Jagad-jawa
Minggu, 13 Maret 2022 - 20:36 WIB

Cerkak Kali Kulon Kalen Mili Abang

Eko Wahyudi Merapi  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO — Saka kalen iki warga tani nggantungake panguripane. Sawah pirang-pirang bau kidul desa kabeh njagakake saka iline kalen iki. Kalen siji-sijine kang mujur ngulon ngliwati tapel wates desa tembus tekan kali gedhe.

Saiki kalen iku wis ditembok kiwa tengen, jerone ditambah telungpuluh senti, ambane uga digawe karotengah meter amrih iline banyu bisa luwih santer. Sawah-sawah dadi ora kesuwen kasatan. Jamal lan kanca-kancane bisa luwih cepet nggarap sawahe.

Advertisement

Jamal, nom-noman sing ora bisa katut ombyaking jaman, kudu gelem gluprut lendhut merga isih kepengin urip sumbut. Bara menyang Jakarta, jarene dhuwite amba-amba, abang-abang.

Jamal ngrumangsani, sekolahe ora tutug, wong tuwane ora duwe ragad kanggo nerusake, sejene kuwi pikirane uga cunthel. Ora pisan pindho ditimbali guru BP merga kerep mbolos, klebu wong tuwane sok ditimbali menyang sekolahan saprelu nampa katrangan.

Yen dina riyaya kanca-kancane padha bali saka Jakarta pamer crita lan kaya, Jamal ya wis trima ngrungokake karo melu-melu ngguya-ngguyu kanggo njaga srawung.

Advertisement

Jamal anggone garap sawah klebu tegen. Nraktor, ndhaut matun, nganti ngrampungake ngerit lan gepyok pari, ditandangi ijen. Wong tuwane mongkog dene pegaweyan sawah wis bisa dipasrahake anake. Malah tangga teparone melu nyilih baune Jamal supaya ngrewangi garap sawahe. Saka pegaweyan iku jamal nampa bawon. Sithik-sithik asile bisa nambahi blanjan biyunge. Bocah enom sing gelem kaya Jamal ora akeh, kepara malah ora ana.

Bareng banyu kalen iki miline abang, Jamal anane mung sambat-sebut. Banyu abang sing mlebu sawahe lan kabeh sawah ing desane gawe kasile panen kurang maremake. Embuh kepriye mula bukane dene banyu kalen malih dadi abang.

Jamal tau nurut iline tekan sumbere, nyatane kali gedhe kulon kalen banyune uga dadi abang. Jamal nerusake lakune, tambah ngulon, tambah adoh, malah tambah abang. Wis pirang-pirang dina, pirang-pirang minggu, malah wis nganti ganti mangsa banyu kali kae durung pulih kaya maune. Jamal mung pasrah, anane kaya kuwi, mbokmenawa Gusti pancen lagi paring pepeling wujud bebendu.

“Jajal Mal, banyu sing mlebu ana sawahmu pyur-pyurana bubuk iki, ana bedane apa ora mengko?” aloke Anto kanca kenthel cilikane biyen sing saiki bara menyang Jakarta.

Advertisement

Dina iki ngepasi mulih, nggawa bubuk werna putih diwadhahi kanthong sak-sakan. Tangane ngulungake secidhuk saprelu kanggo njajal ing sawahe Jamal. Ujare bubuk putih iku digawa saka Jakarta. Anto wis krungu anane banyu mili abang ing saben-saben kali kang dadi sumber ngoncori sawah.

Bubuk kuwi wis tau dipyurake ing kalen ing sacedhake Jakarta kana, lan dadi marine. Anto gage-gage bali kepengin mbuktekake menawa dijajal ing ndesa ngiras-ngirus tetulung kanca tani ing ngomah.

Sawetara menit sawise banyu abang kang dipyuri bubuk putih kuwi malih bening kaya lumrahe banyu sadurunge. Elok, ning nyatane kaya ngono, Jamal banjur mlayu ngabari Anto amrih bisa digolekake bubuk putih sing akeh kanggo ngepyuri kalen sing bisa gawe pulih banyu abange.

“Ya, mengko dakgoleke Mal, iki aku ya mung nempil saka kanca ing Jakarta kana. Embuh tukune ana ngendi, gek jenenge bae aku ya ora ngerti, genahe bubuk putih iku wis cetha bisa marekake banyu dadi bening meneh?”

Advertisement

“Iya, iya aku manut To, aku pasrah kowe bae. Mangsa borong bisa dikirim kapan, nek bisa sacepete, kareben para sedulur tani desa kene bisa seneng nyambut gawe meneh, asile panen bisa pulih meneh.”

Anto banjur nunul-nunul nomer Hape, saprelu ngontak kancane sing ana Jakarta. Ing sebrang kana cetha ngabari yen bubuk putih kuwi isih ana, ning kudu pesen, sebab wis akeh sing butuh. Nek kanggo lima tekane sepuluh hektar sawah isih bisa diusahake, luwih saka iku kudu sabar nunggu kabar meneh.

“Wis, pesena sisan To, mengko dakrembuge karo kanca Gapoktan (Gabungan Kelompok Tani) soal wragad lan ngirime mrene. Sing baku bubuk kuwi enggal kecekel To.” saute Jamal sajak enggal kepengin oleh wangsulan sing cetha.

Sewulan sawise sawah-sawah Desa Margorejo dipyur-pyuri bubuk putih, banyu pancen wis pulih meneh, para tani dadi marem lan ngalem marang Jamal. Tandur digliyak sebab wis rada sauntara kasep. Bareng wis tandure sumilir, gari banyune sing kurang. Iline kali gari ithir-ithir.

Advertisement

Para pamong desa, utamane bageyan ili-ili sarembug gawe giliran banyu amrih sawah pirang-pirang desa sing nggantungake iline banyu saka kali gedhe kulon kae kabeh kecukupan.

Katula-tula katali, mbokmenawa pancen kudu ngono nasib kang dialami kadang tani, banyu kang winates iline iku tambah angel diarep-arep. Sawah-sawah dadi tansaya garing.

Sing luwih nggawe cuwa lan nggrantes, lemah sawahe malih dadi putih atos ora merga nela, nanging kaya atose semen garing. Nalika sawah dilebi, banyu mau malah kalis, tandure wis kebacut garing, kuning, lan cetha saperangan gedhe padha mati kaya suket alang-alang. Jamal dadi paran panutuh para tani.

“Aku ora ngerti, kabeh mau saka Anto sing nggawa lan rembugan perkara bubuk putih iku, nyatane banyu abang mau bisa pulih dadi bening. Prakara lemah dadi atos kaya beton ngene iki aku ora ngerti.”

“Wis-wis sedulur, iki aja nyalahake Jamal apadene Anto. Bener Jamal wong pancene ora ngerti. Mung saiki awake dhewe golek cara amrih sawah iki dadi bisa ditanduri meneh.

Kanyata kabar lemah sawah dadi beton iki uga dumadi ing ngendi-endi papan sing nggunakake bubuk putih kanggo ngilangi abange banyu,” penggake Pak Lurah nyarehake warga tani kang padha kebrongot atine.

Advertisement

“Boten saged dinapak-napake melih niku Pak Lurah, ajeng pripun jajal, ya apa ora Lur?” wangsulane Surat sing kawit mau montong-montong kepingin ngamuk Jamal.

“Bener … iya, bener kuwi …!!!” saute sing padha ngumpul ing omahe Jamal.

“Wis-wis, iki perkarane pancen angel, ning dakjaluk sedulur kabeh sing rada sareh. Iki mengko aku dak njaluk tetimbangan marang Pak Camat, yen perlu daksowan Pak Bupati.”

Siji loro wong-wong sing kenceng otote banjur kendho, nanging sakendho-kendhone, sidane lemes kaya wayang ilang gapite. Mripate wong-wong tani iku dadi cowong.

Panyawange ngetutake kumleyange layangan kang diundha bocah-bocah ing pinggiran sawah. Nyawane kaya disendhal-sendhala pindha layangan kang abot mabure.

 

Kebumen, Pebruari 2022

Eko Wahyudi Merapi
Asring nulis Geguritan lan Cerkak. Bukune kang wus dibabar Prasasti (2014) lan Lathi (2020). Manggon ing Kebumen

Advertisement
Kata Kunci : Petani Sawah Cerkak Kali
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif