SOLOPOS.COM - Kawasan Taman Nasional Bromo Tengger Semeru di Jawa Timur. (ANTARA/Vicki Febrianto)

Solopos.com, SOLO — Jenenge wong urip neng donya mesti ana wae bab sing dianggep kurang, kadhang kala ora krasa aku sok nangis dhewe, e.. yatalah temen uripku iki, bandha donya ya mung sethithik, nyambut gawe mung serabutan sakecekele, tujune wae aku diparingi awak waras gagah prakosa kaya binaragawan kondhang Ade Rai.

Kadhang kala dadi buruh bangunan lan nyambut gawe neng nggone Kaji Jupri juragan wesi gawe begel,cakar ayam, kolom wesi lan liya-liyane. Nanging sanajan mung udhu bahu paribasane aku rumangsa bombong dadi sukarelawan ing PMI mbantu tetulung yen pinuju ana bencana alam kayata banjir, lindhu utawa gunung mbledhos.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Wis meh telung taun anggonku omah-omah nanging nganti seprene kok ya durung diparingi momongan. Mula rasane ati ya nggrantes banget, nanging aku pracaya marang Gusti Allah swt, mbuh siji apa loro mesti mengko aku diparingi momongan.

“Wis siyap Dhik, ayo ndang mangkat priksa menyang dhokter spesialis kandungan,” ujarku marang Lastri, bojoku sing banget daktresnani.

Dhek wingi aku wis ketemu karo dr. Diah Sp.Og nalika neng kantor PMI Solo malah dr. Diah akon aku enggal-enggal priksa yen omah-omah punjul setaun kok durung diparingi momongan.

“Pokoke rasah kuwatir bayaran, karo kanca dhewe relawan PMI gratis… tis,” ngono ngendikane dr. Diah karo ngguyu.

Dhokter siji iki pancen elok tenan. Saliyane ayu, pinter, sugih nanging uga duwe sipat loma lan seneng tetulung marang liyan. Mula dheweke ya gabung aneng PMI nyumbang tenaga, pikiran lan bandha donya sing akeh banget. Sing kakung dhokter spesialis kulit kondhang, mula bandhane ora bisa asat sanajan sedina dikuras ping pitulikur, ngono paribasane.

Sawise dipriksa bola-bali lan mlebu-metu laboratorium kang kabeh ragate dibantu dhokter Diah, penjenengane mesem weruh asile saka laboratorium mau.

“Mas Mardi sekaliyan nuwun sewu ya sajake ora bisa oleh momongan kanthi sarana normal, mula kudu melu program bayi tabung,” ngono ngendikane karo nyawang aku lan bojoku.

Krungu ngendikane dhokter Diah mau atiku kaya wong bingung lan linglung, gek ragat saka ngendi? Batinku kaya diiris welat.

“Mas Mardi sekaliyan ora perlu bingung bab ragat, kabeh bakal ditanggung saka rumah sakit. Sing baku penjenengan sekaliyan kudu njaga kasarasan, mumpung isih enom. Pangajab supaya kabeh bisa gangsar kuwi gedhe banget, pokoke rina wengi nyuwun tulung marang Gusti Allah swt muga-muga enggal diparingi momongan.”

Mula nalika dhokter Diah mbangun omah anyar aku sabisaku, ya mbantu tenaga wae.

“Bu dhokter mangke sedaya pendamelan wesi lan beton kula ingkang ndamel,” ngono aturku.

Bu dhokter ya mung mesem wae krungu tembungku. Wiwit dina iku aku kerja gawe cakar ayam, wesi kolom, wesi sloof lan liyane kanggo bangunan omah tingkat loro kagungane Bu dhokter. Sakploke melu program bayi tabung saka rumah sakit sing ditangani dhewe dening dhokter Diah, bojoku kudu leren total neng omah.

Rina lan wengi anggonku nyenyuwun marang Gusti Allah swt prasasat ora tau mandheg, uga nyenyuwun muga-muga ora ana bencana alam kareben aku bisa nunggoni bojoku.

Ndilalah kersane Allah program bayi tabung sing daklakoni bisa asil apik banget. Bojoku wis nggarbini ngancik pitung sasi, wetenge gedhe banget. Bu dhokter pancen ora ngendika apa-apa.

“Ibu lan bayine sehat kabeh,” ngono semaure yen daktakoni, karo maringi vitamin lan obat-obatan.

Sadurunge pancen ora ana tandha yen arep ana bencana alam kang gedhe, ngerti- ngerti mak blug..Gunung Semeru ing Jawa Timur mbledhos. Akeh kurban jiwa sing kudu ditulung. Aku klebu tim sing kudu mangkat menyang kutha Lumajang Jawa Timur.

Rombongan bantuan saka PMI Solo ana wong sepuluh lan bantuan pangan meh telung trek. Sakdalan-dalan aku mung ndremimil ndonga nyuwun keselametanku sakrombongan lan uga nyuwun selamet kulawarga sing dak tinggal neng omah.

Dhuh… kaya ngene nggegirisine gunung yen lagi mbledhos, kurban jiwa, lara lan bangunan sing rusak prasasat ora kepetung akehe. Aku ditugaske neng desa-desa ing kecamatan Pronojiwo. Esuk wis mangkat nganti tengah wengi lagi tekan posko kanggo leren.

Rasane awak kesel wis bisa ilang yen bisa mbantu tetulung kaya ngene iki. Sepuluh dina ora krasa nganti aku kudu bali mulih sak perlu diganti tim anyar sing isih seger. Lagi tekan ngarep kantor markas PMI konco-konco padha ngrubung lan nyalami aku.

“Selamat Mas Mardi atas kelahiran putra-putri yang ganteng dan cantik,” ngono kandhane konco-konco karo nggeret aku mlebu menyang ruwangane dhokter Diah.

Weruh tekaku, dhokter Diah banjur ngadeg karo nyalami aku.

“Selamet ya Mas Mardi, njenengan diparingi putra kembar cacah telu, lanang loro wedok siji.”

“Aku diparingi anak kembar telu?” aku dadi kaya wong bingung antarane bungah lan gumun.

Sasuwene iki Bu dhokter Diah ora nate crita apa-apa bab bayi tabung, aku mung diakon donga nyenyuwun welase Gusti Allah SWT, bayi lan ibu selamet kabeh.

Aku diterake Bu dhokter Diah menyang rumah sakit gedhe ing tlatah Solo Baru.

Daksawang lan dakrangkul bojoku kanthi rasa tresna kang gedhene sakgunung, “Mas,.. Awake dhewe diparingi anak kembar telu,” swarane bojoku karo mbrebes mripate tandha seneng banget nampa kanugrahaning Gusti Allah swt.

Bu dhokter Diah ya seneng lan bungah atine, program bayi tabung sing ditangani nuwuhake asil kang luar biyasa sukses.

“Mas Mardi ora perlu bingung bab ragat, wis akeh perusahaan sing arep mbantu bayi-bayi kembar iki,” ngendikane dhokter Diah karo mesem.

“Wis ndang diwenehi jeneng bayi-bayi iki ben gampang anggone ngopeni,” ngendikane dhokter Diah karo njaluk pamit.

Bayi-bayiku cacah telu daksawang gonta-ganti, ora ngira babar pisan Gusti Allah swt ngabulake dongaku malah kepara akeh. Sakwise rembugan karo bojoku, bayi-bayi lanang cacah loro mau arep dakwenehi jeneng Bambang Semeru lan Joko Pronojiwo, dene bayi wadon sing ayu menik-menik mau daksumanggakake marang dhokter Diah sing arep menehi jeneng.

Dina esuke nalika bayi-bayiku wis disibin resik, dhokter Diah rawuh sakperlu mriksa bab kasarasane, “Mas Mardi putra-putrine wis diparingi jeneng?”



“Sampun Bu dhokter, kantun ingkang pawestri ingkang dereng, sumangga Bu dhokter ingkang maringi asma.”

“Loh lha kok aku iki larah-larahe piye?” pitakone Bu dhokter karo nyawang siji mbaka siji bayi-bayi asil saka proses bayi tabung mau.

“Kabeh bayimu sehat nanging sawetara dina kudu diopeni neng rumah sakit dhisik. Bayi tabung iki mbutuhake pangrumatan sing teliti lan ngati-ati mula sakjroning telung sasi kudu dak awasi dhewe. Lha terus bayi-bayi sing lanang jenenge sapa wae?”

“Ingkang setunggal punika Bambang Semeru, gagah lan rosa kados gunung Semeru ingkang nembe mbledhos, lajeng setunggalipun Joko Pronojiwo, mbenjingipun dados tiyang ingkang jiwanipun luhur.”

“Hla sing ayu menik-menik iki jenenge sapa?” pitakone dr. Diah karo nyawang aku lan bojoku.

“Sumangga Bu dhokter ingkang paring asma,” semaurku cekak.

Dak sawang dhokter Diah rada bingung.

“Wah apa ya, iki mengku teges prastawa Gunung Semeru sing lagi mbledhos lan perjuwangane para relawan kabeh. Ya wis ngene wae, yen sampeyan sekaliyan setuju, bayi sing ayu iki dak jenengke Dewi Lumajang,” ngendikane Bu dhokter manteb banget.

“Inggih-inggih Bu dhokter, kula cocog menika sae sanget.”



“Ngene ya, yen bisa minggu ngarep putra-putrimu diakekohi, mengko sore Pak gubernur sekaliyan arep rawuh menehi dhuwit kanggo tuku wedhus cacah lima.”

Krungu ngendikane Bu dhokter mau aku tambah kaget.

 

Sukoharjo, 14 Februari 2022

Aslijah
Pensiunan guru Taman Kanak-kanak. Dedunung ing Madegondo, Grogol, Sukoharjo.





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya