SOLOPOS.COM - Gondo Puspito nuduhake pusaka kang wus dijamas, Kemis (4/8/2022). (Ronaa Nisa’us Sholikhah)

Solopos.com, PONOROGO — Wong kang duwe pusaka umume wus mudeng wigatine njamas pusaka. Apamaneh manawa ngepasake wektune ing Sasi Sura kang dipracaya kebak berkahing Gusti. Mula kuwi, akeh tukang jamas pusaka banjur kebak pesenan ing Sasi Sura.

Salah sijine yaiku tukang jamas pusaka ing Ponorogo, Gondo Puspito. Warga Kelurahan Paju, Kecamatan/Kabupaten Ponorogo, Jawa Timur, iku mratelakake sajroning Sasi Sura wus nama pesenan jamasan kurang luwih 200 wilah pusaka.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

“Manawa sasi-sasi liyane, ya paling banter [njamas] lima nganti 10 pusaka. Kosokbaline, manawa Sura bisa nganti atusan wilah [pusaka],” ujare Gondo nalika ditemoni Solopos.com ing daleme, Kemis (5/8/2022).

Tata cara njamas pusaka, jarene Gondo, bisa mangan wektu telung dina nganti limang dina gumantung abot-entenge teyeng ing wilah. Saliyane kuwi, ana tata cara liya sing ora mung awates ngumbah utawa ngresiki pusaka. Ada donga-donga mligi kang disuwun kanggo ngresiki njeron pusaka.

Gondo njlentrehake tata cara njamas pusaka iku diwiwiti kanthi cara nyopot wilah saka wadahe. Sabanjure dikum banyu kang wus dicampur kembang telon. Kembang telon kuwi dadi simbol ruh, jiwa, lan badan. Saliyane iku, nuduhake anane telung materi yaiku wesi, waja, lan pamor jroning wilah.

Sawuse dikum banyu kembang telon, pusaka banjur dikum maneh nanging nganggo fermentasi banyu degan. Tujuwane kanggo nglorot teyeng-teyeng sing maune nemplek ing pusaka kuwi.

“Umume banyu fermentasi kuwi nganggo campuran banyu degan lan jeruk nipis utawa woh pace,” ujare.

Miturut Gondo, anggone ngekum pusaka kuwi bisa mangan wektu sedina wutuh nganti telung dina, gumantung teyenge. Sawuse iku banjur diputihke nganggo Arsenic Trioxide 99% /As2O3. Mula kuwi, pamor utawa motif ing pusaka iku bakal cemlorot maneh.

Sawuse pamore metu, pusaka banjur diborehi lenga. Gondo ngarani opahe njamas pusaka gumantung gedhe-cilike pusaka lan panjaluke sing duwe pusaka. Nanging rata-rata opahe sakgarapan njamas pusaka Rp30.000 nganti luwih saka Rp100.000.

“Opahe beda-beda, nanging aku ya ora saklek. Ana sing sak pusaka wae [bayarane] nganti atusan ewu,” piterange.

Gondo wus suwe nggiluti katrampilan dadi tukang jamas pusaka, udakara wus 22 taun. Ora mung awates njamas pusaka, Gondo uga dadi pewarang lan meranggi (tukang gawe warangka pusaka).

Mula kuwi, Gondo ngrumangsani kudu bisa njamas pusaka. Tujuwane supaya pusaka bisa resik njaba njerone. “Sadurunge lan sawuse digawekake warangka, pusaka iku kudu dijamas,”ujare Gondo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya