SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Wis puluhan tahun aku urip aneng kampung kene. Kampung sing dununge ana ing pinggiran salah sawijine kutha kang nglairake para tetunggul ana ing pamarentahan negaraku.

Kampung sing karo para piyayi-piyayi nyetil kae diarani padat lan kumuh. Aku dhewe ya ora ngerti apa sebabe nganti omahku sing dadi panggonan kang bisa gawe tentreming atiku bisa diarani kaya mangkono.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Ya kurang luwih kaya ngene kahanan omahku, yen esuk mambu sumub mangsakane tangga saking rupeke omah-omah ing kono. Lan maneh dhaerahku mau ya diarani ora duweni sirkulasi udara sing sehat. Mbuh, aku dhewe ora ngerti tembung-tembung sing ora dakprungu wiwit cilik. Butuhe aku lan anak-anakku bisa nerusake laku ana ing donya iki.

Nadyan ta aku wis ngrasa dhaerah omahku dadi papan panggonan kang menehi katentreman lair bathin tumrap aku, nanging mokal yen aku ora pingin urip sing luwih mukti. Apa maneh ora adoh saka omahku sing kahanane wis dakgambarke mau, ana pawiyatan agung sing moncer saindenging Indonesia.

Panjangkaku ora adoh-adoh. Aku mung pingin nyawang mega ing langit wayah srengenge angslup.

Sasuwene iki aku lan anak-anakku ora bisa nyawang endahe mega sore mau merga kaling-alingan gedhung pawiyatan sing dhuwur banget. Gedhung sing jarene dadi papan para sarjana-sarjana sujana kang manggone ana ing kulon omahku.

Nanging ora dadi ngapa, kuwi mung pangarep-arepku wae bisa nyawang mega langit sore kang kaling-alingan gedhung. Atiku rumangsa ayem, merga jarene saka wong-wong kang ana ini njero gedhung-gedhung kuwi bakale ngabdi lan ngupaya kanggo karaharjane para wong cilik kaya aku ngene iki.

***

Kaya sore biyasane, aku lagi thenguk-thenguk ing emperan sinambi gegaweyan apa wae. Semono uga para wong wadon ing dhaerah omahku. Ana kang pepetan, sesuri, ndulang bayi lan gaweyan-gaweyan wong wadon liyane.

Swasana sore tumuju peteng pancen penak kanggo thethenguk ing ngarepan sinambi rerasan pakolehe urip aneng kene. Nadyan aku, Sinah, wong wadon kang ijen nguripi anak, nanging kanggoku urip ayem, tangga padha gemati, anak-anak padha bungah dolanan apa wae rumangsaku wis dadi sapenak-penake urip. Dumadakan nalika aku lagi nyambi mithili kacang, Lik Sarti kandha marang aku lan Mbak Mi yen dheweke duwe warta apik.

“Wingi nalika aku njaluk cap aneng bale dhusun, aku krungu yen wetan kampung persis jejer sawahe Pak Sumar bakal ana gedhung anyar, Nah, Mi. Pak Lurah sajak bungah banget. Jarene gedhung anyar kuwi bakal mupangati tumrap masyarakat, mligine kanggo wong-wong dhusun.”

“Ngalkamdulilah Lik Ti, pamarentah sajak nggatekke marang awake dhewe. Sawuse diwenehi bantuan arupa sembako, saiki bakal dibangun gedhung.”

Mangkono jawabane Mbak Mi marang Lik Sarti. Dene aku mung meneng karo ngucap pepujen, dene pamarentah isih aweh kawigaten marang aku sakanca lan para warga. Aku percaya yen kabeh pambangunan kang dirancang dening pamarentah kuwi sanyata mesthi kanggo karaharjane para warga.

Banjur sawise warta kuwi nyebar ing kupinge para warga, warga bungah banget merga ngerti yen ing dhusun bakal ana pambangunan gedhung anyar. Nanging beda panampa saka Pak Sumar. Dheweke ora ngrasa bungah nalikane krungu bakal ana pambangunan gedhung anyar kang jarene bakal dibangun ana ing cedhak sawahe.

Pak Sumar dianggep nganeh-anehi dening para warga. Aku dhewe ya uga mikir ngono. Aneng plataran langgar, nalikane sabubare pangajian malem Jemuwah ana rerembugan babagan pambangunan kuwi. Pamarentah desa duweni sedya bakal nuku sawahe Pak Sumar kanthi rega sing dhuwur lan miturutku kena kanggo tuku lemah sing luwih amba.

“Lha, Pak, njenengan kuwi kok nganeh-anehi. Wong ana pambangunan anyar saka pamarentah kang sanyatane kanggo kabecikane para warga kok ora seneng. Malah ajak-ajak nulak anane gedhung anyar kuwi.” kandhane salah siji warga.

“Nanging aku ra lila yen sawahku sing mung sakpathok lan dadi siji-sijine sawah sing isih ana ing dhusun kene dijarak dening pambangunan sing jarene kanggo warga. Aku ora lila, aku ora percaya!”

“Ngaten lho Pak…” Pak Kadhus nyoba nengahi warga lan Pak Sumar kang padha engkel-engkelan. “Samangke siti panjenengan bakal dipunregani langkung awis tinimbang regi-regi siti ing jawi mrika.”

“Aku ora bakal nglilakke!” pungkas Pak Sumar lan dheweke banjur bali maklebat ora nggagas kiwa tengene.

Aku banjur ora ngerteni rerembugan kang diteruske dening warga lan Pak Kadhus mau. Dakteruske mlaku mulih menyang omah kanthi rasa mangkel marang Pak Sumar. Wong tani papa ora ngerti bab pembangunan nanging kewanen nulak anane pambangunan.

***

Wis sawetara dina, aku ngerti ana warta paling anyar yen Ngahad ngarep bakal ana petugas saka pamarentah kang bakal mathoki lemah calon gedhung kuwi didegake. Ing cedhak sawahe Pak Sumar wus ana umbul-umbul awujud baliho sing neng kono ana tulisane “Bismillah, akan dibangun Gedhung Workshop Pemerintah Kota”.

Minangka warga sing ora mudheng cara kerja pambangunan kaya mangkono, aku ya mung bisa manut pamarentah wae. Merga pamarentah kuwi rak ya leladene warga. Ya yekti ora bakal gawe sangsarane wargane. Ora kaya sing dingendikakake Pak Sumar.

Nanging panemuku kuwi mau beda sawuse awan mau aku omong-omongan karo Pak Sumar ing pinggir dham. Aku ora ngerti Pak Sumar sing wingi dakanggep lan dianggep nganeh-anehi nanging nyatane malah saiki dakeloni lan daksubya minangka sujanma.



“Nanging ngene lho, Nah, aku yakin gedhung-gedhung kuwi ora bakal kanggo karaharjane para warga. Kowe coba sawangen gedhung dhuwur kulon omahmu kae. Gedhung pawiyatan agung sing ora umum apike. Kowe tau ngemat?”

“Nggih ngemat Dhe. Lajeng napa magepukane?” wangsulanku marang Pak Sumar sing padatane dakceluk Pak Dhe.

“Jaman cilikanku, aku krungu dhewe saka suwargi Bapakku yen anane pawiyatan kulon kono kuwi jarene kanggo minterake warga kiwa tengene. Nanging Nah, sawangen saiki. Warga kiwa tengen apa ana sing dadi siswa aneng pawiyatan kono? Ora! Malah warga manca sing sinau ing kono.”

Aku isih durung nampa apa kang dingendikakake Pak Sumar. Merga aku isih yakin karo panemuku ing ngarep mau, yen anane pawiyatan kuwi sanyatane bakal nglairake para-para sing ngabdi lan bakal ndarma tumrap warga. Banjur Pak Sumar ngambali maneh ngendikane.

“Anane pambangunan sing jarene kanggo reja-rejane warga kuwi ngapusi, kuwi mung akal-akalan supaya warga gelem nampa madege gedhung kuwi. Banjur aku kon nglilakke lemahku dituku ngono wae? Ora! Merga masa depan pertanian ana ing tangane sapa sing tetani. Lha yen aku minangka tani ngene kok nglilakke lemah sing daktanduri winih-winih panguripan kang samengko ditanduri wesi lan semen, kuwi ateges aku ora tanggung jawab marang masa depan tetanen. Kuwi klebu dosa gedhe. Mangka aku kanthi teges nulak anane pambangunan gedhung ana ing sawah iki.”

Aku trenyuh lan kamitenggengan karo ngendikane Pak Sumar. Sawuse kuwi, aku ngerti yen sanyatane apa kang ditulak dening Pak Sumar kuwi sing yekti diarani kanggo karaharjane warga.

Aku lan anak-anakku wis ora bisa nyawang mega nalika srengenge angslup merga kaling-alingan gedhung. Mula aku uga ora pingin anak-anakku sesuk kelangan bang sunare srengenge ing wayah isuk kang kaling-alingan gedhung-gedhung anyar maneh.

 

Afifah Enggar Wulandari, mahasiswa Sastra Daerah UNS Solo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya