SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kanggone bebrayan ing karangpadesan panguripane Pak Hadi sakbrayat iku kalebu anja. Pak Hadi minangka guru SD lan Bu Ratih garwane sing angular budine gawe maneka warna cinderamata iku kaya ora nate nemoni perkara kang abot sakdawane uripe. Duwe anak loro kedhana-kedhini, Citra lan Irawan, lelorone sekolahe uga maju. Cekak cukupe ing desa Karangsari kono, kulawarga iku dadi pocapan kanggo patuladhan.

Sore iku Bu Ratih lagi greneng-greneng karo garwane ing teras ngarep. Lelorone ngadhep cangkir isi kopi kumebul lan pohung goreng kang lagi wae dientas saka wajan dening Bu Ratih.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

“Ngapa ta, Bu? Daksawang-sawang pirang-pirang dina kok kaya ana sing mbokpikir,” tembunge Pak Hadi mbukani gunem karo nyelehke ponsele ing sisihe cangkir.

“Ora kok, Pak. Wingi pas njagong nggone Pak Lurah iku lho, aku kan lungguh jejer karo Bu Hasto. Maune ki ya biasa mung kabar kinabaran, kok suwe-suwe njur nyandhak neng sesambungane gendhuk Citra karo Argo,” lirih ngendikane Bu Ratih.

“Lha omong bab apa,ta?” Pak Hadi nyoba nlesih. Ana sapletik rasa kuwatir amarga Bu Hasto iku pernah bulike Argo, adhike Pak Haryoto, bapake Argo.

“Ya mung greneng-greneng, kapan sesambungane Argo karo Citra iku diresmekke, wong yawis padha-padha umure. Argo ya wis sukses dadi pengusaha mudha, Citra ya wis sarjana. Apa meneh sing ditunggu…,” jlentrehe Bu Ratih.

“Banjur wangsulanmu?” pitakone Pak Hadi ngoyak.

“Yaa…kaya biyasane, Pak. Nek aku karo panjenengan ki ya manut karo sing nglakoni. Citra kepengin ngrampungake S2-ne dhisik. Kepengin nyambut gawe, lagi arep omah-omah. Lan…ya biyasa watake Bu Hasto….njur mbandhingake karo si A…si B…kana-kene. Aku ya mung mesem wae, ora daktanggapi. Wong mesthi ora ana juntrunge,” kandhane Bu Citra sareh.

Wong loro banjur amem, keli ing alam pikirane dhewe-dhewe. Citra anak mbarepe iku pancen digadhang-gadhang dadi peneruse wongtuwane. Ing padesan senadyan uripe kajen keringan ning saktemene dudu kalebu kulawarga sugih. Sugihe wong karang padesan iku nek nduweni sawah jembar, pekarangan amba, omah gebyog magrong-magrong. Pak Hadi klebu wong neneka ing desa kono, dene Bu Ratih pancen lair nganti tuwa ing desa Karangsari kuwi.

Emane wongtuwane Bu Ratih biyen uripe nelangsa. Sawah lan pomahan sing kudune dadi hak warise malah digagahi kabeh dening kakange. Sanadyan diupayakake sarana proses hukum, nanging kalah dhuwit, kalah dukungan pamong desa kang doyan dhuwit, wusana kalah. Malah omah sakpekarangane anggone badra wongtuwane biyen katut kadol kanggo wragat sidhang. Iku kabeh lelakon klawu kang disimpen rapet dening Bu Ratih sakbrayat. Uripe mung modhal kapinteran lan keprigelan sing ora bisa direbut dening sapa wae. Ora kaya sawah lan lemah warisan.

Minangka guru SD, waton ora neka-neka uripe kalebu cukup. Apamaneh Bu Ratih iku ubed. Dheweke pinter mangsak, pinter ngrajut, bisa njahit uga. Mula sanadyan cilik-cilikan usahane werna-werna. Sanadyan asile ora pati akeh, isa ngrewangi sing lanang nambal kekurangan kanggo kebutuhan saben dinane. Dene Citra pancen sawise lulus sarjanane malah isih kepengin nerusake sekolah, Dheweke kepengin dadi dhosen, sukur isa dadi dhosen ing PTN.

Sarat minangka dhosen saiki paling ora kudu lulusan S2, Magister. Sawise usaha mrana-mrene wusanane entuk beasiswa saka pamarentah kanggo nerusake S2-ne iku. Manawa kudu wragad dhewe terang Pak Hadi ora saguh. Saliyane wragate luwih gedhe, uga isih kudu ngragadi sing waruju, si Irawan kang lagi ngancik semester V.

Sesambungan katresnan antarane Citra lan Argo wis lumaku wiwit lelorone isih padha kuliyah sanadyan beda kampus. Sanadyan mung tangga desa, saktemene kenale uga ora wiwit cilik mula. Pak Haryoto, wongtuwane Argo iku pancen asli kelairan Karangsari, nanging wiwit enom bebadra urip ing kutha. Bareng wongtuwane ya simbahe Argo wis padha kapundhut, Pak Haryoto bali ing desane, ngrumati tinggalane wongtuwa uga njembarake usaha ing sakiwa tengene desa.

Sesambungan iku wis dipengestoni kulawarga lelorone. Bocah-bocah saiki iku beda, ora gelem kesusu diwiwaha, diningkahake, pawadane kepingin njejegake uripe luwih dhisik. Utamane si Citra kepengin ngrampungake S2-ne dhisik lan cekel gawe. Mula kulawarga ya nglenggana. Nanging sing jeneng urip ing padesan iku, apa wae dadi rasanan. Apik lan ala padha dene dirembug, amarga ora kabeh wong nduweni panemu kang padha.

“Lha sakjane piye ta, Pak? Citra kuwi, wong S2 ki ya oleh kok menawa wis ningkah. Aku kala-kala ya risi krungu rasanane tangga, wis rendang-rendeng padha umure, selak dadi prawan tuwa….,” Bu Ratih wiwit kaca-kaca paningale.

“Hmmm…piye ya, Bu. Minangka wongtuwa ya lumrah yen kepengin enggal mantu, momong putu. Nanging aja lali, sing nglakoni ki anak ya, Bu. Aja nganti dheweke njupuk keputusan kang penting kanggo uripe mung amarga nuruti karepe wongtuwa. Aja, Bu. Kena ngandhani, menehi wawasan, ning aja gawe keputusan,” jlentrehe Pak Hadi kanthi sabar.

Kepeneran utawa pancen atine krasa, dina kuwi jebul Citra bali menyang ndesa. Bu Ratih lan Pak Hadi ora nyingidake rasa gumbirane, amarga Citra ora ngabari sadurunge. Sawise kangen-kangenan lan mangan bebarengan, bengine banjur jagongan ing ngarep TV, kaya biyasane manawa Citra neng omah.
“Adhimu kok ora mbok jak bali sisan ta, Ndhuk?” pitakone Bu Ratih. Amarga Citra lan Irawan padha-padha sekolah ing Jogja.

“Lagi akeh tugas jare, Bu,” Citra wis kulina mung ngoko alus menawa karo ibune, nanging nganggo krama madya yen matur karo bapake. Pakulinan wiwit cilik.
Nyawang praupane Citra kang kaya kurang gumbira, ing atine wongtuwane sakloron krasa was sumelang. Gek ana kedadeyan utawa perkara apa kang ngeboti pikirane. Nanging lelorone ora ana sing miwiti pitakon. Nunggu Citra dhewe kang miwiti. Sakwise amem sakwetara, wusana Citra mbukani rembug uga.

“Pak…Bu, nyuwun pangapunten sakderenge, nggih. Kadose sesambetan kula kaliyan Mas Argo mboten saged kalajengaken,” tembunge lirih. Sok ngonowa wis klakon gawe njola penggalihe wongtuwane. Sawise unjal ambegan sedhela, Pak Hadi banjur ndangu.

“Lha, sebabe apa, Ndhuk?” sareh Pak Hadi miterang.

“Nggih sampun mboten wonten cocogipun, Pak. Mumpung dereng kelajeng, kula kinten langkung sae dipunpungkasi sakmenika,” kandhane terang trewaca. Nanging tetep durung menehi alesan kang gumathok. Geneya sesambungan kang wis dipangestoni dening para pinisepuh kok kudu bubrah. Kanthi abot Citra njlentrehake sebabe.

Miturut omongane Citra, sejatine maune ya ora ana apa-apa, kaya sing wis disarujuki sakawit. Citra njaluk wektu kanggo ngrampungake S2-ne kang kari pirang sasi, amarga saiki wis wiwit nulis tesis, uga kepengin nggolek gaweyan dhisik. Argo bubar lulus pancen nerusake usahane bapake ing Surabaya, usaha ‘penyalur’ piranti tetanen kang wis cukup maju ing kana, ngganteni bapake kang kondur menyang desa. Durung suwe iki jare dheweke teka ing Jogja ngajak rembugan wigati karo Citra.

“Citra…saktemene, apa ta sing mbokgoleki? Wong kowe ya wis sarjan,” kandhane Argo mbukani rembug ing sore iku.

“Sakjane njenengan ki meh ngendika apa ta, Mas?” pitakone Citra alon.

“Aku kepengin sesambungane awake dhewe gek diresmekake. Angel Cit, aku kudu urip ijen ing kutha liya. Tur meneh saka asile usahaku iku dakkira wis cukup kanggo urip awake dhewe tekan anak-anak mengko,” kandhane Argo teges.

Citra rada kaget. Kaya-kaya saksuwene iki Argo ora nduweni sikep kaya mangkono.

“Nanging aku kepengin mandhiri uga, Mas. Ora mung gumantung marang panjenengan,” tembunge angluh ngemu kuciwa.

Sore iku malah dadine regejegan rada rame. Wong loro cengkah kekarepane. Argo nggekeng kudu cepet omah-omah, kudu ana sing ndhampingi sasuwene dheweke urip ing Surabaya. Dene Citra uga nggekeng ngukuhi panemune, yen dheweke kudu nyambutgawe luwih dhisik lagi sumadya ningkah karo dheweke. Lelorone padha atose.

“Ya wis, Citra. Perluku nemoni awakmu, saliyane kangen ya kanggo rembugan wigati kuwi. Dakwenehi wektu seminggu kanggo mikir. Daktunggu keputusanmu,” tembunge Argo karo menyat lunga ngampet emosi.

Wongtuwane loro legeg krungu critane anake.

“Ndhuk….sakjane mono ora ana sing salah. Kabeh bener. Argo ya ora salah, amarga dheweke wis rumangsa cukup, wis rumangsa kuwagang minangka calon kepala rumahtangga. Kowe anakku, uga ora salah. Ing jaman samengko Ndhuk, senadyan bocah wadon ya kudu pinter, kudu mandhiri, ora mung nyadhong tangan marang sing lanang. Amarga urip iku ora ajeg. Akeh wae ngger, bareng uripe wis mulya, mubra-mubru njur golek liya. Wong lanang sing sake kandel iku godhane gedhe, akeh wong wadon kang mung kepengin nunut mulya. Ora ngregani pangrasane wadon liya,” akeh-akeh ngendikane Pak Hadi, sing wose tetep condhong marang keputusane anake wedok.

“Nanging iki ora mung perkara bener lan salah, Ndhuk. Iki uga perkara pangrasa. Menawa kowe lan Argo iku padha dene tresnane, mesthine kabeh bisa dirembug. Ora banjur punggel ngono wae. Kabeh gumantung marang kowe sakloron,” ngendikane Pak Hadi isih nutugake. Dene Bu Ratih mung dheleg-dheleg ora kawetu omonge. Abot banget kanggone dheweke nggagas perkara iki.

Wiwit ketemu ing Jogja wulan sadurune, nganti seprene tetep ora ana pirembugan maneh. Citra wis mantep, manawa Argo nggekengi panemune, dheweke trima mundur. Wurung anggone pepacangan. Sedhih, lara, nanging dikayangapa dheweke ora bisa minangkani panjaluke Argo kudu neng omah, cukup dadi sisihane, lan mbesuk nggulawenthah anak-anake.



Sejatine Citra uga percaya marang katresnane Argo, uga ora duwe pikiran piye-piye ngenani dina tembe. Nanging dheweke kepengin ngurmati wongtuwane. Minangka wongtuwa kang prasaja, wis mletik penggalihe nyekolahake dheweke ing pawiyatan luhur liya kutha, lan kuwi kabeh ora kanthi gampang lumakune. Kerep Bapake kudu golek utangan kanggo mbayar kuliyahe. Apa iya dheweke kudu tega. Citra ngerti, dudu dhuwit bayarane, utawa piwalese marang wongtuwa kang ditunggu bapak lan ibune. Nanging rasa bombong, rasa mongkog minangka wongtuwa kang wis kasil ndhidhik anake, iku piwales kang mesthine dipenggalih bapak ibune.

Seje critane karo Argo. Ora ngira manawa panemune ditolak mentah-mentah karo Citra. Saka rumangsane Citra iku tansah alus, ruruh, manut, ora nate wangkal. Jebul ing prekara iki babarpisan ora bisa dieluk. Atine judheg, amarga Citra wis nandhesake keputusane liwat WA, babar pisan ora nganggo koma. Dadi kelingan iki kabeh mula bukane saka ngendikane bulike, ya Bu Hasto, adhike bapake. Kang asring nggrenengi sesambungane karo Citra, sing dadi rasanan, sing selak dadi prawan tuwa, sing jare kaya ora ana wong wedok liya.

“Sajane kowe lagi ana perkara apa ta, Le? Daksawang kok olehmu mbentoyong,” tembunge Ibune ngagetake Argo.

Saking pikirane muyeg dhewe nganti ora krasa diulati Ibune. Sawise nggresah alon dheweke banjur crita larah-larahe. Wiwit saka rasanane bulike, nganti tekan rembugane karo Citra kang pepuntone malah buntu. Citra ora gelem nerusake sesambungan lamun ta ing mengkone mung cukup dadi ibu rumahtangga.

“Le, pikiren kanthi wening. Aja grusa-grusu gawe keputusan. Kabeh timbangen apik lan orane, kurang lan luwihe. Ing jaman saiki ya Le, panguripan saya angel, kesempatane wanita lan priya ing babagan pangupajiwa iku padha. Aja gemagah rumangsa kuwagang. Urip iku ora ajeg. Yen kowe pancen tresna tenan karo Citra, kudune kabeh iku dadi tetimbanganmu. Kok aneh, duwe calon bojo ayu, pinter, kepengin mandhiri kaya Citra kok malah mbok inggati,” ngendikane ibune sereng.

Pak Haryoto sing krungu anak lan ibune padha regejegan uga banjur nyedhak. Amarga ibune wis ngomong akeh-akeh kang wose padha karo panemune, mula mung trima meneng ngrungokake.

“Wis ya Le, Ibu wis menehi panemu, ning kabeh keputusan ana ing tanganmu,” ngendikane ibune sareh. Pak Haryoto uga manthuk ngyakinake.

Sorene Argo kang pancen sengaja bali menyang desa, budhal menyang omahe Citra. Sawise nimbang-nimbang lan mikir dawa, sore iku dheweke wis mantep gawe keputusan. Ora preduli kepriye mengko anggone Citra nyawang dheweke, sing baku atine wis mantep. Ora bakal ngrungokake omongane wong-wong sing ora cetha juntrunge. Urip iku jare pilihan, yen wis milih mesthi kudu nanggung resikone. Ninggal cathut pinggir lurung, becik mbacut tinimbang wurung,

Semarang, 31 Maret 2021



Sriyanti S Sastroprayitno
Dosen Departemen Kimia FSM Universitas Diponegoro Semarang, pandhemen sastra Jawa, nulis geguritan lan cerkak.





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya