SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Tri Handayani SPd MM, Guru Kesenian SMPN 2 Jaten, Karanganyar

Saya lunturing rasa tresna mring seni budaya tradisional, didakwa njalari siswa jroning sakehing tataran pawiyatan kelangan budi pakarti. Asil panalitene para nimpuna pendhidhikan iki, kajaba diamini para winasis, uga jumbuh mring pamawase para pangabdi seni budaya.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kasunyatanyatane pancen banget mrihatinake. Laju santering teknologi komunikasi jroning era globalisasi iki, saya nyepetake lan gampangake seni budaya manca diakses masarakat kita, klebu para siswa sakehing tataran pawiyatan ing papan panggonan ngendi wae.

Amarga dianggep luwih modheren lan menjila, para siswa kang jiwa lan rasa batine isih gonjang-ganjang, luwih kasengsem banjur milih seni budaya manca. Seni budaya tradhisionale dhewe kang sinebut-sebut kuna lan wis ketinggal sepur, saya dilalekake lan diklemprakke.

Luwih nguwatirake maneh, warisaning leluhur bangsa kita kang banget adi luhung mau, satemene uga saya ora antuk kawigaten kang murwat, utamane saka instansi lan institusi kang ndarbeki kawenangan, kadhapuk nguri-nguri murih tetep ngrembaka lan lestarining seni budaya tradhisional.

Tan aneh lan mokal, karya cipta seni budaya tradhisional kang satemene minangka sumbering spirit spiritual, kedunging ilmu kasampurnan uriping manungsa lan gudhanging patuladhan budi pakarti, saya ilang saka jati dhirining anak dhidhik kita.

Ora ateges nututi layangan kang wis pedhot taline. Ilanging budi pakarti siswa kang mrihatinake lan banget nguwatirake iki, sanajan ora kaya paribasan Suwe mijet wohing ranti, satemene isih bisa diupaya lan diusadani murih baline budi pakarti mring jati dhirine generasi mudha kita.

Salah sijine upaya lan pangrekadaya iku, nglebokake seni budaya tradhisional jroning kurikulum pendhidhikan. Ancas tujuwan utamane, kajaba kanggo ngrembakakake rasa tresna mring seni budaya tradhisionale dhewe, uga minangka sarana nyepetake baline budi pakarti mring jati dhirine siswa.

Kenapa milih nglebokake seni budaya tradhisional jroning kurikulum? Liding dongenge, tumeka saiki isih akeh seni budaya tradisional, gudhanging patuladan budi pakarti kang durung mlebu kurikulum. Jroning kurikulum sakehing tataran pawiyatan, luwih nggatekake lan dikebaki seni budaya kang asipat nasional.

Kapetung wiwit tahun 2010, kasenian pancen wis mlebu kurikulum lan dadi salah sawijine wulangan ing sekolahan. Emane, tumeka satengahe tahun ajaran 2012 iki, seni budaya tradhisional malah kurang antuk kawigaten kang murwat jroning jagading pamulangan.

Upaya lan pangrekadaya mbalekake ilanging budi pakarti siswa iki, pancen ora gampang  kaya dene mbalikke dlamakan tangan. Kajaba mbutuhake katrampilan lan angular budine guru kasenian, uga kudu ngowahi kurikulum kang wis ana lan wis suwe dadi pakem jagading pamulangan.

Sanajan mangkono, ora ateges tan bisa dilakoni. Angele kaya ngapa, anggere diniyati lan diyakini bakal kasil lan didhasari golong-gilig pamawas panemune sakeh pehak kang kawogan, mesti kasembadan kang dijangka lan kelakon kang sinedya.

Nagara Amerika Serikat wae kasil nuwuhake lan ngrembakakake tresnane generasi mudha mring seni budaya tradhisional Jawa, lumantar gamelan lan beksan Jawa jroning kurikulum pendhidhikan, geneya kita kang darbeki karya cipta kang adi luhung iki ora bisa?

Nut katrangane Direktur Gamelan Sumunar Indonesia Music and Dance, Joko Sutrisno, pamulangan resmi Indonesia mligine ing tlatah Pulau Jawa, kalah dhisik nglebokake seni budaya tradhisionale dhewe mring kurikulum sakehing tataran pamulangan.

Ing Negara Amerika Serikat, kapetung meh sepuluh tahun kepungkur, gamelan lan beksan Jawa wis dadi wulangan wajib sakehing siswa, wiwit TK tumeka mahasiswa ing pawiyatan agung, wajib nampa wulangan gamelan lan beksan tradhisional Jawa.

Asile, seni budaya tradhisional kang karipta seniman-seniwati Indonesia iku mau, cepet banget ngrumbakane ing Amerika Serikat. Kacathet, tumeka wektu iki wis ana selawe ewu luwih wong kang bisa nggamel lan mbeksa. Kajaba iku, kacathet uga wis ana rong puluh pangkon gamelan komplit.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya