Jagad-jawa
Senin, 27 Juni 2022 - 23:15 WIB

Cerkak Dongeng Pawang Udan

Budi Wahyono  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Tangkapan layar video Tiktok pawang hujan. (Tiktok/ ratzz16)

Solopos.com, SOLO — Mbah Wiro Bengah isih katon gagah. Sore iki, ana ing untel-untelan warung hik, dheweke nganggo kathok kolor putih. Komprang sisan. Wangun karo stelane, klambi putih longgar. Ora sengaja katon kaya perancang mode.

Kamangka, sejene nduwe gaweyan minangka carik kondhang, sing luwih kondhang maneh gaweyan sambene minangka pawang udan. Akeh wong nggunakake jasane manawa ana mantenan utawa sunatan. Apa maneh yen nganggo tanggapan klenengan tekan wayangan.

Advertisement

“Pokoke aja mbok celuk dhukun. Aku kelingan karo welingmu setaun kepungkur,” setengah njegeges Wiro Bengah ngelikke aku.

Ndomblong sedhela, aku banjur mesem. Geneya dheweke kelingan terus. Aku aweh saran mangkono ya merga ana grup WA gecer ngunggah tembung dhukun kerep dadi rasanan. Sejene kanggo objek laporan sing dijedhulke ana pirang-pirang konten. Diolok-olok minangka ngundang rasa sirik.

“Coba, apa panjenengan wani mantu ana ngarep omah tanpa ngundang pawang udan ana ing mangsa udan ngene iki?” pitakone Wiro Bengah setengah nggodha.

“Aku kepengin mantu ana gedhung Lek,” semaurku ora kalah sengit. Sauranku sing kerep ora keduga iki ndadekake Lek Wiro Bengah nyekikik. Banjur lali yen sepine wong mantu gedhen, pesenane minangka tukang ngusir udan rada seret.

“Mbiyen, yen Ruwah ngene iki isa ana las-lasan gunggunge wong pesen.”

“Saiki?!” lambeku nrobos. Wiro Bengah mesem.

“Mung lima. Lumayanlah, nggo imbuh tuku beras pulen karo lenga klentik,” semaure rada gawe keri kuping.

Advertisement

Wah, dhukun ampuh, eh! tukang ngelih udan ampuh, batinku. Aku lan Wiro Bengah pancen kudu endha saka parapan sirik. Dianggep wae iki sawijinng kekayaan budhaya. Apa maneh Lek Wiro Bengah ngusir udan ya ora nganggo sesaji menyan lan kembang. Resik saka sesajen sing ngundang unsur sirik.

“Nyenyuwune ya tetep marang Gusti Alloh sing gawe urip. Aku lak mung dienggo dalan. Kabeh gumantung sing nggawe urip,” bola-bali Lek Wiro Bengah negesi. Sepisan maneh, risi lan wedi yen diolok-olok dadi sumber sirik.

Wong ngiras hik katon pating dlidir. Ana sing pesen the ginastel, kopi, jahe lan susu. Ana sing katon dhokoh mangan telung bungkus sega lawuh suwiran bandeng lan siji loro mung mak klepat tuku sak sunduk ndog puyuh karemane anake.

Ora krasa lungguhe Lek Wiro Bengah dipepetake. Nyawang aku kebak pangerten. Biyasane njaluk tulung. Sorote mripat wis menehi kodhe.

“Mas, njenengan bisa nulung aku?” pitakone krasa mantep.

“Apa? Saingan pawang?” guyonku. Njengirat kaget dheweke. Ndemok gegerku.

“Panjenengan ki ilmune sing kuliyah ana ngendi ta Mas, apa-apa sing dak karepke kok bisa nyegati kuwi lho,” katon nggumun.

Advertisement

Tanpa ndhuwurake bantere omongan, Lek Wiro crita yen entuk pesenan saka sawijining pejabat supaya bisa mbantu nyingkirake mendhung kandel werna ireng. Omah sing mantu panggone ana ing sisih lor mepet sawah, njaluk supaya mendhung disingkirke menyang kidul.

Kosok baline, wingi ana pawang sing rasan-rasan arep ngguwak glundhungan mendhung tumuju ngalor. Getere jare rada abot. Pokoke ora kaya biyasane. Krungu lan nlesih rasa sumelange mau nembus batin, aku gage-gage nyaut: “Piye yen ora diguwak ngidul, nanging ngulon apa ngetan wae?”

“Kok isa nduwe penggalih ngono Mas, njenengan…?!” bathuke katon njekethut. Anggone ngajeni aku ora karuwan.

Tak beberke sisan menawa ana kanca pawang sing rada ngganjel nalika arep mbuwang menyang lor. Banjur dak saranke menyang ngetan apa ngulon. Nanging, aku nduweni karep sing kanggoku luwih moncer maneh. Yen kabeh mendhung dibuwang ngetan, apa langit wetan banjur ora kebak, banjur isa-isa malah balik arah?! Bubruk tenan yen nganti kelakon.

Lek Wiro Bengah bali ngunjal ambegan. Ngudhak maneh kopi sing wis disruput sak seprapat gelas. Rumangsa isih panas banjur disiling. Diler ana taktakan kempling werna putih kembang. Banjur disruput maneh.

Sajak nggambarake kaya dene pit montor sing kudu diiseni bensin, lambe Lek Wiro banjur takon:
“Panjenengan isa nemokake aku karo Mas pawang sijine Mas?”

“Isa, nanging aja ketemu ijen, karepku wong loro,” welingku.

Advertisement

“Kena apa Mas,” ndhedhes anggone takon. Perlu mediasi, batinku.

“Aku wedi yen Sampeyan banjur antem-anteman, terus gelut. Kaya ngapaa, kampung kita tetep mbutuhake tenaga ahli kaya sampeyan,” guyonku tenanan. Lek Wiro mesem kecut. Rumangsa dak sepelekke. Nanging banjur mbalik mangerteni kahanan. Ing babagan ngene iki, nurute karo aku ora bisa diselak.

“Mengko sore ketemu ana kafe piye?” Lek Wiro nggawe kaget aku.

“Wah, pawang milenial, ngimpi kafe barang!” godhaku. Lek Wiro cengengesan. Aku banjur crita apike wong loro sing dadi pawang mau ora perlu grejegan.

Sing dak jaluk malah isa nyawiji kareben kuwat. Babagan tukon rokok, yen luwih gedhe bisa diedum bareng-bareng. Nanging loro-lorone ing petungan ekonomi kulawarga wis kepetung kuwat. Wis padha nduwe mobil, anake ya wis mlebu universitas barang.

“Mengko bakal ana pawang sing diusung saka njaba kutha… yen…”

“Yen sampeyan ora bisa nyingkirke mendhung!” guyonku. Rada njenggirat anggone mangsuli. Raine tambah abang merga isa uga kelangan gaweyan.

Advertisement

Wong loro sing kepetung pawang mau kasil dak temokake ana sawijining kafe. Akeh nom-noman pating sliwer sajak ya lagi keluwen. Sop daging lan sop iga katon meh entek. Aku gage-gage dipesenke sop buntut karemaku.

Dumadakan, ora kenyana ana sawjining wong lanang gondrong melu mblebu. Jenengku diceluk. Aku ngadeg. Dak kenalke pawang loro mau karo wong gondrong sing lagi teka. Sanadyan dheweke lan sisihane gage pamitan mlipir golek panggon paling pojok. Meja nomer pitulas.

“Sapa kuwi Mas,” pawang udan Yanto Glimpang mbisiki.

“Kuwi ya dukun, eh! pawang!” semaurku. Yanto karo Lek Wira mesam-mesem. Kahanan dadi regeng.

Aku, gunggung wong telu ngethuprus nylametane jasane pawang udan. Aku kelingan nalika lelorone mbiyen nglakoni laku pasa supaya tambah peng-pengan dongane. Jam terbange sing padha kepetung luwih ping seket, aja nganti jungkruk ora payu merga kalah karo amukan udan.

Mula, wong loro banjur kaya-kaya gawe kesepakatan piye supaya udan ana ing dina sing ditemtokake ora kedadeyan. Wiro Bengah milih ngusir menyang sisih wetan – dene Kang Yanto Glimpang nyingkirke mendhung menyang sisih kulon.

“Mas, pawang kenalanmu mau apa ya dienggo uwong pas dina apik kuwi?” rasa kuwatire Wiro Bengah kesuntak. Aku tratapan. Atiku gojag-gajeg, apa pantes yen kudu takon marang pawang nyentrik siji iki?! Nanging, supaya kabeh-kebehe rukun, ngurmati tenanan–sajake aku kudu takon.

Advertisement

Glimpang melu mbisiki: “Iya Mas, takona, tulung. Saya ngerti dina apik kuwi dheweke malah dijaluki tulung penggede?!” anggone ngoyak ndadekake aku kudu njranthal.

“Kupingku kok ora krungu yen ana penggedhe sing arep mantu, sapa?”

“Lho, nyingkirke udan lak ora merga mantu thok ta Mas… sapa ngerti ana peresmian gedhung apa hotel?” njenggirat kaget aku disamber Lek Wiro Bengah.

Mbuh merga wesi sembrani apa, sikilku banjur kudu nyedhaki pawang udan sing sumringah ana pojokan. Tekan panggonan, saka adoh kesawang Lek Wiro Bengah lan KangYanto Glimpang manggut-manggut aweh kinurmatan.

Aku entuk wangsulan yen pawang gondrong mau pancen lagi nduwe gawe dhewe. Nyunatake anake! Apa panjenengane uga arep nggunakake jasa pawang udan?! Mesthine ora — wong wis kampiun ing babagan nulak udan. Nanging yen udane teka? Pitakon mau nggantung mantheng klewat kenceng. Ngameng-ameng.

“Ora perlu kuwatir Mas, dina kuwi langit bakal padhang merga telung ndina sakdurunge wis kesel nyuntak udan. Sanepane metu. Aku mesem. Kok ngungkuli ahli sawijining badan duweke pamarentah wae, pikirku. Nanging aku yakin. Yakin. Gage-gage pawang udan kancaku sing nunggu ana lungguhan ana kursi tengah kafe kae – dak kandhani sisan. Kareben ora bakal ana grejegan lan adu tetandhingan.

Mulih saka kafe, aku banjur mbayangke simbokku sing nonton sinetron tivi ana ing ngomah. Kareben tutug anggone nonton – kok ndadak nulak udan nganggo sapu gerang barang. Komplet sundukan brambang, bawang lan lombok abang. Apa aku perlu alok?! Aku enggal kepengin bali ngomah.

Advertisement

Aku banjur nduweni karep, suk emben; pas tanggal akeh wong ewuh lan para pawang padha aweh tetulung kareben ora udan – sapu gerange simbok arep dak dhelikake. Wedi nek kalah banjur semplah. Simbok kudu ngorbanake kekarepane.

Aku kangen udan gembrojog banter saka talang. Jam telu sore yen wektune teka, aku arep pasang geger pegelku ana grojogan mau. Tentrem tenan rasane. Rasa pegel geger bakal amblas. Apa maneh tivi ana ruwang tamu ngganther ora mati, simbok isa nyawang sinetron seri sing digandrungi.

Ing adoh kana wis kewaca, langit sing terang njingglang wis gawe seneng sing padha duwe gawe. Apa maneh para pawang sing kasil nduduhake keluwihane.

Semarang, 2022

Budi Wahyono, lair ing kutha Wonogiri. Cerkake kasebar ana ing sawetara media massa lan pirang-pirang antologi. Saiki manggon ana pinggiran Kutha Semarang 50195.

Advertisement
Kata Kunci : Dongeng Cerkak Pawang Hujan
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif