SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Mripatku isih riyip-riyip nalika ana swara wong omong-omongan ngganyik gayeng banget. Nanging aku ora niat menyat saka kasur sing posesife ngalahi bojoku. Mau bengi ana lemburan gaweyan tekan wengi, bubar subuh langsung ngglethak bablas ngebluk sisan. Aku ngerti iki ora sehat nanging piye maneh mripatku rasane kaya dijait.

“Wis jam 8, Pak. Jare arep njupuk kerdus neng nggone Mas Haris? Sida ora?” swarane bojoku sing kaya penyiar radio Gagak Rimang kae ngageti anggonku ngenam ngimpi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Mang menit engkas, Bu,” mripatku jan isih kelet tenan rasane. Lagi arep molet dumadakan sikilku wis kedhisikan disabet bojoku sambi mbengok tangi ora. “Iya, Buuuu. Iyaa.”

Aku lungguh sambi ngucek-ngucek mripatku. Bojoku isih malang kerik sambi nggrundel. Ah digrundeli saben dina kok ya ora jeleh aku ki. Malah tambah tresna. Yen arane cah saiki aku pancen bucin.

“Lah, ngapa kok nyeblak nganggo pang godhong dhondhong ngono, Bu?” aku gumun kok isa-isane nyeblak aku ora nganggo sapu kaya biyasane nanging sak pang godhong dhondhong.

“Eh kuwi mau tangga anyar ngarep kae lho, Pak. Iki mau tepungan, arep nggugah awakmu ora oleh. Tibake wong Purwodadi lho, tanggamu gek-gek. Nembung godhong dhondhong arep nggo njangan becek. Iku mau aku sisan njaluk diwarai njangan becek sing enak. Owala tibake sasuwene iki aku ora tau nganggo kencur ya, mulane ora enak,” kaya biyasane bojoku nek wis ngomong kaya sepur kae. Ejes-ejes terus.

Aku mung ngrungokke sambi mlaku nyang jedhing. Dadi rame-rame iku mau tibake tangga anyar dolan ta. Ya wajar wae yen nganti njaluk godhong dhondhong. Neng perumahan iki mung kene sing nandur wit dhondhong. Bojoku niat nandur merga yen sewayah-wayah pengin masak jangan becek ora kangelan nggolek godhong dhondhong sing ora didol neng bakul blanjan kene. Emane bojoku mangsake durung bisa memper rasane. Wajar wae pancen ora asli Purwodadi. Lagi ngerti sebabe mau saka critane bojoku yen mangsake kurang kencur. Ngalamat nyambung tenan iki mengko yen jagongan. Aku cepet-cepet ngrampungi urusanku nyang jedhing banjur nyelah montor nggeblas njupuk kerdhus nggone kancaku. Akeh barang kang kudu dipaketke.

Ora suwe anggonku njupuk kerdus. Tekan ngomah langsung bojoku tak berdayakan kanggo mbungkusi cetakan buku sing kudu age-age dikirim. Sire mau arep mangsak nanging tak penging. Mangsak sega wae. Gampang mengko metu wae yen rolasan. Yen ora ndang dikirim ngalamat diseneni pelanggan. Bojoku manut. Aku sakloron ubet mbungkusi nganti ora krasa yen ana wong uluk salam. Aku kedandapan mbukak lawang. Wong wadon saumuran bojoku nggawa mangkok kang isine nggawe wetengku nyanyi merga gandane jan marai ngelih sanalika. Aku durung tau kepethuk dheweke. Apa tangga anyar ngarepan iku ya?

“Nggih. Madosi sinten, Mbak?”

Wong wadon kuwi ora gage nyauri pitakonanku malah ora kedhep anggone ngingeti aku. Diulati ngono aku dadi pekewuh dhewe.

“Mas Mujib?” weruh aku ora gage nanggepi dheweke nerusake anggone ngomong “Aku Laras. Loh, ora ngira yen Mas Mujib manggon kene. Bojoku pindhah tugas Solo, Mas, njupuk perumahan kene. Ora ngira yen tanggaku ngarep jebul jenengan. Iki mau aku janji mangsake jangan becek kanggo Mbak Inten.”

Dheweke ngomong dhewe tanpa dakjaluk. Ah angen-angenku dadi nglambrang ing mangsa kawuri.

***

“Bapak kok pengin mangan jangan becek ya. Sueger ketoke.” Sore iku ujug-ujug bapak ngendikan ngono bubar nyemak wacan Qur’anku karo Mbak Iffah. Bengi iki aku kudu setoran menyang Yai Fuad.

“Bapak iki senengane dadakan kok yen ngersake apa-apa ki. Ora ana iwak wedhus utawa sapi, ndadak golek godhong dhondhong barang,” ibuk katon mangkel yen bapak wiwit aneh-aneh. Maklum wae jangan becek, jangan khas saka tlatah Grobogan iku pancen jangan sing digawe saka daging wedhus, bisa uga sapi utawa kebo utawa sing ora bisa mangan daging sikil papat, pitik uga bisa. Malah sing babar blas ora isa mangan daging merga alesan kesehatan utawa pancen kere ora isa mangan daging, bisa uga dimodifikasi nganggo tempe. Sing baku kudu nganggo godhong dhondhong. Kamangka ora kabeh wong nandur wit dhondhong. Biasane ana wong sing nduwe wit dhondhong sing kanggo jujugan tangga-tangga liyane. Biyasane paling rame yen dina qurban amarga kabeh padha nduwe jatah daging dhewe-dhewe sing arep dimasak becek. Becek uga dadi suguhan tamu ing acarane wong nduwe gawe.

Perkarane sing nduwe wit dhondhong saiki mung kari loro ing dhusunku. Mbiyen lumayan akeh nanging kena ama cabuk (kaya wereng nanging putih-putih nemplek ing pang) langsung padha mati. Sing paling penak dijaluki godhong dhondhong iku Mbah Marsam, nanging daleme rada mengidul. Aku kadhangkala aras-arasen yen didhawuhi ibu nyuwun godhong mrana kajaba rame-rame. Jan-jane ana sing luwih cedhak, tangga ngarep omah. Ning ya kuwi, medhite ora njamak.

“Saanane wae, Bu. Ora kudu saiki. Ora iwak wedhus apa sapi ya ora papa. Tempe-tempe ya kena,” ngendikane bapak.

“Ya wis, sesuk ben Iffah golek iwak sapi sethithik ae neng pasar nggo tamba pengin bapak. Mujib, sesuk suwunke godhong dhondhong neng nggone Mbah Marsam ya,” dhawuhe ibu. Aku lan Mbak Iffah mung bisa “nggih” bebarengan.

Sesuke aku sida digoncengke Mbak Iffah menyang pasar. Aku paling seneng lunga bareng Mbak Iffah mergane mesthi oleh jajan werna-werna. Yen karo ibu mesthi akeh ora olehe. Sakjane atiku sedhih merga sedhela maneh Mbak Iffah arep omah-omah karo Mas Sholeh. Mesthi aku mengko bakale ditinggal. Mbakyuku sing mbarep, Mbak Nikmah wis omah-omah suwe. Dadine pancen paling cedhak aku karo mbakyuku sing jenenge Iffah iki. Tekan ngomah aku langsung didhawuhi Mbak Iffah nyuwun godhong dhondhong dene dheweke ngurusi daging lan nggawe bumbu.

Aku nyengklak pitku. Lagi entuk limang olahan ujug-ujug ana sing nyeluki aku.

“Mas Mujiiibb, arep neng endi?” swara sing asale saka ndhuwur. Aku ndhangak. Masya Allah, tibake Laras. Putrane Pak Kasirun tangga ngarep omah. Dheweke lagi menek wit dhondhong sambi nyokoti woh dhondhonge. Jan cah wadon siji kuwi pecicilane ora njamak.

“Arep neng nggone Mbah Marsam njaluk godhong dhondhong,” semaurku cepet.

“Lho? Gak usah, Mas. Iki tak jipukke ya. Tampanen saka ngisor. Iki ana sing enom, ana sing rada tuwa. Wis tak jupukke sak pang wae sing gampang dipoklek,”

Durung nganti aku ngomong iya apa ora dheweke wis nguncali aku sak pang cilik godhong dhondhong. Aku mamang. Aku wedi didukani Pak Kasirun.

“Gak papa iki, Ras? Ora didukani bapakmu?” aku nakyinake.

“Wis gak papa. Mung godhong wae kok e,” wangsulane marai aku ayem.

“Ya wis maturnuwun ya,” wusana aku bali ngomah sambi nggawa sak pang cilik godhong dhondhong.

Tekan ngomah Mbak Iffah gumun kok cepet men nanging ora nlesih luwih jero. Dheweke lagi nggodhog daging kareben cepet empuk. Bubar iku aku didhawuhi ngonceki brambang bawang, methiki lombok, ngiris kencur lan ditambahi tumbar banjur diuleg. Kawit cilik aku wis dibiyasake Mbak Iffah neng pawon. Jarene masak iku ora perkara lanang utawa wadon. Masak iku kabisan kanggo urip.

Lagi ngganyik neng pawon karo Mbak Iffah dumadakan ana rame-rame neng njaba. Aku karo Mbak Iffah ora bisa ora penasaran. Bumbu sing durung dadi tak tinggal ngono wae. Mbak Iffah uga ngetutke aku saka mburi. Geni ora dipateni amarga pancen nggodhog daging iku suwe dadi rapapa yen ditinggal sedhela. Neng njaba ana bapak, ibu, pak Kasirun karo Laras sing lagi nangis-nangis.

“Lha kuwi bocahe. Kene balikke godhonge!” aloke Pak Kasirun sengak nalika ngerti aku metu saka ngomah.

“Bapak jahaat…hu..hu..hu..” Laras mingseg-mingseg sambi nggebugi tangan bapake.

“Kowe lancang karo bapak. Sapa sing ngidine menehi godhong?” ngomong ngono karo ngeplak pipine anake. Kaya ngono pancen wis dadi sega jangan saben dina. Jan-jane mono mesakke anake si Laras iku. Korban KDRT. Nanging tanggane yen melu ikut campur biyasane dadi dawa urusane. Wis bola-bali ditekani Pak RT nanging panggah dibaleni wae.

Bapak ndhawuhi aku cepet-cepet njupuk godhong sing tujune kok durung nganti dimangsak. Godhong dhondhong sak pang iku tak wenehke Pak Kasirun, dijaluk kasar lan langsung dingo nyabet bokonge Laras. Laras diglendheng bali karo tetep isih nangis.



Aku, bapak, ibu lan Mbak Iffah mlebu ngomah. Kabeh padha ngingeti aku. Socane bapak marai aku mengkeret. Aku ora tau wedi kayangene yen diulati bapak. Yen wacan quranku kliru wae aku ora sewedi iki.

“Dhawuhe ibu lan mbakmu piye wingi?” ngendikane bapak jan marai aku pengin ngilang saka bumi wektu iku uga.

“Nyuwun ron dhondhong teng nggene Pak Marsam,”

“Banjur sing mbok lakoni?”

“Ngapunten sanget bapak. Kalawau kula pancen mpun badhe mrika nanging kula ditawani Laras. Kula mboten saget nampik. Kula kinten nggih sampun halal, Pak. Ngendikane bapak sing penting mboten colong jupuk,” najan ngewel nanging aku tetep kudu bisa matur. Aku rumangsa ora lupt-luput banget kok.

Bapak mung meneng nanging bisa dakwaca yen bapak wis ngapurani aku. Bapak ndhawuhi Mbak Iffah ora usah masak becek. Diganti liyane wae. Wusana daging iku dimangsak asem-asem. Nanging mangsakan kuwi blas rasane ora marai selera maneh.

***

“Le, sampeyan ngijabke Mbak Iffah ya, neng ngarepe layone bapak,” kanthi teges senajan mripate teles, Mbak Nikmah nggegem tanganku.

Aku ora ngerti kudu kepiye. Daksawang bendosane bapak. Ing kiwa tengen wis akeh wong sing layat. Bapak wis rampung disholati. Aku mingseg-mingseg. Ya Allah Gusti, aku isih kelas loro MTs, ora ngerti kudu kepriye.



“Awakmu isih cilik, awakmu iku ragil, nanging awakmu iku lanang dhewe, Le. Awakmu dadi waline Mbak Iffah. Kudu kuwat. Ben bapak enggal bisa disareake,” mbak Nikmah ngekep aku aweh panglipuran. Nanging aku panggah bingung.

“Aku kon piye, Mbak? Aku gak mudheng. Hu..hu..”

“Mengko diajari Abah Yai. Mengko awakmu pasrah wali. Mengko dibimbing abah Yai. Manuta. Mesakke ibuk. Bapak mesthi mongkog karo awakmu. Kudu kuwat,”

“Nggih, Mbak.” kanthi lirih aku nyanggupi tanggung jawab iki. Mbak Nikmah ngekep aku pisan maneh. Ing mburiku Mbak Iffah lagi dilipur budhe lan bulik. Ing sisih liya, Mas Sholeh, calon bojone Mbak Iffah ditenangke Mas Yazid garwane Mbak Nikmah. Akeh wong sing wis ngenteni aku. Mbak Iffah arep diijabke kanthi kahanan kaya ngene. Tanpa kebaya penganten. Ora ana tetabuhan suka parisuka. Sidane Mbak Iffah klakon ijab ing kahanan udan tangis.

Aku babar blas ora ngira yen dina iki bakal nemoni lelakon kayangene. Ora ngira yen bapak bakalan kapundhut nalika ngimami sholat subuh ing langgar. Ora ngira yen jangan becek wingi pepinginan bapak sing pungkasan. Pepinginan sing durung kaleksanan. Kabeh gara-gara aku. Ngapa aku ndadak nampa godhong dhondhong saka Laras. Upama wektu isa diputer aku pengin banget dina iku langsung nggeblas menyang omahe Mbah Marsam.

Dina-dina sabanjure omahku isih rame merga saben bengi dianake tahlilan kanggo bapak. Bapak piyayi apik. Akeh sing rawuh melu tahlilan utawa ngucapake belasungkawa. Ing dina kapitu nalika tamu wiwit mulih lan kahanan malih sepi, Pak Kasirun sakulawarga nemoni ibuk lan Mbak Iffah. Aku uga didhawuhi nemoni. Laras uga melu nanging ora wani nyawang aku. Kabeh omongane Pak Kasirun ora tak gape. Senajan ibuk lan Mbak Iffah wis paring pangapura, nanging ora kanggo aku. Nalika kulawarga iku nyalami aku, aku pilih nggegem tanganku.

“Mas Mujib, Sepurane…” tangane Laras daksampluk banjur daktinggal lunga nyang kamar. Swarane ibuk isih keprungu nyeluki jenengku nanging aku pilih ngrukupi raiku nganggo bantal. Atiku rasane seseg.

Sabubare kedadeyan iku aku blas wegah sapa aruh karo Laras utawa kulawargane. Senajan aku ngerti dheweke asring ngaruh-ngaruhi nanging ora tau dakgagas. Atiku wis ketaton banget. Wiwit dina iku aku blas emoh mangan sing arane jangan becek utawa sing mambu-mambu dhondhong. Kaya ngono kegawa nganti aku gedhe lan omah-omah. Aku entuk bojo wong Solo sing ora paham jangan becek. Dheweke seneng banget nalika dakajak dolan neng nggone Mbak Iffah lan dimasakke jangan becek. Malahan dheweke diwenehi bibit dhondhong kanggo ditandur.

“Ngarep omah kae najan ora amba nanging isih isa yen dingo nandur wit dhondhong lho, Mas. Mengko aku isa mangsak dhewe. Oleh ya, Pak?” ujare Inten, bojoku nalika digawani bibit dhondhong dening Mbakyuku.



Aku mono sakjane wegah. Nanging aku pancen ora isa nolak yen Inten wis njaluk apa-apa. Dheweke seneng banget. Prasasat dhondhong ngarep omah kuwi sing nandur lan ngopeni nganti ngrembuyung ya dheweke. Mung dheweke isih durung bisa niru mangsakane Mbak Iffah. Rumangsane resep saka Mbak Iffah wis diterapke nanging isih panggah ana sing kurang. Aku ora tau gelem ngincipi merga isih kegawa trauma mbiyen.

Nanging dina iki malah ana jangan becek sing ambune memper kaya jangan becek sing diolah ing ndesaku. Gandane uga seger. Godhong dhondhonge kecut-kecut mingini. Persis ing ngarepku. Mung semangkok jangan becek. Nanging isa nggawe pikiran nglambrang tekan endi-endi.

***

“Loh, Mbak Inten? Kok ngamping ta? Mangga pinarak mriki. Iku lho bapake kok ya tamune ora dikon mlebu. Hash…piye sih, Pak?” bengoke Inten marai aku lan Laras gragapan. Tibake wiwit mau aku lan dheweke ndhingkluk ngenam pikire dhewe-dhewe.

“Oh ya, Mbak. Mangga-mangga. Ah jenenge ketemu tangga ngarepan mbiyen. Dadi asik dhewe ya, Mbak. Mangga, Mbak Laras,” aku nyoba netralke kahanan.

Bojoku mlongo “Loh, Mbak Laras ki tanggane bapake ta? Ealah kok isa kebetulan ngene ya? Haha tangga ketemu tangga. Mangga, pinarak, Mbak,”

“Haha nggih, Mbak. Kula nggih kaget kok. Mbak Inten, niki kula aturi sayur becek, Mbak. Maturnuwun sanget lho sampun diparingi ron dhondhonge,” Laras uga nyoba nyanaki bojoku.

“Ya Allah namung ngaten ae kok repot-repot,”

“Saestu mboten repot kok. Mbak, niki mangkoke diasta riyin nggih. Kula nilar gendhuk soale. Sanes wekdal mawon mangke ngobrol-ngobrol malih. Mas Mujib, wangsul riyin nggih,”



“Lho, dhahar bareng lho, Mbak Laras?”

“Mpun, disekecaken. Mangga, Mas, Mbak,”

Bojoku nguntabke tekan gerbang. Banjur ora suwe dheweke mlebu ngomah. Aku isih ngulati jangan becek ing meja.

“Beneran pas rolasan ana panganan teka dhewe, Pak. Dhahar sik yuk, Pak. Tujune mau aku tetep mangsak sega,” bojoku katon semangat kaya ora tau mangan setahun.

“Paakk…beceke enak, seger, kaya mangsakane Mbak Iffah,”

“Penting ora mau nangis apamaneh meninggal,” alokku niruke youtuber kuliner kae. Aku dijiwit bojoku.

“Sesuk aku meh njaluk warah Mbak Laras piye ben mangsake enak kayangene. Ki lho, Pak, jajalen,” bojoku meksa ndulang aku ngincipi.

“Enak. Seger. Kencure krasa,” semaurku.

Saking senenge nganti bojoku ora sadhar yen sasuwene iki aku emoh mangan jangan becek. Sasuwene iki aku ora tau antusias yen dheweke njaluk ngoreksi rasa mangsakan jangan beceke sing kurang. Aku pancen ora tau crita. Kayake pancen ora kudu dakcritake. Cukup semangkok jangan becek kuwi sing crita. Mung semangkok jangan becek sing nggawe aku bisa njaluk lan paring pangapura. Yen dakgagas pancen sebenere Laras mbiyen ora salah. Malah dheweke kuwi bocah apik sing ora niru kelakuane bapake. Ah aku isih kegawa rasa mangkel nganti ora gelem ngluruhi dheweke tekan wis ngalih omah lan duwe kulawarga. Aku rumangsa dosa. Wis tinakdir yen aku kudu tangganan maneh karo Laras. Saiki aku sing nduwe wit dhondhong. Bakalan dakolehi dheweke njaluk godhong dondhong sakjelehe.

Dina iki aku dielingke dening semangkok jangan becek. Iya, mung semangkok jangan becek.

***

Mendungan, 29 Januari 2021

Impian Nopitasari. Sutresna sastra Jawa. Dedunung ing Solo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya