wadon kang gemati kaya Sasha.

Sasha kang durung ikhlas krungu kabare Erwin kudu mangkat tugas menyang Papua amung bisa meneng nyengklung ana ing tegalan sawah sore iku. Angslupe srengenge minggu sore prasasat ukara pamit.

Rambut semu soklat sumendhe ana pundhake Erwin, tumetes eluh kemembeng ana ing pundhak, sirah kang dielus-elus Erwin Sore iku durung mesthi taun ngarep isa sumendhe ana pundhake meneh.

“Nalika tentara pamit mangkat menyang medan perang, padha karo mangkat pamit mati” ukara kang kerep diucapake para prajurit. Rasa sumelang uga tangise Sasha kadya angin sawah ing mangsa ketiga. Dheweke sumelang manawa wong kang dadi calon bojone ora balik saka medan perang. Kamangka dheweke durung kelakon ijab kaya pangarep-arep sasuwene sesandhingan marang Erwin.

“Dhik… kowe kudu ikhlas, aja nangis terus kaya ngene. Aku bakal balik kok, wis ta percaya aku,” kandhane Erwin supaya Sasha mandheg anggone nangis.

“Emoh mas… menawa sliramu ora mangkat tugas dhisik kepriye? Aku sumelang Mas…Awake dhewe taun ngarep wus ijab lho Mas, aku sumelang,” Sasha semaur kanthi swara kang megug-megug.

“Ora isa noo Dhik… iki prentahe komendan, gelem ora gelem aku kudu mangkat tugas, iki lak ya kanggo mbela Negara ta Dhik. Aku janji Dhik…sawise tugasku rampung sliramu bakal rapi nganggo busana manten, lan mapan ana padhi-padhi.”

Wengi iku Sasha ora isa meremake mripate, pikirane uga nggladrah teka ngendi-endi. Kamangka sesuk esuk dheweke kudu nguntapake Erwin menyang bandara. Nalika wektu wus ngancik jam 7 esuk dheweke lagi tangi, tanpa adus lan dandan Sasha langsung mangkat menyang bandara.

Amarga wus ngancik wektu mangkate montor mabur, Sasha amung isa ketemu sedilit nalika Erwin wus jumangkah mlebu Garbarata. Ananging Erwin ninggal tembung nalika pisahan iku.

“Dhik… menawa aku ora isa balik maneh utawa gugur nalika perang, Sliramu oleh milih wong lanang kang isa ganteni aku kok. Ora usah sumelang aku ikhlas Dhik…”

Krungu ukara kaya mangkono praupane Sasha langsung malih pucet. Dheweke duwe pirasat ora apik, dheweke sumelang menawa kandhane Erwin iku dadi ukara pamit salawase. Tumetes eluh wus ora isa kabendung. Dheweke banjur ngrangkul Erwin kanthi bakoh kaya-kaya wegah ngeculake. Ananging Erwin langsung ngeculake rangkulane Sasha, amarga sumelang keri ditinggal montor mabur.

Pipi kang ngembeng eluh, awak kang lemes nandang kahanan amung isa sumendhe ana kamar nalika Sasha wus teka ngomah. Dheweke amung isa dedonga nyuwun keslametan marang Gusti kanggo Erwin.

Ing satengahing wengi nalika nonton TV kanggo nglipur ati amarga sedina ora luput saka tangis, Sasha malah nemu warta kang gawe ati saya kepiris-piris. Montor mabur kang ditumpaki Erwin tiba ana ing tengah segara lor Bali. Tangis kang kudune nemu tamba, malah sansaya ndadra. Sak awak banjur lemes, Sasha amung isa njerit.

“Aaaaaaa… Mas Erwin !!!”

“ Ehh eh eh… Ana apa Ndhuk??? Wus wengi kok bengak-bengok,” pitakone bapak lan ibune.

“Mas Erwin, Buuuuk,” wangsulane Sasha nduding TV.

“Innalillahiwainaillaihirojiun Erwiiinn…sing sabar ya Ndhuk…awakmu kudu tabah Ndhuk. Iki wus pepesthene Erwin saka Gusti Allah Ndhuk,” ibune kang ngupayakake nglerem-nglerem atine Sasha.

“Emohh Buk… aku kudu piye??? Mas Erwin durung mati Buk… iki beritane ngapusi,” tangise Sasha kang isih durung trima.

***

Limang taun sawise kadadeyan tibane montor mabur, Erwin tetep durung ditemokake. Kabeh kulawargane Erwin wus ikhlas manawa Erwin mati. Saka tim SAR uga wis ora isa nemokake jasade Erwin ana ing lokasi kadadeyan. Sasha kang duwe pangarep-arep bakal sesandhingan salawase sawise Erwin mulih, saiki wus muspra lan malah ditinggal salawase. Janjine Erwin arep bali amung sewates ukara manis kang dirungkep dening segara.

Suwe ning suwe Sasha dijodhokake wong tuwane. Amarga bapak lan ibune sumelang manawa Sasha depresi amarga ora ana wong kang isa dadi gantine Erwin.

Wus ana pirang-pirang jinis wong lanang kang mara menyang omahe Sasha, ananging dheweke wegah nampa amarga Sasha pracaya manawa Erwin isih urip. Amarga pikiran kang ora tinemu nalar iku, bapak lan ibune saben dina anane amung nesu lan tetep meksa Sasha rabi karo wong liya.

Amarga isih sedhih lan abot nampa kahanan, Sasha dadi kulina wegah mangan, suwe ning suwe Sasha kena lara tipes. Dheweke kepeksa mondhok ana ing ndhokteran. Saka lara tipes iki, Sasha uga nemu tamba ati kang wus keladuk tatu iku. Nalika sasuwene dheweke mondhok, Sasha nemu wong lanang kang gemati, yaiku dhokter Rudhi.

Pancen kuwi kuwajibane dhokter Rudi gemati marang kabeh pasien. Ananging Sasha ngrasa beda, nalika dhokter kang isih nom iku ngrumat dheweke. Cara ngladeni pasien liyane beda karo cara ngladeni dheweke. Suwe ning suwe tuwuh rasa tresna marang siji lan sijine. Bapak lan ibune Sasha uga sumringah menawa anake kelakon dadi bojone dhokter. Pancen kuwi wus dongane saben wong tuwa “duwe anak dhokter utawa anake dipek dhokter”.

Amarga wus ana telung wulan anggone dhokter Rudi lan Sasha gegendhengan, Sasha wegah kelangan maneh wong kang ditresnani. Bapak lan ibune uga wus rembugan marang besan kanggo acara ijab kang diupayakne kelakon sasi ngarep. Katering lan wedding organizer (WO) wus cumepak, acara ijab wus gari ngetung dina. Sasha ora sengaja kelingan, biyen kang duwe rencana rabi kaya mangkene yaiku dheweke lan Erwin, dudu dheweke lan dokter Rudi.

Ananging Sasha banjur kelingan marang tembunge Erwin biyen “Dhik…manawa aku ora isa balik maneh utawa gugur nalika perang, Sliramu oleh milih wong lanang kang isa ganteni aku kok. Ora usah sumelang aku ikhlas dhik…” Sasha pracaya menawa dheweke sida rabi karo dhokter Rudi, Erwin mesthi ikhlas. Amarga wus mantep marang dhokter Rudi lan wus tiba wanci ijabe, ing dina Minggu sasi Nopember tanggal 30, ana ing masjid desa, dhokter Rudi ngucapake ijabe.

Nalika sawise ijab lan padha salam-salaman, Sasha mengo madhep mburi nonton lawang kaca masjid. Dheweke weruh wong lanang kang pawakane persis Erwin, gedhe dhuwur, lan kulite sawo mateng. Banjur Sasha mlayu metu saka masjid lan nututi wong lanang nggegem kembang kang sajak kanggo oleh-oleh utawa bebungah iku.

“Pak… Pak…,” Sasha ngundang wong lanang iku kanthi alus.

Ananging wong lanang iku terus jumangkah senadyan sikil kiwane kudu diseret nalika mlaku. Banjur ing mburi masjid, wong lanang iku mandheg anggone jumangkah. Wong lanang iku banjur mengo memburi, eluh tumetes ana ing pipine kang kebak bekas tatu iku. Kembang kang ana ing tangan tengene banjur diwenehake Sasha. Sasha njerit banter lan nangis kejer.

“Mas… Erwiiiiiinnnnn,” jerite Sasha kang ngundang kagete wong sak masjid.

“Aku janji bakal balik… ora janji arep mati Dhik.”

“Mas Erwiinn…,” Sasha isih durung pracaya lan dheweke durung isa ngomong apa-apa.

Jebul kandane Erwin nalika arep mangkat biyen ana benere “sawise tugasku rampung sliramu bakal rapi nganggo busana manten, lan mapan ana padhi-padhi”. Saiki ukara iku wus jumbuh karo kahanan ananging ora jumbuh karo rasa katresnan.

 

Naufal Bahauddin Wafi

Pandhemen Sastra Jawa dedunung ing Gandurejo, Gemolong, Sragen, Jawa Tengah

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya