Jagad-jawa
Rabu, 29 Juni 2022 - 21:00 WIB

Cerkak Ana Pocongan

Imamah Fikriyati Azizah  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Foto Viral Pocong Jaga Kampung. (Twitter)

Solopos.com, SOLO — Bocah-bocah padha njranthal saka sarean. Bengak-bengok, tulang-tulung, mlayu banter menyang omahe Mbak Kanthi.

“Pocooongaaan!!!”

Advertisement

Mbak Kanthi kang lagi maca buku ing jero kamar, krungu bengokane bocah-bocah. Mbak Kanthi banjur metu omah, marani bocah-bocah.

“He, kowe ki dha ngapa?”

“Pocongan, Mbak!” Santi nyauri, ambegane krenggosan.

“Eneng pocongan neng sarean, Mbak,” Bayu nambahi.

“He? Kene lungguh kene dhisik. Ambegane ditata dhisik,” Mbak Kanthi ngakon bocah-bocah supaya lerem dhisik.

Santi, Sinta, Bayu, lan Yoga banjur slonjoran. Raine padha abang ireng merga kesel tur keweden. Mbak Kanthi banjur jupukake wedang putih kanggo bocah-bocah.

Wektu kuwi prei unggah-unggahan sekolah. Bocah-bocah padha playon bubar ngisak. Ati bungah nalika prei sekolah. Dolan sakkesele, ora didukani bapak utawa ibu. Penting tetep kudu eling mangan, adus, lan ngibadah.

Advertisement

Wengi kuwi bocah-bocah mutuske dolanan dhelikan. Panggonan ndhelik diwatesi supaya sing dadi ora kadohan nggoleki. Nek wetan, watese omahe Sinta lan Santi. Nek lor, watese mejid. Nèk kulon, watese omahe Mbak Kanthi. Nek kidul, watese sarean.

Omahe Mbak Kanthi cerak karo sarean. Nalika wayah padhang, bocah-bocah kerep dolan ing omahe Mbak Kanthi. Kala-kala malah dolan menyang sarean.

Akeh ibu-ibu kang golek gogrokan kembang semboja kanggo didol. Kembang semboja dipepe nganti garing dhisik, banjur didol menyang pengepul. Kembang semboja isa diolah dadi obat nyamuk, lenga wangi, lan liya-liyane.

Swasana wengi karo awan ing sarean pancen beda. Wengi kuwi eneng kedadeyan ora nalar. Bocah-bocah padha keweden amarga pocongan ing sarean. Omahe Mbak Kanthi kang paling cerak banjur dadi jujugan golek pitulungan.

Mbak Kanthi ngecurke wedang putih, “Diombe sik gek crita.”

Glegek glegek… sing ngombe sajak ngelake tenanan. Lupute kesel sing mlayu, ya saking wedine kuwi mau.

“Alon-alon wae, ora usah kesusu,” akone Mbak Kanthi, “wis gek crita saiki, sakjane ki eneng apa, ta?”

Advertisement

Sinta, kembarane Santi, banjur crita.

“Ki mau critane awake dhewe dhelikan, Mbak. Lintang sing dadi. Aku, Santi, Bayu, lan Yoga kangsen ndhelik ing sarean. Karebe ben ra gampang kecandhak,” Sinta mandheg sedhela, unjal ambegan.

“Sik sik sik. Iki kok gur cah papat. Lintang neng ngendi?” Mbak Kanthi masthekaké. Bocah-bocah padha celingkukan goleki Lintang.

Wengi kuwi ana bocah lima kang padha dolanan dhelikan. Lintang kalah hompimpah, mulane dadi sing jaga. Lintang ngitung nganti rong puluh, bocah-bocah wis padha ilang. Lintang dhewekan celingukan. Ngetan-ngulon ora ana bocah siji-sijia. Lintang banjur ngalor, meksa ora ana. Arep mlaku ngidul gojag-gajeg merga cerak karo sarean.

“Lo, aja-aja Lintang malah goleki neng sarean, Cah!” Bayu ngira-ira, “Wadhuh, mesakke, Cah! Nek weruh pocongane banjur semaput gek piye?”

“Ora-orane. Bocah kae ki jirih. Ora mungkin bakal wani nyerak sarean,” Santi mangsuli.

Ora suwe, sing dirasani njedhul ing ngarep regol omahe Mbak Kanthi. Nyawang kancane padha lungguh ing omahe Mbak Kanthi, atiné Lintang dadi anyel.

Advertisement

“Tiwas dak goleki tekan ngendi-ngendi, jebul malah dha wedangan neng kene. Dha karep dhelikan apa ora jane ki?” Lintang sajak nesu tenan karo kanca-kancane.

“Renea dhisik, dak critani,” Yoga nyauri.

“Gah, aku arep mulih!” atine mangkel tenan.

“Tenan renea. Iki mau bar ana kedadeyan horor. Mulane padha nglumpuk neng kene. Tenan, renea, Tang. Aku ora ngapusi,” Bayu nambahi, mbujuk Lintang supaya gelem mlebu.

Dheweke jane kepeksa mlebu. Atine isih anyel, raine mbesengut. Nanging, krungu babagan horor, Lintang dadi penasaran.

“Rene, Tang,” Santi melu akon.

“Iki mau aku, Bayu, Sinta, lan Santi padha ndhelik neng sarean, Tang. Ndilalah malah weruh pocongan. Ya wis, langsung mlayu rene sing paling cerak karo sarean,” Yoga mbanjurake omongan, njlentrehake kahanan.

Advertisement

“He, pocongan?” Lintang dadi karep nimbrung, lali karo getune.

“Jane ki ndhelike gur neng suwalike lawang sarean. Ora nganti mlebu njero, Mbak. Aku njut mengo nyawang bandhosa. La kok eneng putih-putih neng cerake. Mane ki dak kira tembok kesorot lampu ndalan. La kok jebul pocongan!” Sinta nerusake critane, raine katon pucet.

“Mbak Sinta ujug-ujug mbengok ‘pocong’ neng cerak kupingku. Ya aku kaget. Aku langsung nggeret Bayu lan Yoga. Banjur njranthal merga keweden,” Santi nambahi.

“Sakjane sing weruh ki gur Sinta?” Santi manthuk.

“Bayu lan Yoga ora weruh wujude?” Bayu lan Yoga gèdhèg, uga ora weruh.

“Ora weruh kok ndadak mlayu, melu mbengok ‘pocongan pocongan’ barang?” Mbak Kanthi ndhedhes bocah-bocah.

“Ha wong digeret Santi dijak mlayu, Mbak. Gek Sinta seru banget sing mbengok. Ya kene mikire sapa ngerti nek weruh tenan,” Yoga mangsuli.

Advertisement

“Aku weruh tenan, ya!” Sinta rumangsa ora dipercaya.

Bayu kang mlayune banter dhewe jur glegak-glegek sing ngombe. Lintang mung nggatekke sing padha jagongan.

“Jenenge wae sarean, ya lumrah nek eneng pocongane. Wong Islam nek mati kan dipocong,” Mbak Kanthi nuturi.

“Nanging aku ki weruh pocongane ngadeg neng cerak bandhosa, Mbak! Ora kok saka kuburane, gek ujug-ujug nyigar njut aku weruh mayit,” Sinta rumangsa sansaya ora dipercaya.

“Sing urip ing donya iki ora gur awake dhewe. Eneng kewan, uwit, badan alus, lan sapiturute. Wujude badan alus ki rena-rena. Eneng sing wis tahu weruh, eneng sing ra isa weruh,” Mbak Kanthi mbanjurake tuturane.

“Nanging…” Sinta isih ora trima, banjur gage dipenggak Mbak Kanthi.

“Nek Sinta isa weruh, kuwi bejane Sinta. Ora kabeh uwong isah weruh.”

Advertisement

“Apes, Mbak! Dudu beja,” Sinta nyauri, raine kecut. Kanca-kancane malah padha ngguyu.

Swasanane wis mulai cair. Ananging, Sinta isih keweden, tangane nganti ngewel.

“Kaya dene menungsa sing butuh kekuwatan dinggo ngilang, badan alus uga butuh kekuwatan dinggo ngetokake wujude. Kayata tawon nek ngentup kae, bar kuwi malah mati,” Mbak Kanthi nerangake meneh. Bocah-bocah nggatekake.

“Nanging medeni, Mbak. Aku isih wedi,” Sinta mangsuli.

“Ya lumrah, Ndhuk. Menungsa pancen diparingi rasa wedi karo Gusti,” Mbak Kanthi ngayem-ayem Sinta. Santi ngelus-elus pundhake kembarane.

“Tenang wae, Sin. Ana aku!” tembunge Bayu sajak dadi pahlawan kesiangan. Kamangka Bayu sing paling njranthal dhisik dhewe.

“Tenane, Yu?” Yoga nyenggol Bayu. Kabeh padha ngguyu. Sing diguyu kisinan, raine abang.

“Wis wis, bakune, awake dhewe ora pareng ngganggu makhluk liyane. Ing alam donya iki ora gur awake dhewe sing diparingi urip. Wedi ki lumrah. Ananging, tetep kudu eling yen kabeh kuwi nduwe panggone dhewe-dhewe ing donya iki,” tuture Mbak Kanthi.

“Dirungokke, Ga!” Bayu komentar meneh. Tangane njawil Yoga.

“Sing dadi masalah kuwi yen jane ra weruh, nanging ada-ada nek weruh. Kabeh uwong dikandhani. Nyebarke kabar sing durung mesthi benere. Iki ora gur babagan badan alus, ya. Ananging samubarang. Isa-isa ndadekake gosip, berita hoaks, ujaran kebencian, buntute dadi fitnah. Kaya ngono kuwi sing marai memecah belah persatuan. Kuwi ora pareng, ya, Yu,” Bayu mesam-mesem, kabeh padha ngguyu, “Ora gur Bayu tok. Kabeh barang. Mbak Kanthi ya padha,” Mbak Kanthi mbanjurake tembung.

Bocah-bocah banjur mulih. Sinta isih wedi, tangane digandheng Santi. Bayu lan Yoga cengengesan turut ndalan. Lintang wis ora getun, ananging dadi ketularan wedine Sinta.

Dina sakuwise, bocah-bocah tetep dolanan bubar ngisak. Ora preduli meneh karo memedi. Bener omongane Mbak Kanthi, sing penting awake dhewe ora ngganggoni. Ora gur ngganggu badan alus, ananging uga ora ngganggu kewan, uwit, lan manungsa liyane.

Klaten, 10 April 2022

Imamah Fikriyati Azizah
Pengelola Rumah Baca Pustaka Lebah ing Ngawonggo, Klaten.

Advertisement
Kata Kunci : Pocong Cerkak
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif