SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ah ya ben yen ana wong ngarani aku iki wong wadon murahan, wong wadon lenjeh lan sakpanunggale, edan tenan yen ana sing muni kaya ngono, jan... wong kok ora duwe perasaan babar blas, cangkem kok ora beda kaya loket angger ngomong liyane gawe tatu ati ora ana liyane, tak anggep wae dheweke iku becak tanpa gir, waton njeplak tanpa mikir.

Sabar... sabar..dhuh Gusti paringana ati ingkang sabar, sambatku marang Pangeranku ya Gusti Allah SWT. Esuk mau menyang pasar, karepku arep tuku beras lan sayuran sing luwih murah tinimbang blanja neng nggone bakul sayuran ideran saka Tawangmangu.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Pancen tak akoni saben dina iki aku yen golek kebutuhan pawon lan liyane mesti blanja nggone Mas Danang bakul sayuran keliling saka Tawangmangu. Ndhisik nalika wiwitan dodolan sayuran Mas Danang mung numpak sepeda motor terus diwenehi bronjong gedhe lan kabeh dagangane pating crenthel ngono kae. Pendhak esuk Mas Danang dirubung ibu- ibu kang mbutuhke sayuran lan bumbon apa dene barang liyane miturut pesenan ibu- ibu sak kampung. Mas Danang priya bagus ngakune isih legan asale saka desa ing tlatah Tawangmangu kang hawane adhem. Babar blas aku ora percaya omongane wong lanang bakul sayur mau.

Mbuh sapa wong sing lambene sok usil lan gatel, sruwing- sruwing aku kok krungu swara sing ora menake kuping, jare antarane aku lan bakul sayur saka Tawangmangu ana hubungan istimewa. Jare yen tuku sayuran aku entuk diskon lan pelayanan istimewa. Asem tenan, jan..asem kecut tenan. Yen kahanan kaya ngene tak tanggapi mengko malah kedawa-dawa malah nambahi lara ati, wis sakarepe anggone ngoceh, nganti lambemu ndomble ya ben.

Mangkat menyang Pasar Legi tak sengaja luwih esuk sakdurunge bakul saka Tawangmangu teka bukak dhasar. Aku kaget jebul barang lan sayuran aneng Pasar Legi murah banget, tur sayurane ya seger- seger nyenengke ati. Asem tenan bakul ideran kuwi njupuk bathi kok akeh temen, mula saiki yen dodolan sayuran nganggo mobil pikap. Wis yen ngono saiki aku yen blanja kebutuhan menyang Pasar Legi, rada rekasa sithik nanging entuk rega murah. Hla jaman lagi kaya ngene kudu pinter ngatur kebutuhan urip kareben bayaranku pinangka karyawati ing pabrik garmen bisa cukup.

Dueer.. kaya ana gludhug nyamber neng ndhuwur sirahku, ana kabar hoaks meneh jare hubunganku karo Mas Danang rada renggang, jare Prapti PHB karo Mas Danang, alias putus hubungan karo Mas Danang.

Asem... asem... Gek ngarang cerita saka ngendi wong- wong mau, hla wong ketemu karo bakul sayuran ya mung yen pendhak esuk, tur ya barengan karo ibu-ibu liyane. Jare saiki dupeh aku ora blanja neng nggone Mas Danang. Ya kaya ngene ujiane urip dadi randha, kabeh wong lanang senenge nglirik rupaku lan nyawang sak ngisore guluku sing isih katon mlenuk ndemenakake. Tak akoni yen bab rupa lan pawakan aku ora kalah dibanding ibu- ibu ing perumahan iki, ah..sombong sithik ya ben, batinku.

Sore iki atiku nratab kaget banget, awaku nganti ndhredeg kaya wong bingung. Mas Danang dolan menyang omahku karo kancane. Kancane mas Danang priyayine setengah sepuh nanging ketok seger waras awake, jare ngakune pensiunan pegawe RRI, wis nate dadi penyiar kang kondhang amarga swarane pancen manteb lan gandem. Amung sawetara wektu Mas Danang lan kancane dolan neng omahku, jare selak kesusu arep ngrawuhi pertemuan pensiunan pegawe RRI.

Sakpungkure rawuhe Mas Danang lan kancane atiku tambah bingung, mengko gek kaya ngapa swarane gosip bab awaku sing randha ngene iki. Atiku bingung gek duwe karep apa Mas Danang karo kancane mau. Yen Mas Danang ngaku isih legan aku babar blas ora percaya, nanging kena ngapa ngejak kancane priyayi setengah sepuh sing ngaku pensiunan pegawe RRI? Prasasat sewengi mbethethet aku ora bisa merem, embuh apa mengko nasibku ora ngerti kabeh takpasrahke Gusti Allah SWT, aku mung sakderma wayang gumantung dhalange wae.

Tenan apa sing wis tak bethek, gosip- gosip sansaya rame, ditambahi bumbu-bumbu penyedap sakkarepe udele dhewe, jare aku saiki wis ditembung bakal dipek bojo Mas Danang, arep diboyong neng Tawangmangu. Ana sing ngomong jare aku iki wong kabegjan saatase randha kok dilamar joko thing, gek nggunakke sebeh apa Prapti kuwi. Ya ngene urip neng kampung lan perumahan riyel estate.

Seminggu candhake gosip-gosip wis ilang sajake lambene wis kesel, wis jeleh arep golek gosip anyar. Dumadakan dina Minggu sore Mas Danang mertamu meneh, ngejak kanca wadon ayu rupane umur-umurane ya watara selawe tahunan. Mak tratab atiku, gek duwe karep apa meneh Mas Danang iki.

Mas Danang nepungke yen mbak Fitri ya kancane sing diajak mertamu iki putrane pak Hasan pensiunan pegawe RRI sing dhek dina Minggu dolan mrene.
“Oh..inggih kula kemutan Pak Hasan, pramila kok pasuryanipun persis sanget kaliyan Mbak Fitri.”Ujarku karo ngaturi tamuku ngunjuk teh manis sing wis takcawiske.

Mbak Fitri priyayine grapyak banget tur katon yen priyayi putri kang wasis, jare weton saka UNS lan saiki dadi pegawe BRI neng kantor pusat Jakarta. Ngendikan ngalor ngidul nambah keakraban lan paseduluran. Wosing gati mbak Fitri ngendika sajak penting.

“Mekaten lho Mbak Prapti, ngendikane karo unjal ambegan lan mernah ake anggone lungguh, ah..kok penak basa ngoko wae ya Mbak Prapti, aku wis suwe urip neng Jakarta, dadi rada angel yen nggunakake basa krama, apa meneh matur karo Mbak Prapti calon ibu,” krungu omongane mbak Fitri aku dadi tambah bingung, apa sing dikarepke mbak Fitri.

Kahanan lerem sawetara, Mbak Fitri nata ati, aku dhewe ya nata ati. Taksawang Mas Danang mung mesam-mesem nyawang Mbak Fitri. Karo nyedhaki anggonku lungguh Mbak Fitri cerita bab Pak Hasan anggone wis suwe urip dadi dhudha.

Gajine pensiunan nglumpuk wutuh amarga penghasilan saka kebon duren lan kebon klengkeng ing dhaerah Jenawi wis cukup lan kepara turah kanggo nyukupi kebutuhan uripe.

“Bapak uripe kasepen Mbak Prapti, sakjane kabeh putra-putrane kepengin bapak gelem krama meneh ben ana sing ngancani uripe, nanging bapak ora kersa. Nanging bareng Dhik Danang cerita marang bapak yen neng kampung Madegondo kene ana randha sing pasuryane persis banget karo swargi Bu Hasan nalika isih timur bapak banjur kepengin banget weruh lan kenalan karo njenengan Mbak Prapti.”

Atiku kaget, Mbak Fitri nyawang aku tandhes, mripate mbrebes arep nangis. Atiku bingung arep ngomong apa, sarwa salah tingkah.

“Ngene lho Bu Prapti.. eh Mbak Prapti, yen njenengan kersa taksuwun bisa dadi sulihe ibuku swargi,” ujare Mbak Fitri karo ngrangkul awaku. Aku kaya wong bingung ora bisa wangsulan.

“Taktunggu wangsulanmu ya Mbak, ora kudu saiki, mengko yen njenengan gelem nampa panglamare bapak, mengko ana rembug bacute kanthi resmi marang keluwargane Mbak Prapti.”

Sapungkure Mbak Fitri lan Mas Danang kondur, aku dadi kaya wong bingung, taksawang kaya ana sewu pasang mripat nyawang omah lan sakpolah tingkahku. Sewengi molak-malik ora bisa turu, ana sewu pitakonan sing kudu takwangsuli dhewe. Aku dilamar priyayi kakung pensiunan pegawai RRI? Apa pantes aku nyandhang sebutan Bu Hasan? Apa aku arep diboyong menyang daleme Pak Hasan ing Jenawi Karanganyar? Apa aku kudu metu saka penggaweanku ing pabrik garment? Gek gosip apa meneh sing bakal takrungu? Ah embuh, wis tak pupus wae atiku, aku mung pinangka wayang, gumantung marang dhalange wae.

Takunggahake pikiranku, takudhunake pikiranku, kok rasane aku iki klebu wong gebegjan, saatase randha, tur ya mung buruh pabrik sing bayarane ora mingsra, apa aku arep nulak panglamare Pak Hasan?

Gawang-gawang aku banjur kelingan impenku sewulan kepungkur, rumangsaku aku ngimpi dicokot ula, nanging impen mau wis tak lalekake, tak anggep mokal kok ana randha ngimpi dicokot ula, nanging aku saiki ngadhepi kasunyatan urip, mbok menawa iki pancen dadi dalan uripku, masa ana wong wadon arep dimulyakake kok ora gelem.

Pancen aku durung aweh wangsulan sing gumathok, nanging Mbak Fitri putra ragile Pak Hasan wis bisa nampa sasmitaku menawa aku sanggup dadi sulihe Bu Hasan sing wis swargi.

Sore iki Mbak Fitri dolan ijen menyang omahku sakperlu pamitan arep bali menyang Jakarta jare cutine wis entek. Penganggepe marang aku wis kaya ibune dhewe, nyuwun donga pangestu muga slamet sakabehe, karo menehi foto keluarga Pak Hasan sing pepak. Taksawang pasuryane Bu Hasan sing wis swargi, lha kok persis karo fotoku. Aku mesem, ana rasa bungah sakjeroning ati, Pak Hasan,... kula sagah nampi rawuh penjenengan ing manah kula, batinku karo ngelapi eluh sing ndlewer ing pipiku.

Let seminggu sapungkure Mbak Fitri pamitan mulih menyang Jakarta, meh saben dina nelpon aku lan kirim kabar lewat WA, ana wae sing diceritake, bab anak- anake sing lucu-lucu, lan sapiturute. Dheweke uga cerita kabeh kangmas-kangmase padha melu seneng arep duwe ibu anyar sing pasuryane persis karo ibune sing wis swargi.

Dina iku aku nampa telpon saka mbak Fitri wayah esuk, wayahe dheweke lagi kerja aneng kantor, menehi kabar menawa pak Hasan gerah stroke.
“Bu Prapti saget tilik bapak benjing Minggu nggih?”Aku ora wangsulan, aku kudu piye? Atiku bingung, ya mokal yen aku tilik mrana dhewe nanging yen Mbak Fitri gelem ngampiri mrene aku ya ora kabotan, ora ana alane wong tilik sedulur lan kanca sing lagi lara, sapa ngerti bisa dadi tambane. Aku ya mbayangke mendah rekasane priyayi sepuh nandang raga gek putrane adoh kabeh omahe.

Jare pak Hasan dirawat aneng RS PKU Sala. Rasane suwe banget nunggu dina Minggu, kaya sing wis dijanjekake mbak Fitri arep ngampiri aku dijak menyang RS PKU Sala.

Jam sanga kliwat limang menit Mbak Fitri wis tekan ngomahku nggawa mobil werna putih.

“Mangga budhal Bu selak awan,” mobil mlaku alon-alon lewat dalan kampung, tak sawang kaya ana sewu pasang mripat sing nyawang aku, ya wis ben wae yen pancen iki dadi dalan uripku, mbokmenawa Mas Danang wis cerita karo ibu-ibu lengganane neng perumahan iki.

Mlebu ruwang rawat atiku dheg-dhegan, gek mengko kepriye anggonku arep omong.

“Kados pundi Pak sampun sekeca raosipun, menika Bu Prapti kersa rawuh,” swarane Mbak Fitri, karo akon aku lungguh kursi. Tak sawang netrane Pak Hasan kembeng-kembeng ngampet eluh, priyayi sepuh mau nyawang aku prasasat tanpa kedhep, aku ya dadi salah tingkah dhewe.

Mbak Fitri, pamit metu sedhela jare arep ngurus administrasi lan liya-liyane. Ora let suwe wis mlebu meneh karo mesam-mesem sajak bungah atine. “Bapak mangke siang saget kondur, dhokter paring katerangan menawi bapak sampun sehat walafiat.”



Uripku prasasat kaya urip aneng swarga donya, antarane aku lan Pak Hasan padha tresnane sanajan umure kacek akeh, nanging babar pisan ora dadi pepalang anggone bebrayan, kabeh anak-anake Pak Hasan ya tak anggep kaya anakku dhewe wong ya kabeh wis mentas, semono uga penganggepe marang awaku ya kaya ibune dhewe.

Saben dina menyang kebon duren lan kebon klengkeng niliki tanduran-tanduran mau, pendhak sasi sepisan ngancani njupuk dhuwit pensiunan lan kadhang ya diajak ngrawuhi pertemuan pensiunan pegawe RRI, tak sawang raga lan pasuryane Pak Hasan malih dadi seger lan tambah rosa.

Ora krasa tahun iki mlebu tahun kang kaping wolu aku nyandhang sebutan Bu Hasan, ora ana wong ngundang aku Bu Prapti, omah sing aneng Desa Madegondo tak kontrake. Urip aneng padesan pancen sarwa nyenengake, papan pomahan jembar ngilak-ilak, omah gebyok kayu jati mau katon asri banget yen disawang, nanging embuh apa sebabe dina-dina pungkasan iki awakku krasa ora kepenak, ana rasa sumengkrang aneng dhadhaku sisih kiwa nanging kabeh mau tak simpen neng atiku dhewe aja nganti Pak Hasan pirsa.

Nanging suwene suwe rasane ora bisa tak ampet, aku ora kuwat.

“Pak kula sakit” aturku alon neng sandhinge Pak Hasan, dheweke kaget banget krungu tembung mau, aku diajak menyang RS PKU Sala, sakperlu dipriksa nanging ujare dhokter ngagetake.

“Kok nganti telat kaya mengkene,” jare aku ngidhap kanker payudara wis stadium papat. Dhokter wis ora sanggup ngrawat. Aku digawa mulih menyang Jenawi diopeni lan diusadani dhewe dening Pak Hasan sarana jamu-jamuan lan obat herbal saka negara China.

Anggone ngopeni aku ora baen-baen kabeh dilakoni kanti tulusing ati nganti aku dhewe rumangsa lingsem, gek aku dhewe rumangsa ora nandur kebecikan marang Pak Hasan nanging dheweke anggone ngopeni aku saka ati kang tulus lan suci, nganti sepuluh dina anggone ngopeni aku neng rasane awakku ora ana kaceke babar pisan, sakojur awak lara kabeh.

“Piye Bu rasane awakmu,” aku ora aweh wangsulan, tak sawang Pak Hasan pasuryane malih dadi putih lan ngetokke sunar kang endah banget.

Pak Hasan iki menungsa lumrah apa sakwenehing malaikat kang suci, ngono batinku. Eluh ndlewer ing pipiku.



“Kula nyuwun pamit Pak, mboten saget ngancani penjenengan malih,” wangsulanku karo nangis.

Suwe-suwe awakku krasa penak lan entheng banget, rumangsaku kanthi alon-alon aku mabur mendhuwur, tak sawang kabeh wong padha mara ning omahku, kebon ngarep ngomah dipasangi tratag lan ana gendera kertas werna abang sing dipasang ing sakngarepe dalan, aku disuceni lan dibuntel mori putih, tak sawang Pak Hasan lan anak-anaku padha nguntapake lungaku.

Madegondo, 18 Mei 2021

Anis Asmediana
Dosen Prodi Teknologi Industri Pertanian Universitas Darussalam Gonto





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya