SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Saben dina Jemuwah, mligine ing Kutha Solo, para pegawe pamarentah padha nyandhang busana bathik. Semono uga para pegawe swasta lan para siswa sarta guru ing papan pawiyatan. Dene ing dina liyane, ya akeh banget warga kang nyandhang busana bathik. Ora amung nalika njagong manten, nanging kanggo busana padinan.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Pancen, nalika nyandhang busana bathik, ora tuwa ora mudha, ora lanang ora wadon, dadi katon mriyayi. Kari pilihan cakrike wae sing ditrepake karo werna kulite, dedege, lan miturut kekaremane. Busana bathik sing disandhang iku uga maneka warna modhele. Ana sing lengen dawa, lengen cendhek lan uga ana sing direkadaya dadi luwih gaul. Apa maneh nalika pengetan Hari Batik kang ajeg dipengeti saben tanggal 2 Oktober, akeh banget adicara kang digelar kanggo ngregengake Hari Batik iki. Wong-wong banjur kaya dene melu lomba nyandhang busana bathik lan apik-apikan cakrik.

Bab cakrik bathik iki, miturut sejarawan saka UNS Solo, Sudarmono SU, ana sesambungane karo laku sujarah sarta kiprahe wanita kang melu ngrembakakake bathik. Miturut dhosen Ilmu Sejarah FSSR UNS iki, jaman mbiyen wanita kang krama karo among tani wegah diarani wong nganggur utawa amung kajibah momong anak thok. Para wanita tani iku uga butuh samben gaweyan. Kanthi ajar ngothak-athik bab apa wae wusanane banjur ketemu bathik.

“Saka othak-athik iku banjur ketemu cakrik bathik kang kapisan yaiku cakrik semen. Asale saka tembung semi kang ateges bebas. Bebas miwiti saka ngendi wae lan bebas ngrekadaya cakrik. Amung wae ana sesambungane karo simbul urip kang nglimputi anasir banyu, geni, angin lan lemah,” piterange Sudarmono.

Simbul-simbul urip iku sabanjure digambarake kanthi ornamen bathik. Simbul banyu kajabarake jroning gambar iwak-iwakan utawa sisik iwak tinumpukan. Simbul geni kawujudake jroning gambar gunung. Mula, ciri mligine cakrik semen mesthi ana gambar gununge. Dene simbul lemah bisa dijabarake liwat gambar kewan nggremet, upamane ula lan sapanunggalane. Manawa simbul angin iku kajabarake jroning gambar iber-iberan, kayata manuk garuda kanthi suwiwine sing jembar banget.

“Cakrik semen iki sajane arep digawe abang-putih. Dhasarane putih saka kain mori lan werna abang ditambahake ing cakrike. Nanging jaman semana during ana werna abang asli, nanging abang soga. Mula, bathike wernane abang soga kanthi dhasaran putih, nggambarake werna getihe manungsa lan tlutuh utawa getihe tetuwuhan. Saka iki wae wus cetha manawa bathik iku nggambarake selarasing urip,” pratelane.

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Sawuse kena pangaruh kain lurik, cakrik bathik banjur ngrembaka dadi cakrik jinis lereng. Jalaran kain lurik iku ora bisa diluk, dadi cakrike ngetutake ndjlujure garis. Mula, tuwuh cakrik bathik lerengan. Ing ngrembakane, antuk pangaruh geometris yaiku cakrik tenun dhaerah Timur. Saka kuwi cakrik bathik banjur ngrembaka maneh dadi parang rusak, wahyu tumurun, sidoluhur lan sapanunggalane.

“Cakrik parang-parangan iku metu saka pangaruh cakrik lereng kang dadi cakrik kekaremane karaton. Ana cakrik lereng sing paling digandrungi ratu yaiku kawung, sing wujude bunder-bunder kaya endhog lan padha ketemu banjur mbentuk gambar kaya lintang. Filosofi-ne kawung iki yaiku awang-uwung. Yaiku donya iki nalika digoleki anane amung awung-uwung utawa nul,” ujare.

Ngrembakane maneka warna jinis cakrik bathik iku, jarene Sudarmono, uga kena pangaruhe karaton. Upamane cakrik jinis semen sing maune bisa bebas direkadaya, nalika kena pangaruh priyayi karaton, kudu ana tambahan gambaran miniatur wangunan karaton. Manawa ngetutake petang anasir ing ndhuwur mau, sabanjure kari ditambahi gambar wangunan karaton.

“Rikala semana, cakrik bathik sing disandhang wong iku ora kena sembarangan. Lan cakrik bathik iku bisa kanggo nengeri status sosial-e. Upamane cakrik sidoluhur, sidomukti iku kanggo abdi dalem, priyayi karaton, lan cakrik bathik sing kanggo masarakat lumrah iku ya ana dhewe,” tambahe.

Jaman mbiyen cakrik bathik iku kaya-kaya wus ana standardidasi-ne dhewe. Upamane cakrik semen, parang klithik, parang rusak, iku sing kaya ngono kuwi. Dene jaman modheren iki, para seniman bathik luwih luwes lan bisa bebas ngrembakakake angulir budine kanggo ngrekadaya cakrik-cakrik anyar. Antarane cakrik siji lan sijine bisa dicampur lan pilihan wernane ya luwih nengsemake.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya